wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa Kelas 9

Total questions: 40

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Judul sing trep karo wacan ing dhuwur yaiku....

a)

Banjir bandang

b)

Pasca banjir

c)

Sawise banjir

d)

udan ora uwis-uwis

2.

Lelara apa wae sing bisa dituwuhake sawise banjir, kajaba...

a)

Mutaber

b)

Leptospirosis

c)

Lelara jalaran lemut

d)

Lelara panu

3.

Leptospirosis iku penyakit sing kepriye....

a)

Amerga ora gelem mangan

b)

Penyakit kang disebakake dening bakteri Leptospira

c)

Wong kang kena penyakit iki biasane pawongan kang mangane telat

d)

Penyakit kang bisa nyebakake rambut rontok, mual, uga sirah ngelu

4.

Lemut bisa dadi srana penyakit amarga...

a)

Ora tau adus

b)

Bisa nggawa virus flu burung

c)

Nggawa virus demam berdarah, maralia, lsp

d)

Ora gelem resikan

5.

Penulis laporan ora entuk nglebokake selera pribadi menyang jero laporane.

Iki ngebaki prinsip...

a)

Cetha

b)

Akurat

c)

Sistematis

d)

Objektif

6.

Sing dudu mujudake ciri-ciri laporan asil obsevasi iku ....

a)

Global

b)

Subjektif

c)

Universal

d)

Objektif

7.

Laporan asil observasi iku ditulis adhedhasar ....

a)

Pamanggih liyan

b)

Panemu dhewe

c)

Imajinasi

d)

Fakta kang ana

8.

Ukara ing ngisor iki sing bener panulise....

a)

Aku duwe sepeda motor cacahe lara

b)

Dina iki panas banget

c)

Adekku gelem sinau basa Jawa

d)

Mbakku ora biso masak

9.

Mas catur lagi dolanan catur karo bapak ning ngarep omah.

Ukara iku ngemu tembung....

a)

Homograf

b)

Homonim

c)

Rangkep

d)

Sinonim

10.

Aku menek roti nalika adhiku menek pager.

Ukara ing dhuwur ngemu teges...

a)

Homograf

b)

kosok balen

c)

Homonim

d)

Sinonim

11.

Cacahing gatra saben sapada diarani...

a)

Guru wilangan

b)

Guru gatra

c)

Guru swara

d)

Guru pada

12.

Guru lagu yaiku.....

a)

Dhong-dhinging swara saben pungkasan wanda

b)

Dhong-dhinging swara saben pungkasan tembung

c)

Dhong-dhinging swara saben pungkasan gatra

d)

Dhong-dhinging swara saben pungkasan pada

13.

Tembang sing dumadi saka 4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a, yaiku tembang...

a)

Maskumambang

b)

Megatruh

c)

Pucung

d)

Asmaradana

14.

Tembang sing dumadi 6 gatra = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i, iki mujudake paugerane tembang....

a)

Megatruh

b)

Asmaradana

c)

Pangkur

d)

Kinanthi

15.

Tembang Macapat iku kaiket ing paugeran....

a)

Guru gatra, guru wilangan, guru swara

b)

Guru pada, guru gatra, guru wilangan

c)

Guru gatra, guru wilangan, guru lagu

d)

Guru pada, guru gatra, guru sastra

16.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan

Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

Banyu resik

b)

Ngopeni banyu

c)

Ngopeni banyu sumber panguripan

d)

Banyu kali sumber panguripan

17.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan

Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

kenapa banyu kuwi kudu resik...

a)

Amarga digawe ngombe

b)

Amarga digawe sumber panguripan

c)

Amarga digawe nyirami kembang

d)

Amarga banyu rusuh kuwi dadi sarang penyakit

18.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang...

a)

Macapat

b)

Dolanan

c)

Tengahan

d)

Gedhe

19.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yaiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

20.

Rini ... Ibu tuku gula menyang toko

a)

Diutus

b)

Dikongkon

c)

Budhal

d)

Marani

21.

Pilihen sing bener penulise...

a)

pitek

b)

petek

c)

pitik

d)

pithik

22.

Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 22-24 !

Uwuh ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liyaliyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Isi wacan kasebut yaiku ....

a)

Uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kimia

b)

Uwuh diperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik

c)

Uwuh organik yaiku uwuh sing dumadi saka urip-uripan

d)

Uwuh yen ora diopeni kanthi becik bisa nyebabake lelara

23.

Miturut wacan kasebut, plastik, wesi, kaca kalebu uwuh ...

a)

Anorganik

b)

Kompos

c)

Campuran

d)

Organik

24.

Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah, kajaba...

a)

Ambu ora enak

b)

Kompos

c)

Lelara

d)

Reretu

25.

Sing ora kalebu perangane teks palapuran asil observasi yaiku ...

a)

Dhefinisi umum

b)

Dheskripsi manfaat

c)

Dheskripsi bageyan

d)

Dudutan/simpulan

26.

Yen ditulis aksara latin dadi (a)  

27.

Yen ditulis aksara latin dadi (a)  

28.

Sing mujudake perangan peprincen pungkasan yaiku (a)  

29.

Sing mujudake perangan kang isi ide pokok saka saben pada yaiku (a)  

30.

Murid marang guru kudu ngunakake basa (a)  

31.

Murid-murid, tugase diklumpukake mengko wayah ngaso ya!

Ukara ing dhuwur migunakake basa (a)  

32.

Teks laporan asil observasi uga sinebut teks (a)  

33.

Adhiku isih turu.

Ukara ing dhuwur kalebu pirang suku kata (a)  

34.

Matane lara lagi loro kabeh.

Ukara ing dhuwur benerna manut panulisane lan unggah-ungguhe...

(a)  

35.

Cacahing tembang macapat kuwi ana (a)  

36.

Sebutna tujuan teks observasi!

4 lines
37.

Sebutna struktur palapuran teks asil observasi!

4 lines
38.

Jelasna pangerten ngenani guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan!

4 lines
39.

Sebutna jinise tembang macapat!

4 lines
40.

Wulang estri kang wus palakrami

Lamun pinitados

Amerngkoni mring balewismane

Among putra marusentanabdi

Deng angati-ati

Ing sadurungipun

Jelasna makna kang kinandhut saka tembang mijil ing dhuwur!

4 lines