wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA BAB 1 DAN 2 KELAS XI

Total questions: 20

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

tembang ing ndhuwur guru lagune yaiku ....

a)

u, a, i, a

b)

u, i, a, a

c)

u, a, i, e

d)

u, a, o, a

2.

Tembang ing ndhuwur kalebu tembang macapat kang diserat ana ing Serat Wedhatama. sinten ingkang nganggit Serat Wedhatama ....

a)

Sri Sultan Hamengku Buwana IV

b)

Sri Mangkunegara IV

c)

Sri Pakubuwana IV

d)

Sri Hamengku Buwana V

3.

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Tembung kang dicetak miring tegese ....

a)

rekasa

b)

tumindak ala

c)

perkara

d)

sentosa

4.

Tembang macapat Pocung nduweni watak ....

a)

sengsem

b)

tresna asih

c)

sembrana

d)

prihatin

5.

Angkara gung Neng angga anggung gumulung

Gegolonganira

Triloka lekeri kongsi

Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

Ukara kang dicetak miring ing ndhuwur nduweni teges ...

a)

aja mihak marang wong kang tumindak ala

b)

angkara murka kang dumunung ing awake dhewe

c)

manungsa iku bakal urip ing telung alam

d)

yen tumindak ala ora dikendhaleni bakal nyilakani

6.

Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

Sakserik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Tembang ing ndhuwur guru wilangane yaiku ....

a)

12, 6, 8, 11

b)

12, 7, 8, 12

c)

12, 6, 8, 12

d)

12, 6, 9, 12

7.

Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

Sak-serik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Tembung ing ndhuwur sing dicetak miring ateges .... 

a)

dewa

b)

manungsa

c)

langit

d)

lintang

8.

Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen ketaman

Sakserik sameng dumadi

Tri legawa nalangsa srah ing Bathara.

Tembang ing dhuwur wos surasane yaiku ....

a)

angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake prakara

b)

golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supados bisa kasil

c)

wong kang iklas, sabar, lan nrima nalika duwe masalah tansah dipasrahake marang Gusti Pangeran

d)

wong kang wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar bakal ndadekake swasana dadi seneng

9.

Ngelmu iku Kalakone kanthi laku  

Lekase lawan kas 

Tegese kas nyantosani 

Setya budaya pangekese dur angkara.

Tembung kang dicetak miring ing dhuwur ateges ....

a)

tumindak

b)

usaha

c)

gawe santosa

d)

sing ngalahke

10.

Ngelmu iku Kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budaya pangekese dur angkara 

Tembung kang dicetak miring ing dhuwur ateges ....

a)

perkara

b)

gawe santosa

c)

tumindak ala

d)

usaha

11.

dhasare crita utawa gagasan umum saka sawijining novel diarani ....

a)

tema

b)

alur

c)

setting

d)

paraga

12.

Pengarang sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawng, ngrungokake lan ngerti diarani sudut pandang ....

a)

wong kapisan

b)

wong katelu

c)

impersonal

d)

wong kalima

13.

Sri Endah Wahyuningsih ora tau lunga ubyang-ubyung yen ora perlu banget. dadi akeh ana ngomah, awit ngelingi bapake wis sepuh. bature loro lanang wadon, yaiku Pak Yoto lan Mbok Yoto. Ketambahan meneh wis ana sewulan iki bapake tansah gerahen wae, kaworan watuke kumat.

Pethikan novel ing ndhuwur nduweni nilai ....

a)

nilai etik

b)

nilai sosial

c)

nilai heroik

d)

nilai kultural

14.

Novel Kumandanging Katresnan kagolong jinis novel ....

a)

detektif

b)

misteri

c)

roman

d)

kriminal

15.

Novel Kumandanging Katresnan anggitane ....

a)

Sapardi Djoko Damono

b)

Any Asmara

c)

Anjar Ani

d)

Basoeki Rachmat

16.

R. S. Ranuasmara piyayine wis rada sepuh, bangsane umur 50 taun. Rambute wis katon putih kaya kapas. salirane katon pengkuh gagah.

Pethikan novel ing ndhuwur ngemu gaya bahasa/majas ....

a)

Metafora

b)

Personifikasi

c)

Hiperbola

d)

Simile

17.

Sri Endah Wahyuningsih saya sedhih atine saben dina tansah lungguh ing sandhinge wong tuwane, gagasane ngambra-ambra banget, sedhih susah, trenyuh, campur dadi siji. njut kelingan ibune, sing wis ora ana, atine mundhak karanta-ranta nganti luhe carocosan metu, nibani pipine kang alus kaya salju, nganti kacune sutra teles kaya dikum banyu.

Pethikan novel ing ndhuwur ngemu setting swasana ....

a)

sedhih

b)

susah

c)

trenyuh

d)

seneng

18.

Sri Endah Wahyuningsih saya sedhih atine saben dina tansah lungguh ing sandhinge wong tuwane, gagasane ngambra-ambra banget, sedhih susah, trenyuh, campur dadi siji. njut kelingan ibune, sing wis ora ana, atine mundhak karanta-ranta nganti luhe carocosan metu, nibani pipine kang alus kaya salju, nganti kacune sutra teles kaya dikum banyu.

Ukara kang digaris lan dicetak miring ngemu majas/gaya bahasa ....

a)

Metafora lan Personifikasi

b)

Metafora lan Hiperbola

c)

Personifikasi lan Hiperbola

d)

Metonimi lan Hiperbola

19.

perangan novel kang minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita bisa ngemot wektu, panggonan, sosial budaya yaiku ....

a)

tema

b)

punjering crita

c)

setting

d)

alur

20.

Novel kang uga menehi lan nglestarekake budaya adat masyarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liyan diarani ....

a)

nilai sosial

b)

nilai etik

c)

nilai kultural

d)

nilai spirit