Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pranatacara

Total questions: 20

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

1.      Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku ....

a)

panata adicara

b)

pambagyaharja

c)

panata acara

d)

panambiwara

e)

pewara

2.

Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika ....

a)

mbukak adicara

b)

nutup adicara

c)

nata lan nulis rantamane adicara

d)

nata lakune adicara

e)

nutup adicara

3.

”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabektern”. Ukara iki kalebu perangan ...

a)

salam pambuka

b)

atur pangayubagya

c)

atur pakurmatan

d)

atur puji syukur

e)

tetepungan

4.

Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ....

a)

Pambuka

b)

rantaman adicara

c)

isi

d)

panutup

e)

papan lungguhe

5.

Bakuning ayahan panatacara, minangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun ….

a)

Wonten upacara menika kathah paraga ingkang hanyengkuyung minangka penumpang

b)

Upacara saged lumampah kanthi rancak menapa boten, komandhonipun wonten panatacara.

c)

Wonten upacara menika panata cara angasta titihan ing pasamuan.

d)

Wonten upacara menika, panatacara dados sopir/kusir kendharaan

e)

Kathah paraga ingkang hanyengkuyung panatacara dados sopir/kusir

6.

Jroning madeg dadi pranatacara becike basa sing digunakake yaiku basa ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

e)

Dhialek

7.

Ing ngisor iki kang minangka dadi strukture teks pranatacara yaiku ….

a)

Tema, pambuka, isi, panutup

b)

Pakurmatan, pambuka, panutup

c)

Pambuka, isi, lan pangarep-arep

d)

Pambuka, rantaman baku, panutup

e)

Pambuka, isi/karep, lan panutup

8.

Sing kudu diandharake dening pranatacara jroning pambuka yaiku ….

a)

Atur panuwun marang kawigatene

b)

Nyuwun ngapura yen ana kaluputan

c)

Bakune adicara sing bakal

d)

Atur pakurmatan marang sing rawuh

e)

Gawe dudutan bab sing diandharake

9.

Yen kepengin dadi pranatacara sing becik, saora-orane kudu ngerti anane ….

a)

Olah rasa, olah swara, lan olah sastra

b)

Olah swara, olah busana, lan olah sastra

c)

Olah raga, olah wirama, lan olah rasa

d)

Olah swara, olah kridha, lan olah busana

e)

Olah basa, olah kridha, lan olah swara

10.

Jroning nindakake pranatacara bab-bab sing kudu ditindakake yaiku ….

a)

Becike ulate mbesengut wae

b)

Swarane sing paling becik banter

c)

Obahe awak kudu digawe-gawe

d)

Bisa njumbuhake kahanan/swasana

e)

Ora perlu nggatekake lagune swara

11.

Medhar pangandikan kang surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….

a)

wara-wara

b)

pranatacara

c)

pambagyaharja

d)

dhagelan

e)

pasrah

12.

Ingkang dahat kinurmatan Bapak Kepala Sekolah dalasan Bapak/Ibu Guru

Ingkang kula urmati Bapak/Ibu Wali Murid

Pratelan iku kalebu perangane pranatacara, kang diarani ….

a)

atur pakurmatan marang sing padha rawuh

b)

salam pambuka

c)

ngaturke rasa syukur marang Gusti

d)

ngaturke panuwun marang para rawuh

e)

nyuwun pangapura

13.

Sugeng siyang, Assalamu’alaikum. Tuladha iku diarani….

a)

salam pambuka

b)

panutup

c)

pambuka

d)

salam panutup

e)

surasa

14.

(1) swarane kudu cetha(2) basa lan sastrane ora bener(3) busana sing diagem pantes(4) swarane alon-alon (5) tata krama sing becik (6) basa lan sastrane kudu trep (7) busananen bolong-bolong (8) basa lan sastrane sakpenake dhewe

Saking pranyatan ing nginggil, ingkang dados sarat panataraca ingkang becik yaiku....

a)

1, 3, 5, 2

b)

1, 4, 5, 6

c)

1, 3, 8, 6

d)

1, 3, 5, 6

e)

1, 4, 7, 8

15.

Kula minangka panatacara hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan wonten kiranging subasita saha atur kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging.... nuwun, nuwun, maturnuwun.

Tembung ingkang trep kangge jangkepi teks panatacara ing nginggil yaiku....

a)

rantamaning

b)

sesulih

c)

pangaksami

d)

pangapura

e)

maturnuwun

16.

Tumrap wong kang ngendikan ing sangarepe wong akeh kanthi ngadeg pramayogane kudu sikep...

a)

Ngapurancang

b)

Manis

c)

Tinemu

d)

Tengah

e)

Irama

17.

Nalika maca teks pranatacara, sikep sing becik yaiku...

a)

Sedhela-sedhela- nyawang cathetan

b)

Ngadeg karo semendhe ing tembok

c)

Lungguh jigang ana ing kursi

d)

Tangane ngapurancang

e)

Tangane dibanda ing buri

18.

Ana unen-unen menawa ajining dhiri gumantung ana ing lathi, dene ajining raga gumantung ana ing...

a)

Bandha

b)

Busana

c)

Basa

d)

Ukara

e)

Rupa

19.

Solah bawa nalika maca teks pranatacara iku uga diarani...

a)

Wirasa

b)

Wirama

c)

Wiraga

d)

Wirupa

e)

Wicara

20.

Cendhek dhuwure swara nalika maca teks pranatacara iku diarani...

a)

Wirasa

b)

Wiraga

c)

Wicara

d)

Wirama

e)

Wirupa