Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

WUWUHAN

Total questions: 36

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

Wuwuhan kang dumunung ing sangarepe tembung lingga ing pacelatonan diarani . . .

a)

a. tambahan

b)

b. unen-unen

c)

c. ater-ater

d)

d. imbuhan

2.

Wuwuhan kang manggon ing tengahe tembung diarani ... .

a)

ater-ater

b)

seselan

c)

panambang

d)

imbuhan

3.

Wuwuhan kang manggon ing mburine tembung diarani ... .

a)

ater-ater

b)

seselan

c)

panambang

d)

imbuhan

4.

Ing ngisor iki sing kagolong ater-ater tripurusa yaiku . . .

a)

a. ny, dak, di

b)

b. dak, ko, m

c)

c. n, ny, ng

d)

d. di, ko, dak

5.

Rudi nyate kelinci ana ing pawon.

Tembung sing nganggo ater-ater anuswara yaitu . . .

a)

a. kelinci

b)

b. pawon

c)

c. nyate

d)

d. ing

6.

Bapak lagi cukur rambute adhik bayi.

Tembung lingga "cukur" iku mathuke oleh wuwuhan wujud ... .

a)

ater-ater m-

b)

ater-ater n-

c)

ater-ater ng-

d)

ater-ater ny-

7.

Jajanku sing kowenehi mau durung ... .

Tutugane ukara ing ndhuwur sing mathuk yaiku ... .

a)

dakpangan

b)

kopangan

c)

dipangan

d)

mangan

8.

Vitamin C sing emot ing blimbing iku gedhe banget.

Tembung 'emot' mathuke oleh wuwuhan wujud ... .

a)

ater-ater ka-

b)

ater-ater ko-

c)

seselan

d)

panambang

9.

Donga muga-muga kowe tansah sehat wal-afiat.

Tembung 'donga' yen oleh wuwuhan, mathuke muni ... .

a)

ndonga

b)

dakdongakake

c)

kodongakake

d)

dinonga

10.

Pak Ahmat teliti anggone ngoreksi garapane bocah-bocah.


Tembung andhahan teliti asale saka tembung lingga ... .

a)

tliti

b)

titi

c)

teti

d)

teli

11.

Dadi bocah aja (gedhe) mundhak ora duwe kanca.

Tembung sajrone kurung kudune ...

a)

gegedhen

b)

gedhe-gedhe

c)

gumedhe

d)

gedhene

12.

Sajrone tumindak kudu ngati-ati.

Seselen sajrone tembung tumindak yaiku ...

a)

tum

b)

um

c)

in

d)

min

13.

Ukara sing nganggo seselan -in- , umpamane ....

a)

Ibu badhe tindhak dateng peken

b)

Ayo podho tumindhak kang becik

c)

Muga-muga Mas Adi tansah ginanjar slamet

d)

Masakane wis di[pindah ing piring

14.

Ratna, apa PR Basa Jawamu wia (garap) ?

Tembung garap benere oleh ater-ater ....

a)

dak

b)

ko

c)

di

d)

tak

15.

Tembung ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater tripurusa yaiku ....

a)

mangan

b)

nulis

c)

kecepit

d)

diajak

16.

Ibu nyawisake dhaharan kagem bapak.

Tembung nyawisake yen diudal manut tembung linggane dadi ....

a)

ater-ater ny + nyawis + panambang ake

b)

ater-ater ny + cawis + panambang ake

c)

ater-ater n + nyawis + panambang ake

d)

ater-ater n + cawis + panambang ake

17.

Wuwuhan sing manggon ing ngarepe tembung yaiku m, n, ny, ng kuwi kalebu ater-ater ....

a)

tripurusa

b)

wuwuhan

c)

panambang

d)

anuswara

18.

Ater-ater sing gunane ngrimbag tembing lingga dadi tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) yaiku ....

a)

Seselan

b)

Panambang

c)

Ater-ater anuswara

d)

Ater-ater tripurusa

19.

