wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Bahasa Jawa Ganjil Kelas IX

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Sapa kang didhusta dening Rahwana?

a)

Anoman

b)

Prabu Ramawijaya

c)

Dewi Shinta

d)

KApi Seta

2.

Sapa sing ana ing gambar kuwi?

a)

Anoman

b)

Prabu Ramawijaya

c)

Dasamuka

d)

Rahwana

3.

Sapa sisihane Prabu Ramawijaya?

a)

Rewanda seta

b)

Dewi Trijatha

c)

Dewi Shinta

d)

Dasamuka

4.

Sapa kang ana ing gambar kuwi?

a)

Anoman

b)

Prabu Ramawijaya

c)

Rewanda Seta

d)

Rahwana

5.

Apa tegese tembung "didhusta" ?

a)

Dikhianati

b)

Ditemokake

c)

Dijaluk

d)

Dicolong

6.

Anoman kapatrapan paukuman, yaiku diobong ing alun-alun ngendi?

a)

Ngakasa

b)

Ngalengka

c)

Ngastina

d)

Kaputren

7.

Shinta enggal-enggal nyedhaki kewan klangenane iku. Tembung "Enggal-enggal" tegese yaiku?

a)

Alon-alon

b)

Cepet-cepet

c)

Ati-ati

d)

Maju-maju

8.

Sapa jenenge wayang ing sisih kiwa iki ?

a)

Kumbakarna

b)

Indrajid

c)

Rahwana

d)

Hanoman

9.

Lakon Wayang Anoman Duta kajupuk saka crita wayang ....

a)

Ramayana

b)

Mahabarata

c)

Purwa Kandha

d)

Hasthabrata

10.

Tembung Duta, tegese padha karo ....

a)

batur

b)

tukang menehi kabar

c)

tukang ngopeni kewan

d)

utusan

11.

Prabu rahwana raja/ratu ing nagara ....

a)

Ngastina

b)

Ngamarta

c)

Ngalengka

d)

Jodhipati

12.

Anoman kuwi kethek....

a)

Abang

b)

Putih

c)

Ireng

d)

Klawu

13.

Anoman minangka utusaning Rama. Utusan dasanamane....

a)

Adhine

b)

Kancane

c)

Duta

d)

Prajurit

14.

Sopo sing ngancani Dewi Shinta nalika ana ing Ngalengka?

a)

Ramawijaya

b)

Jatayu

c)

Anoman

d)

Dewi Trijatha

15.

Anoman disowanake Prabu Dasamuka kanggo nampa....

a)

arta

b)

bayaran

c)

paukuman

d)

girya

16.

Miturut cerita Anoman Duta kepriye watake Anoman?

a)

adil lan narima

b)

setya karo garwane

c)

wengis lan kejem

d)

kendel lan sekti

17.

Prabu Rahwana uga diarani....

a)

Ramawijaya

b)

Kumbakarna

c)

Sugriwa

d)

Dasamuka

18.

Kahyangan tegese....

a)

panggonan para wali

b)

panggonan para dewa

c)

panggonan para ksatria

d)

panggonan para abdi

19.

Mudhun saka kahyangan, Anoman kesedhot buta....

a)

Wilkataksini

b)

Terong

c)

Cakil

d)

Rambut Geni

20.

Raseksa sing tugase njaga samudra negara Ngalengka yakuwe....

a)

Buta Terong

b)

Buta Rambut Geni

c)

Buta Wilkataksini

d)

Buta Cakil

21.

Paraga utama ing carita wayang Anoman Duta yaiku ...

a)

Ramawijaya

b)

Dewi Sinta

c)

Rahwana

d)

Anoman

22.

Prabu Rama nganakna sayembara kanggo Anoman karo Anggada, apa sing dienggo sayembara

a)

Sapa sing paling cepet maring Ngalengka

b)

Sapa sing paling kuat tenagane

c)

sapa sing paling sekti ngelmune

d)

sapa sing paling tuwa umure

23.

ana ing cerita Ramayana Anoman Duta, sapa paraga kang duweni sifat Antagonis

a)

Prabu Rama

b)

Kidang Kencana

c)

Lesmana

d)

Rahwana

24.

“Pranyata wanodya punika niat maeka Anoman dalah panakawan kanthi cara dipunracun. Anoman saha para panakawan lajeng sami mbacutaken lampahipun seenajan kanti grayah-grayah amargi sami boten sumerep margi”

Pratelan kasebut nuduhake Manawa Anoman lan para panakawan nandhang ….

a)

kesel

b)

luwe

c)

wuta

d)

lara

25.

