Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki titiane sesanti/slogan sing bener yaiku ...

a)

ukarane ngajak-ngajak

b)

ukarane nyenengake

c)

ukarane mamerake

d)

ukarane ngujuk-ujuki

2.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku ….

a)

ngundhuh wohing pakarti

b)

gunakna banyu sacukupe!

c)

lemah longsor mendhem ewonan omah

d)

ayo njaga lestarine alam

3.

Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani ....

a)

guru wanda

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

4.

Watake tembang pangkur yaiku ....

a)

sereng, tegas

b)

nesu, muntab

c)

nglokro, sedhih

d)

grapyak, renyah

5.

Dhong dhinge (tibane swara) ing pungkasane gatra jroning tembang macapat diarani ....

a)

guru wanda

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

6.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ....


Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ....

a)

ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen

b)

oksigen bisa nyehatake paru-paru

c)

tanduran kang mridhuksi oksigen

d)

panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen

7.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


Tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ....

a)

gambuh

b)

pucung

c)

asmaradhana

d)

pangkur

8.

Sekar gambuh ping catur.

Jumlahe wanda ing ndhuwur ana ....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

9.

Sing kalebu jenising macapat yaiku ....

a)

wirangrong

b)

kinanthi

c)

balabak

d)

pamularsih

10.

Cacahing larik saben sapada yaiku ....

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru wanda

11.

Raden Gathutkaca seda dadi kusumaning bangsa. Tegese Tembung "kusumaning bangsa" yaiku....

a)

A. prajurit

b)

B. senapati

c)

C. pahlawan

d)

D. kembang desa

12.

Menawa sing takon iku wong sing luwih tuwo, koe njawabe nganggo basa ….

a)

ngoko

b)

ngoko alus

c)

krama inggil

d)

krama basa

13.

Aksara Jawa kuwi, unine yaiku

a)

Lomba ngarang

b)

Lomba pidato

c)

Lomba nyanyi

d)

Lomba-lomba

14.

Unen- unen kang nemu teges wantah diarani ... .

a)

bebasan

b)

paribasan

c)

sanepa

d)

saloka

15.

Tegese bebasan " kebo kabotan sungu" yaiku ... .

a)

wong kang kesrakat uripe marga dhemen apus-apus

b)

wong kang kesrakat uripe marga dhemen mangan turu

c)

wong kang kesrakat uripe marga kakehan pakaryan

d)

wong kang kesrakat uripe marga kakehan anake

16.

Paribasan nututi layangan pedhot tegese ... .

a)

nindakake pakaryan kang angel kelakone

b)

nindakake pakaryan kang gampang kelakone

c)

nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane

d)

nindakake pakaryan kanga angel kelakone

17.

Tegese saloka "Jer basuki mawa bea" yaiku ... .

a)

amrih bisa mulya, butuh pangurbanan

b)

amrih bisa sugih, butuh utangan

c)

amrih bisa pinter, butuh sekolah dhhuwur

d)

amrih bisa seneng, butuh mangan enak

18.

Ing ngisor iki tuladha paribasan ... .

a)

bathok bolu isi madu

b)

rawe-rawe rantas malang-malang putung

c)

cebol nggayuh lintang

d)

nabok nyilih tangan

19.

Njagakake endhoge si blorok. Unen-unen kasebut tegese ... .

a)

wong kang pegaweane ngingu pitik

b)

saben dina mangan lawuhan endhog

c)

wong pinter kang muspra nanging ora dianggep

d)

ngarep-arep barang sing durung mesthi

20.

Kang Sabar nduweni gegayuhan sing luhur. Tembung gegayuhan tegese ... .

a)

carita

b)

cita-cita

c)

omongan

d)

tindak tanduk

21.

Angka-angka lelirunipun swanten gamelan diarani ... .

a)

titilaras

b)

cakepan

c)

sekar

d)

tembang

22.

Rukun agawe santosa, crah agawe ... .

a)

mulya

b)

seneng

c)

bubrah

d)

rukun

23.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek adhedasar kasil pengamatan, pangrasa, lan uga pengalaman diarani karangan ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

persuasi

24.

Karangan kang njlentrehake sawijining perkara anyar kanggo bisa nambahi wawasan wong sing maca diarani karangan ....

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

25.

Gambar iku kalebu....

a)

sesanti/slogan

b)

pawarta

c)

pariwara

d)

persuasi

26.

Ukara ing ngisor iki tuladhane teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane ....

a)

Gunung Kelud njeblug ing tanggal 14 pebruari 2014

b)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

c)

Banjir bandang wingi sore dinuga amarga alas kulon kae gundul

d)

Ibu seneng banget dina iki

27.

Gajah

Kagolong hewan sing gedhe

Duweni telale ukurane dawa

Kupinge loro ombo-ombo

Motone cilik tur sipit

Sikile cacahe papat

Buntute cendhak kopat kapit


Informasi ing dhuwur kelebu teks ....

a)

narasi

b)

persuasi

c)

dheskripsi

d)

pawarta

28.

Teks ngenani fakta, ngandarake kedadean sing faktual iku termasuk titikane ....

a)

teks pawarta

b)

teks narasi

c)

teks dheskripsi

d)

teks persuasi

29.

Karangan sing isine ngajak utawa narik

kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca diarani ....

a)

teks narasi

b)

teks persuasi

c)

teks dheskripsi

d)

teks pawarta

30.

Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan....

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang

segara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya ora

kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit -witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

a)

teks dheskripsi

b)

teks pawarta

c)

teks narasi

d)

teks persuasi

31.

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Cacahing gatra saking tembang ing nduwur yaiku ....

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

32.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

33.

Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....

a)

ngunjuk

b)

ngombe

c)

mangan

d)

dhahar

34.

Basa Krama Inggile lunga, yaiku ....

a)

kesah

b)

lunga

c)

tindak

d)

pergi

35.

Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

tindak

36.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....

a)

bapak sampun tindak datheng Yogyakarta

b)

kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?

c)

pak iwan saiki wis rawuh apa durung?

d)

irma ora mlebu sekolah jalaran lara.

37.

Uripmu sakloron saiki wis katon ... tentrem

a)

guyub

b)

bungah

c)

ayem

d)

mula

38.

Mau esuk mas Toni nguras jedhing. Jejere ukara yaiku ... .

a)

mau esuk

b)

mas Toni

c)

nguras

d)

jedhing

39.

Andri kandha, "Aku nyilih bukune Sinta".

Yen diowahi dadi ukara carita ... .

a)

Andri kandha yen dheweke nyilih bukune Sinta

b)

Andri kandha, aku nyilih bukune Sinta

c)

kandane Andri arep nyilih bukune Sinta

d)

Sinta arep nyilih bukune Andri

40.

Kang klebu tembung dwipurwa yaiku ... .

a)

sesepuh

b)

anguk-anguk

c)

bengak-bengok

d)

cengenges