... + ... = tinimba

a)

tini + -in-

b)

tiba + -in-

c)

nimba + -in-

d)

timba + -in-

20.

Jegur + -el- = ....

a)

eljegur

b)

njegur

c)

jegurel

d)

jelegur

21.

Wuwuhan sing ana ing tengah-tengahing tembung diarani ....

a)

Ater-ater

b)

Panambang

c)

Konfiks

d)

Seselan

22.

Sing kalebu seselan yaiku ....

a)

sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, ka-

b)

-in-, -um-, -el-, -er-

c)

dak-, ko-, di-

d)

m-, n-, ny-, ng-

23.

Tembung andhahan "merlokake" yen ditulis tembung linggane yaiku...

a)

perlu

b)

penting

c)

merlu

d)

merlokake

24.

Tembung andhahan "nulisi" asale saka tembung lingga...

a)

tulis

b)

tetulis

c)

tinulis

d)

tulisan

25.

Tembung lingga "suwek" supaya dadi tembung andhahan nyuwekake diwenehi wuwuhan...

a)

ater y lan panambang ake

b)

ater m lan panambang ake

c)

ater ny lan panambang ake

d)

ater u lan panambang ake

26.

Tembung lingga "teka" diwenehi wuwuhan apa supaya dadi tembung andhahan "satekane"

a)

ater-ater sate panambang ane

b)

ater-ater sate panambang kane

c)

seselan sa panambang ne

d)

ater-ater sa panambang ne

27.

Tembung "gambar" yen diwenehi ater-ater "dak, ko, di" dadine . . . .

a)

daknggambar, koknggambar, digambar

b)

daknggambar, kogambar, digambar

c)

dakgambar, kogambar, digambar

d)

dakgambar, konggambar, digambar

28.

Saben isuk kembange (siram) Mbak Aisyah. Tembung "siram" kudune . . . .

a)

daksiram

b)

koksiram

c)

disiram

d)

nyiram

29.

Tembung palungguhan pangrimbage yaiku ....

a)

pa- + lungguh + -an

b)

pa- + lunggu + -han

c)

pal- + ungguh + -an

d)

palungguh + -an

30.

Tembung linggane sinawang yaiku ....

a)

sawang

b)

sinaw

c)

awang

d)

siwang

31.

Susu bisa nyuda keasaman sajroning tutuk.

Tembung kang kacithak kandel ing ukara kasebut asale saka tembung lingga ....

a)

yuda

b)

uda

c)

kuda

d)

suda

32.

Wuwuhan sing ana ing saburine tembung diarani ....

a)

ater-ater

b)

panambang

c)

seselan

d)

konfiks

33.

Ukara ing ngisor Iki migunakake ater-ater anuswara yaiku

a)

Bapak nandur pari

b)

Klambiku kojupuk?

c)

Sapi ditaleni karo tampar

d)

Wis setaun budhe dereng kondur

34.

Ater-ater kuwi kaperang dadi telu, yaiku ater-ater anuswara, ater-ater tripurusa lan ater-ater liya. Ing

ngisor tuladha tembung tembung ater-ater tripurusa yaiku....

a)

Ibu maos koran

b)

Kucing digambar adhiku

c)

Aku nulis surat

d)

Bapak ngunjuk kopi

35.
  1. 1. buntelke

2. diwalik

3. kerelip

  1. 4 nggambar

5. kagawa

6. tuju

Tembung ing dhuwur kang nduweni ater-ater yaiku nomer ....

a)

1, 2

b)

2, 4

c)

2,6

d)

1,5

36.

Ukara ing ngisor Iki kang migunakake seselan yaiku ....

a)

Pak Rudi nyambut damel wonten Semarang

b)

Adhiku lagi wae lunga merantau Ning Sumatera

c)

Ora udah celuluk wae,Ndang diparani ning omahe.

d)

Dina Senin wayahe upacara