WorksheetsLatihan Basa Jawa Pengalaman Kelas 6
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama alus kang bener yaiku ...
Kula dipun utus bulik mundhut gendhis
Kula dipun utus bulik tumbas gula
Kula dikengken bulik mundhut gendhis
Kula dikengken bulik tumbas gula
Sing ora kalebu peranganing karangan yaiku ...
Irah-irahan (judul)
bebuka
isi
peprenah
Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...
Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
Bocah-bocah kelas VI kemah
Kemah pramuka ing Wonosalam
Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”
Arif : “Siyos bu, benjang dinten Sabtu ngajeng”
Bu Siti takon menyang Arif babagan apa?
Kapan olehe kemah
Apa sida melu kemah
karo sapa olehe kemah
ing ngendi olehe kemah
Wacanen tembung kang ora runtut ing ngisor iki !
1) Numpak pit anyar nabrak cagak listrik.
2) Entuk hadiyah hp anyar pas ulang tahun.
3) Munggah kelas kanthi biji pas-pasan.
4) Plesir menyang Jakarta wektu prei semesteran.
5) Numpak dolanan jet koster karo dheg-dhegan.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu pengalaman sing nyenengake yaiku nomer ….
1, 2, 4
1, 3, 5
2, 3, 4
2, 4, 5
Dina Minggu esuk Rudi melu lomba nggambar ing Simpanglima. Sadurunge lomba diwiwiti, Rudi ndelok kahanan Simpanglima kang nyenengake. Akeh wong dodolan dolanan maneka warna. Wong-wong padha mlaku-mlaku rame banget. Rudi numpak sepedha hias bareng karo mbakyune lan adhine. Rudi seneng atine. Nalika lombane wis diwiwiti, Rudi gambar kanthi temen lan telaten. Rudi seneng banget amarga nalika diumumake, dheweke entuk juwara loro. Rudi entuk hadiah sepedha karo dhuwit.
Underane / topike crita ing dhuwur yaiku ….
numpak sepedha hias
kahanane Simpanglima
hadiah lomba nggambar
lomba nggambar ing Simpanglima
Pak Braja : "Jenengmu sapa, Le?"
Prana : " ... kula Prana."
Miturut unggah-ungguh kang bener, ceceg-ceceg ing ndhuwur iku isine ....
Asma
Jejuluk
Nami
Gelar
‘"Saben dina, bapakku budhal kerja numpak sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?"
Ukara kasebut ora trep unggah-ungguhe. Supaya trep, mula kudu diganti dadi ukara.....
Saben dina, bapakku budhal ngasta numpak sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?
Saben dina, bapakku bidhal nyambut damel nitih sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?
Saben dinten, bapak kula tindak ngasta nitih sepeda motor. Menawi bapakipun panjenengan kados pundi, rek?
Saben dina, bapakku tindak ngasta nitih sepeda motor. Nek bapakmu piye, rek?
Ukara kang bener kanggo nyuwun izin ora mlebu ekstra kurikuler amarga lara panas, yaiku.....
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged mlebet ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged tindak ekstra kurikuler amargi gerah benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged rawuh ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged kondur ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv
Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv
Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv
