wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa PTS Semester 1

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Wacanen kang patitis!

Nuwun Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmartan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani, dinten menika kita mengeti Hari Ulang Tahun Kamardikan Republik Indonesia kaping 75. Kanthi pengetan menika mangga kita atur dedonga mugi negara ingkang kita tresnani tansah aman, makmur kertaraharja.

Mangga kita para muda generasi penerus bangsa, kita terusaken perjuangan pahlawan kanthi sregep sinau lan berprestasi wonten sedaya papan.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Pidato ing dhuwur kawedaraken ing acara ….

a)

Peringatan hari pendidikan nasional

b)

Peringatan hari Ulang Tahun Kamardikaan

c)

Perpisahan kelas VI

d)

Peringan hari pahlawan

2.

Apa pangajake wong sing pidhato ana ing wacan dhuwur?

a)

Para kanca ngurmati pahlawan

b)

Tansah sregep sinau

c)

Tansah dongakake bapak ibu guru

d)

Kudu nyuwun pangapura marang pahlawan

3.

Tahun 2020 iki pengetan HUT Republik Indonesia ingkang kaping . . .

a)

64

b)

68

c)

72

d)

75

4.

Kanthi sesuluh pidhato ing dhuwur, para warga sekolah atur dedonga mugi-mugi . . . kertaraharja.

a)

sekolahan

b)

negara

c)

Indonesia

d)

Para pahlawan

5.

Ing pambuka sesorah apike ngucap syukur marang . . .

a)

Bapak ibu guru

b)

Gusti Murbeng Dumadi

c)

Rencang-rencang

d)

Bapa ibu

6.

Dinten menika kita mengeti HUT Kamardikaan Republik Indonesia. Tembung mengeti kadadeyan saka tembung ….

a)

penget

b)

menget

c)

mengeti

d)

ngeti

7.

Pengetan HUT Republik Indonesia dianakake saben tanggal… saben taune.

(a)  

8.

Nuwun Bapak/ibu kepala sekolah ingkang kinurmatan, tamu undangan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin renang-rencang ingkang kula tresnani.


Perangan sesorah/pidhato ing dhuwur diarani . . . .

(a)  

9.

Adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Tembung tuwin tegese yaiku ….

(a)  

10.

Perjuangan para pahlawan ngrebut kamardikan kudu diterusake. Bocah sekolah carane nerusake yaiku . . .

(a)  

11.

Sapa wae kang rawuh ing pahargyan mengeti dina kamardikan iku?

4 lines
12.

Gawea ukara panutup sesorah!

4 lines
13.

Wacanen kang patitis!

Baratayuda wis mlaku pirang-pirang dina. Senapati kang gugur ing palagan wis ora bisa kaetung. Prabu Duryudana kepengin enggal-enggal mungkasi perang. Kanthi ati mantep, dheweke netepake Adipati Karna madeg senapati. Ing pamikirane, Adipati Karna iku sekti mandraguna lan duwe pusaka kang ngedap-edapi.

Sawise Adipati Karna madeg senapati Pandhawa dadi keteter. Prabu Bathara Kresna, penasehat perange Pandhawa, banjur ngatur siasat. Bathara Kresna banjur netepake Gatutkaca minangka senapati kanggo ngimbangi Adipati Karna. Gatutkaca gugur ketaman pusaka Wijayandanu. Kanggo gantine ditetepake Arjuna dadi senapti Pandhawa. Senapati loro iku padha sektine. Perange rame banget. Saking ramene perange satriya loro iku, para dewa lan widadari kacarita padha nonton saka kahyangan.


Pandhawa kateter amarga . . . .

a)

Adipati karna madeg senapati

b)

Perange wis pirang-pirang dina

c)

Sanjata pamungkase kalah

d)

Saking okehe wadya bala sing mati

14.

Prabu Duryudana kepengin enggal-enggal mungkasi perang. Perang kang kepengin dipungkasi yaiku perang . . .

a)

Ramayana

b)

Baratayuda

c)

Kamardikan

d)

Ing kayangan

15.

Adipati karta madeg senapati amarga . . .

a)

Rosa

b)

Jujur

c)

Sekti

d)

manut

16.

Sawise adipati karna madeg senapati Pandhawa dadi kateter. Penasehat perange banjur . . .

a)

Ngatur barisan

b)

Natapraja

c)

Nambah gaman

d)

Ngatur siasat

17.

Kanggo nandingi Adipati Karna banjur diangkat . . .

a)

Arjuna

b)

Gatutkaca

c)

Suyudana

d)

Duryudana

18.

Saking ramene perang para dewa nonton saka ing . . . .

a)

pinggir lapangan

b)

kadohan

c)

kahyangan

d)

emperan

19.

Senopati loro iku pada sektine, jenenge senopati iku yaiku … .

(a)  

20.

Gatutkaca gugur/mati ketaman pusaka . . .

(a)  

21.

Arjuna dadi senopati ngganteni ….

(a)  

22.

Adipati Karna ditetepake . . . dadi senopati

(a)  

23.

Apa sing kok ngerteni babagan perang Baratayuda?

4 lines
24.

Sebutna senjatane Karna!

4 lines
25.

S I N O M

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi,

amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi,

pintere den alingi,

bodhone didokok ngayun,

pamrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.  

Golekono guru gatra, guru lagu lan guru wilangane

4 lines