NEW
Font size
WorksheetsPretest Novel Jawi
Total questions: 10
Worksheet time: 8mins
Katon gedhe agung merbawani. Menawa cinandra kaya makhuta ratu kang kebak sesotya manik. Disawang saka sisih wetan njegreg dhuwur kaya nyundhul langit. Apamaneh menawa wanci esuk katon endah kinemulan mega putih. Dene ing wanci sore kaya dadi papan paturone sang bagaskara. Pancen endah milangoni Gunung Lawu kang kebak wadi kuwi.
Unsur instrinsiknovel ingkang wonten ing pethikan novel inggih menika ….
Latar panggonan
Latar wektu
Paraga
Latar panggonan saha latar wektu
Gaya bahasa
Gusti pancen ngukir alam iki minangka ayat-ayat suci kang kudu dionceki werdine. Kalebu Gunung Lawu sing kawentar endahe uga kramat. Ora sithik pawongan sing padha munggah, kanthi tujuan maneka warna. Ana sing olah batin, pandhakian utawa liya-liyane.
Tegesipun tembung werdi inggih menika ….
Pasir
Ajrih
Makna
Kulit
Tuladha
“Iki mau saka tindak ngendi, Dhik?” pitakone Mardika.
“Saking daleme Simbah?” jawabe Pratiwi.
“Ooo, malem Minggon, ta?”
Pratiwi ora mangsuli, mung mesem. Dheweke asring krungu saka critane adhi-adhine, yen ana pak guru anyar saka kutha, priyayine bregas lan grapyak. Saiki ketemu lan meruhi dhewe eseme sing simpatik. Oooo, beda banget karo pak guru sing lawas kae, sing saiki dipindhah ana nggunung. Banjur:
“Matur nuwun, Pak Guru,” ucap panarimane Pratiwi bareng Mardika wis rampung ngresiki sepedhahe Pratiwi.
“Padha-padha.”
Unsur instrinsik kang kakandhut saka wacan ing dhuwur yaiku ....
amanat
alur
sosial
latar
kabudhayan
“Iki mau saka tindak ngendi, Dhik?” pitakone Mardika.
“Saking daleme Simbah?” jawabe Pratiwi.
“Ooo, malem Minggon, ta?”
Pratiwi ora mangsuli, mung mesem. Dheweke asring krungu saka critane adhi-adhine, yen ana pak guru anyar saka kutha, priyayine bregas lan grapyak. Saiki ketemu lan meruhi dhewe eseme sing simpatik. Oooo, beda banget karo pak guru sing lawas kae, sing saiki dipindhah ana nggunung. Banjur:
“Matur nuwun, Pak Guru,” ucap panarimane Pratiwi bareng Mardika wis rampung ngresiki sepedhahe Pratiwi.
“Padha-padha.”
Penokohan kang ana ing wacan ing dhuwur yaiku ....
Pratiwi
Mardika
Pratiwi lan Mardika
apikan
ramah
Kayadene kang lagi tumiba ing awake Priya mudha kang aran Mardika kuwi, nasibe lagi digawe ora kepenak. Lintange isih surem, remeng-remeng. Menawa kabeh kancane bisa kepenak ngrakit tresna ngiket janji, dheweke kudu ngadhepi sing jenenge nasib. Nasib. Nasibe wong papa, wong kang kena diparibasakake kleyang kabur kanginan. Senajan wujude gagah sigrak, nanging kepeksa mupus, bareng ngadhepi sang nasib.
Latar saka wacan ing dhuwur ing wayah ....
awan
bengi
esuk
sore
surup
SABENERE mono ya mung prakara lumrah, saupama ana bocah loro, lanang lan wadon padha tresna tinresnanan siji lan sijine, banjur kekarone padha ngiket janji nedya urip bebarengan. Malah yen kekarone bisa rukun lan tansah njaga awake dhewe-dhewe, sok bisa didadekake tuladha dening kanca-kancane. “Kae lho sing rukun kaya Didien kae, utawa kaya Budi kae.” Sabenere mangkono iku rak mung prakara lumrah.
Unsur instrinsik kang ana saka wacan ing dhuwur yaiku ....
pendhidhikan
katresnanan
kasehatan
kulawarga
sosial
SABENERE mono ya mung prakara lumrah, saupama ana bocah loro, lanang lan wadon padha tresna tinresnanan siji lan sijine, banjur kekarone padha ngiket janji nedya urip bebarengan. Malah yen kekarone bisa rukun lan tansah njaga awake dhewe-dhewe, sok bisa didadekake tuladha dening kanca-kancane. “Kae lho sing rukun kaya Didien kae, utawa kaya Budi kae.” Sabenere mangkono iku rak mung prakara lumrah.
Paraga kang ana saka wacan ing dhuwur yaiku ....
Aku, Didien, lan Budi
Didien
Budi
Didien lan Budi
Aku
Isih cetha, njarem ing ati lan gumawang ing mripat. Nalika iki udan deres, dalane gembel banget. Dalan padesan sing durung mambu aspal. Ana kenya iwut mbuwangi endhut sing ngebaki rodha sepedhahe. Lan ya kenya iku sing jeneng Pratiwi. Mardika kang lagi bali saka mulang age-age tumandhang, aweh pitulungan. Clanane diwingkis, lengen klambine digulung, dalane dalan padesan, pancen ya mangsa udan, ya ampuunn. Becek lan lunyu. Sepedha ora bisa mlaku, marga rodhane gembel lemah, kepeksa banjur disurung. Kekarone banjur kenalan lan diterusake kekancan. Pratiwin putrane wong sugih desa kono, sekolahe ana SMA. Mardika, pak guru saka kutha ketemu Pratiwi ana dalan sangisoring lamtara-lamtara pinggir desa.
Lur kang ana ing saka wacan ing dhuwur yaiku ....
maju
maju-mundur
mundur
mundur-maju
campuran
“Iki mau saka tindak ngendi, Dhik?” pitakone Mardika.
“Saking daleme Simbah?” jawabe Pratiwi.
“Ooo, malem Minggon, ta?”
Pratiwi ora mangsuli, mung mesem. Dheweke asring krungu saka critane adhi-adhine, yen ana pak guru anyar saka kutha, priyayine bregas lan grapyak. Saiki ketemu lan meruhi dhewe eseme sing simpatik. Oooo, beda banget karo pak guru sing lawas kae, sing saiki dipindhah ana nggunung. Banjur:
“Matur nuwun, Pak Guru,” ucap panarimane Pratiwi bareng Mardika wis rampung ngresiki sepedhahe Pratiwi.
“Padha-padha.”
Amanat kang bisa dijupuk saka dhialog wacan ing dhuwur yaiku ....
dadi wong kang seneng ngrungokake critane wong
dadi wong ayu
grapyak marang wong liya
seneng tetulungan
dadi wong kang nrima
Yen wis mangkono, Mardika mung bisa nggrantes jroning ati. Nyatane pancen bener, yen ditaker bandhane wong tuwane Mardika, ora ana amput-ampute karo bandha donyane kulawarga Hadimartono. Yen ditaker kapinterane, akeh pemudha desa kono sing sekolahe dhuwur, malah kangmase Pratiwi dhewe ana sing wis nggondhol gelar sarjana saka Universitas Gadjahmada kana. Nanging nitik kahanan mangkono, apa Mardika ora wenang nresnani Pratiwi? Ora wenang sesambungan karo prawan kembange padesan iku?
saka wacan ing dhuwur, unsur instrinsik kang kakandhut yaiku ....
tema
penokohan
alur
tema
amanat
