WorksheetsSoal Unggah-ungguh Basa
Total questions: 5
Worksheet time: 3mins
Herman: “Bu guru kula badhe nyuwun pirsa, punapa ibu saged …. wonten ing adicara Persami dinten Setu ngenjang?.” Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika ….
kesah
tindak
pangkat
teka
bidhal
April: “Mba Kus, kala wingi bu guru …. tugas pawarta kanthi tema menapa inggih?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat inggih menika ….
akon
aweh
nyukani
maringi
kengken
Supri: “Mba, apa dina iki kowe sida tuku buku crita wayang?”. Ukara kasebat meniawi dipunewahi dados basa ngoko alus inggih menika ….
Mba, apa dina iki sampeyan sida tuku buku crita wayang?
Mba, apa dina iki panjenengan sida mundhut buku crita wayang?
Mba, menapa dinten menika sampeyan siyos mundhut buku cariyos ringgit?
Mba, menapa dinten menika panjenengan siyos mundhut buku cariyos ringgit?
Mba, apa dina iki panjenengan sida tuku buku crita wayang?
Pak Tanto: “Pak Aji, nuwun sewu, sampeyan saking griya menapa saking sekolahan?.”
Ukara kasebat kelebet ragam basa inggih menika ….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
krama madya
Fiza: “Ibu, … punapa wau … jeruk wonten ing kulkas?” Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara rumpang kasebat inggih menika ….
panjenengan-nedha
panjenengan-dhahar
sampeyan-dhahar
sampeyan-nedha
panjenengan-mangan
