wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Teks informasi kang ngandharake fakta diarani ....

a)

teks pawarta

b)

teks persuasi

c)

sesanti

d)

pariwara

2.

Teks karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani teks ....

a)

persuasi

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

slogan

3.

"Ayo tandang, njaga lestarine alam". Kalebu teks ...

a)

persuasi

b)

pariwara

c)

pawarta

d)

iklan

4.

Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake, diarani ...

a)

teks pariwara

b)

teks pawarta

c)

teks persuasi

d)

teks slogan

5.

"Lingkungan sing resik uga bisa urip sehat. Urip sehat pikiran uga sehat. Supaya lingkungan kita lestari, ayo kabeh warga kudu tansah sadar njaga kelestarian alam. Aja nebangi alas sembarangan. Amarga bisa njalari rusake lingkungan." Teks kasebut kalebu jenis teks ....

a)

persuasi

b)

pawarta

c)

pariwara

d)

sesanti

6.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

7.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

8.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

9.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

10.

Cacahe gatra saben sa pada diarani .........

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru saka

d)

guru lagu

11.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

12.

Tembang Macapat iku cacahe ana......

a)

8

b)

9

c)

10

d)

11

13.

tembang macapat iku kaiketing paugeran.....

a)

guru gatra, guru basa, guru lagu

b)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

c)

guru swara, guru basa, guru sastra

d)

guru swara, guru lagu, guru wilangan

14.

Urip ing dhunyo tan lami

aja dhemen numpuk bandha,

elinga tembe mburine,

lamun mati tan ginawa

namung mati amal jariyah

mula senenga tetulung

marang sapadhane gesang

guru gatra tembang ing dhuwur ana ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

4

15.

Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung

ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

Batangane tembang pocung ing dhuwur yaiku .....

a)

sepur

b)

gajah

c)

montor mabur / pesawat

d)

udun

16.

Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung

ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa

guru wilangan lan guru lagu gatra ke-3 tembang pocung ing dhuwur yaiku ....

a)

8a

b)

8i

c)

12 a

d)

12 u

17.

Bapak Pucung dudu watu dudu gunung

Sabane ing sebrang

Titihane sri Bupati

Yen lumaku si pucung lembehan grana

batangane tembang pocung ing dhuwur yaiku ....

a)

gajah

b)

sepur

c)

gunung

d)

jaran

18.

Bapak Pucung dudu watu dudu gunung

Sabane ing sebrang

Titihane sri Bupati

Yen lumaku si pucung lembehan grana

tembung kang digaris ngisor artine .....

a)

kuping

b)

siung

c)

irung

d)

tangan

19.

Bapak Pucung dudu watu dudu gunung

Sabane ing sebrang

Titihane sri Bupati

Yen lumaku si pucung lembehan grana

guru wilangan gatra ke-1 tembang pocung ing dhuwur ana ....

a)

6

b)

8

c)

0

d)

12

20.

Tembang macapat isine bab ...

a)

pitutur laku kang becik

b)

guyonan

c)

pawarta

d)

sejarah lan cerita para pejuang