Kang kalebu paraga protagonis ing crita Anoman Duta yaiku ....

a)

Rama, Rahwana, Dewi Sinta

b)

Anoman, Dasamuka

c)

Rama, prajurit Alengkadiraja

d)

Anoman, Laksmana

26.

Ing ngisor iki kang ora kalebu tembang macapat yaiku ....

a)

Dandanggula

b)

Gambuh

c)

Gambang Suling

d)

Asmaradana

27.

Kang diarani guru wilangan yaiku ....

a)

Cacahing baris saben sabaid tembang

b)

cacahing wanda saben sagatra tembang

c)

tibaning swara ing akhiring baris

d)

Cacahing baid saben sapupuh tembang

28.

Watake tembang macapat Dhandhanggula, yaiku ....

a)

galak

b)

aweh pitutur

c)

lucu

d)

welas asih, ngresepake

29.

Crita Anoman Duta iku babagan (tentang) apa?

a)

Prabu Rama ingkang diasingake dening Prabu Dasarata, bapak saing Prabu Rama.

b)

Dewi Sinta ingkang kepincut kewan kidang werna emas.

c)

Ksatria wujud kethek putih ingkang saged lawan Rahwana (Raja Dasarata).

d)

Dewi Sinta ingkang diculik dening Rahwana lan badhe diselametake Jatayu.

30.

Anoman karo Anggada kuwe paraga sing wujude wanara. Tembung wanara tegese pada karo ....

a)

menungsa

b)

dewa

c)

kethek

d)

buta

31.

Serat Wulangreh iku kaserat dening....

a)

Sunan Paku Buwana I

b)

Sunan Paku Buwana II

c)

Sunan Paku Buwana III

d)

Sunan Paku Buwana IV

32.

Titikane tembang Dhandhanggula yaiku cacahe gatra ana....

a)

10 gatra

b)

9 gatra

c)

8 gatra

d)

7 gatra

33.

Tembang dhandhanggula mathuk kanggo..

a)

Nantang mungsuh

b)

Aweh pangalembana

c)

Medharake rasa susah

d)

Medharake pitutur

34.

Pamedare wasitaning ati. Tembung ati tegese....

a)

mripat

b)

irung

c)

kuping

d)

manah

35.

"Dhahat mudha ing batine" guru wilangan lan guru lagune yaiku.....

a)

6e

b)

7e

c)

8e

d)

9e

36.

'Nora kena den awur' Tembung nora tegese....

a)

iya

b)

Gawe

c)

Lunga

d)

Ora

37.

Panulise Serat Wulangreh arupa.....

a)

Tembang

b)

Geguritan

c)

Syair

d)

Pantun

38.

Sri Sususuhunan Pakubuwana IV iku saka kraton....

a)

Kasunanan Surakarta Hadiningrat

b)

Yogyakarta Hadiningrat

c)

Mangkunegaran Surakarta

d)

Kaultanan Pajang

39.

Apa kang dadi patokan ing jero tembang macapat?

a)

Guru Lagu, Guru Gatra, Guru Pada

b)

Guru lagu, Guru Wilangan, Guru Sasta

c)

Guru Lagu, Guru Wilangan, Guru Gatra

d)

Guru Lagu, Guru Wilangan, Guru larik

40.

kang ora kalebu paugeran tembang macapat yaiku

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru basa

d)

guru wilangan

41.

Tembang macapat dhandhanggula menika kalebet jinisipun tembang..

a)

Gedhe

b)

cilik

c)

tengahan

d)

dolanan

42.

“Kang pranyata nora gawe urip mukti” pethikan tembang kasebut guru wilangan lan guru lagune ...

a)

10 i

b)

12 u

c)

10 u

d)

12 i

43.

Lamun ana wong micareng ngelmi

Tembung ngelmi tegesipun...

a)

isyarat

b)

nasihat

c)

ilmu

d)

Kekarepan

44.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

45.

Bapak nembe mawon.....saking Surabaya.

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

bali

46.

Nalika badhe nedha kedah ngangge....tengen.

a)

tangan

b)

suku

c)

asta

d)

mustaka

47.

Nalika kepethuk bapak ibu guru prayogane.....

a)

mecucu

b)

mbesengut

c)

mesem

d)

mrengut

48.

Krama Inggil mangan :

a)

nedha

b)

dhahar

c)

mangan

d)

nguntal

49.

Panjenengan badhe tindak pundi? Ukara kuwi kalebu tataran unggah-ungguh basa...

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama

d)

Krama Inggil

50.

Bapak : “Ayo wis wengi, padha turu sesuk mangkat esuk!”

Anak : “……”

Lumrahe anak mangsuli nganggo ukara….

a)

Iya Pak

b)

Ora Pak

c)

Inggih Pak

d)

Boten Pak

e)

Siap Pak