wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL BASA JAWA SESORAH

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Micara ana ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tartamtu lan migunakake pagu kang mligi diarani ....

a)

geguritan

b)

pawarta

c)

sesorah

d)

nembang

2.

perangan sesorah kang ngandharake wigatining atur yaiku ....

a)

purwaka

b)

surasa

c)

wasana

d)

pangajab

3.

Dhumateng Bapak Kepala sekolah smk negeri 1 trucuk ingkang kinurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. ingkang kinurmatan bapak/ ibu staf karyawan, dalasan kanca-kanca smk negeri 1 trucuk ingkang kula tresnani.

Pethikan pidhato ing dhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

salam pambuka

b)

atur pakurmatan

c)

atur pamuji syukur

d)

pangajab

4.

jinising sesorah wonten 3. salah setunggale yaiku sabdatama. sabdatama yaiku ....

a)

sesorah kang isine medharake gagasan utawa isine penggalih

b)

sesorah kang ngandharake panemu

c)

sesorah kang ancase menehi pitutur marang pamirenge kanthi medharake kabecikan

d)

sesorah kang ancase nampa rawuhe tamu ing sawijining pasamuan

5.

pambagyaharja adicara temanten, sambutan panitia lomba 17an menika tuladha kagiyatan sesorah kang nduwe ancas ....

a)

kanggo aweh kabar/ informasi

b)

kanggo ngandharake panemu/gagasan/ pikiran

c)

kanggo panglipur/ ngayem-ayem/ ngilangake rasa susah

d)

kanggo nampa rawuhe tamu ing sawijining adicara

6.

gambar ingkang nuduhake sesorah kanggo nampa tamu ing sawijining pasamuan yaiku ....

a)
b)
c)
d)
7.

pambagyaharja iku asale saka tembung pambagya lan raharja. tegese pambagya yaiku ....

a)

mbagekake

b)

syukur

c)

nasihat

d)

menyambut

8.

perangan sesorah kang isine pangarep-arep utawa pituduh kang kasuwun katindakake dening pamireng yaiku ....

a)

wasana basa

b)

surasa basa

c)

dudutan

d)

pangajab

9.

kanthi nindakake cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidyaa kanggo nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba. pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula piyambak, lan dhumateng kanca-kanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak pajangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh.

pethikan sesorah menika kalebu perangan ....

a)

atur pamuji syukur

b)

surasa basa

c)

dudutan

d)

wasana basa

10.

metode sesorah ekstemporan yaiku sesorah kanthi .....

a)

cara langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik

b)

nggawa catetan cilik kang isi balungane sesorah (isi pokok)

c)

cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca langsung sasuwene sesorah

d)

cara ngapalake naskah sesorah kang wis digawe sadurunge

11.

nalika arep nindakake sesorah kudu migatekake perangan, kajaba ....

a)

wiraga

b)

wirasa

c)

wirama

d)

audience

12.

gegayutane karo solah bawa lan obahe awak nalika sesorah diarani ....

a)

wiraga

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wicara

13.

unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah kajaba ....

a)

sapa kang sesorah

b)

kepiye swasanane

c)

apa ancase sesorah

d)

apa kang dirembug

14.

Bapak, ibu saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati,Wonten wekdal menika, wulan Agustus 2012, Indonesia sampun ganep yuswanipun ingkang kaping 67. Yuswa kados menika mboten sami kaliyan kahananipun Bangsa Indonesia luwih-luwih perjuwanganing pahlawan nagari. Taksih kathah warga masyarakat ingkang dereng ngraosaken gesang ingkang mulya wonten warsa menika. Ugi taksih kathah luwih saking setunggal ewu siswa/i Indonesia ingkang mboten nglajengaken sekolah amargi kiranging biaya saha inggilipun kebutuhan pokok luwih-luwih wonten kitha ageng kados to Kitha Malang menika. Punapa menika kamardikan hakiki ingkang sampun dipun sandhang Nagari Indonesia kurang luwih 67 warsa kepengker? Kahanan menika miturut pangemut kula amargi kiranging partisipasinipun warga masyarakat Indonesia. Pamerintah RI saged sae kinerjanipun saha lancar programipun menawi sedaya warga masyarakat nggadhah partisipasi ingkang ikhlas kagem nglaksanakaken program pembangunan menika saha maringi tanggung jawab marang pamerintah.

pethikan sesorah ing ndhuwur ngemu tema sesorah ....

a)

mengeti dinten olahraga nasional

b)

mengeti dinten kamardikan RI

c)

mengeti dinten sumpah pemuda

d)

mengeti dinten pendidikan nasional

15.

Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang saeu menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 67.

pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

atur pakurmatan

b)

atur pamuji syukur

c)

atur panuwun

d)

salam pambuka

16.

metode sesorah kanthi cara spontan utawa katindakake langsung tanpa nyamatake naskah luwih dhisik diarani ....

a)

maca naskah

b)

apalan

c)

ekstemporan

d)

impromtu

17.

nalika mirengake sesorah pamedhar sabda ngandharake wigatining rembug kang dadi wos ngendikane. perangan mirengake iku diarani ....

a)

sapa sing ngendika

b)

apa sing dirembug

c)

bayarane piro

d)

kapan ditindakake

18.

Sedherek-sedherek ingkang minulya,Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.

pethilan sesorah ing ndhuwur kalebu perangan sesorah ....

a)

salam pambuka

b)

pangajab

c)

wasana basa

d)

surasa basa

19.

ingkang kinurmatan, ingkang pinundhi, ingkang kula tresnani, ingkang bagya mulya, salah sawijining tuladha ana ing perangan ....

a)

atur pamuji syukur

b)

atur pakurmatan

c)

atur panuwun

d)

salam pambuka

20.

pamicara ngaturake salam marang pamiyarsa kanggo mungkasi sesorah. yaiku perangan ....

a)

salam pambuka

b)

surasa basa

c)

salam panutup

d)

pangajab