Font size
WorksheetsUH PIWULANGAN 3 - UPACARA ADAT MITONI KELAS XII
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 15mins
Masyarakat Jawa punika raket kalihan upacara-upacara adat minangka pangeling-eling saben tataran gesang. Wiwit saking kandhutan ngantos sampun seda, wonten upacara-upacara adat tartamtu ingkang katindakaken. Salah satunggaling upacara ingkang katindakaken saderengipun tiyang lahir inggih punika...
tingkeban
puputan
tedhak siten
brokohan
selapanan
Masyarakat Jawa punika raket kalihan upacara-upacara adat minangka pangeling-eling saben tataran gesang. Wiwit saking kandhutan ngantos sampun seda, wonten upacara-upacara adat tartamtu ingkang katindakaken. Tumrap tiyang Jawa, tiyang ingkang sampun séda punika kedah dipunwilujengi kanthi pamrih nyuwunaken pangapunten dhumateng Gusti Ingkang Murbèng dumadi supados sadaya dosa-dosanipun ingkang séda kala wau dipunapunten. Wilujengan kanggé tiyang séda ingkang katindakaken sasampunipun upacara pametaking (panguburing) layon kasebat ….
telung ndinan
pitung ndinan
patang puluhan
surtanah
nyewu
Upacara adat mitoni punika salah satunggaling upacara ingkang dipuntindakaken dening masyarakat Jawa. Mitoni saking tembung "pitu". Miturut para winasis tembung "pitu" boten namung nedahaken umur kandhutan, ananging nedahaken ancasing upacara mitoni, inggih punika...
Panyuwunan pitulungan dhateng kulawarga nalika badhe babaran
nyuwun pitutur saking opara winasis supados jabang bayi saged sehat
panyuwunan pitulungan dhateng Gusti Pangeran amrih jabang bayi lan ibu pinaringan slamet
panyuwunan pitulungan kulawarga lan tangga teparo amrih jabang bayi lan ibu pinaringan slamet
nyuwun donga saking keluwarga lan sanak sedherek supaya ibu nglairaken kanthi lancar
Masyarakat Jawa punika raket kalihan upacara-upacara adat minangka pangeling-eling saben tataran gesang. Wiwit saking kandhutan ngantos sampun seda, wonten upacara-upacara adat tartamtu ingkang katindakaken. Upacara Adat ingkang katindakaken nalika tiyang mantenan inggih punika...
Brobosan
Tetesan
Panggih
Pantes-Pantes
Jumenengan
Pamilihing dinten kanggé nindakaken upacara tingkeban déning tiyang Jawa limrahipun ing dinten …..
Senèn malem Slasa utawi Slasa siang lan Slasa malem Rebo utawi Rebo siang
Senèn malem Slasa utawi Slasa siang lan Rebo malem Kemis utawi Kemis siang
Senèn malem Slasa utawi Slasa siang lan Kemis malem Jum’at utawi Jum’at siang
Senèn malem Slasa utawi Slasa siang lan Jum’at malem Setu utawi Setu siang
Senèn malem Slasa utawi Slasa siang lan Setu malem Minggu utawi Minggu siang
Ing upacara tingkeban kaginakaken satunggaling pirantos ingkang kanggé papan/wadhah toya ingkang kanggé siram calon ibu, pirantos kala wau namanipun …
kendhi
klenthing
èmbèr
pengaron
siwur
Ing upacara tingkeban kaginakaken satunggaling pirantos ingkang kados ing gambar, pirantos kala wau namanipun …
kendhi
klenthing
èmbèr
pengaron
siwur
Ing upacara tingkeban kaginakaken satunggaling pirantos ingkang kados ing gambar, gambar wayang ingkang wonten ing pirantos kala wau namanipun …
Kamajaya lan Kamaratih.
Arjuna lan Srikandhi
Yudhistira lan Drupadi
Kresna lan Sembadra
Rama lan Sinta
Toya ingkang kanggé siram calon ibu kaparingan sekar setaman, déné ingkang limrah kaginakaken utawi sinebut sekar setaman inggih punika …
mawar, mlathi lan telasih
mawar, kenanga, lan telasih
mawar, melathi lan kanthil
semboja, kanthil, kenanga
semboja, mlathi, kanthil.
Sungkeman ing upacara tingkeban urutan ingkang nindakaken sungkem ingkang sepisanan inggih punika …
Calon ibu lan calon bapak dhumateng bapakipun calon bapak
Calon ibu lan calon bapak dhumateng bapakipun calon ibu
Calon ibu lan calon bapak dhumateng ibunipun calon bapak
Calon ibu lan calon bapak dhumateng ibunipun calon ibu
Calon ibu dhumateng calon bapak
Rikala nindakaken siraman, calon ibu dipunsirami dening...
7 wanita calon ibu sanese
Bapak, ibu, lan kulawarga garwanipun cacahipun 7
7 wanita ingkang sampun palakrama lan kagungan putra
7 Tiyang ingkang sampun palakrama saking kulawarga calon ibu
Garwanipun/ clon bapak
Sasampunipun nindakaken siraman calon ibu lajeng sesuci, déné toya ingkang kanggé sesuci punika toya ingkang medal saking …
klapa mudha
kendhi
keran toya
èmbèr
siwur
Sasampunipun nindakaken sesuci, ing upacara tingkeban lajeng katindakaken pecah pamor ingkang gadhah sedya …
minangka pralambang mecah kawah/ketuban
minangka pralambang mbikak kori ingkang kanggé miyosipun jabang bayi.
ngicali sedaya sesuker/rereged ingkang wonten ing jiwa raganipun calon ibu.
minangka pralambang kanggé mecah pamoripun calon ibu supados mencorong
téjanipun
minangka pralambang panyuwunan supados ponang jabang bayi miyos kanthi pamor ingkang mencorong.
Kanggé pralambang donga panyuwunan dhateng Gusti supados putra ingkang kakandhut punika ing bénjangipun dadosa tiyang ingkang tansah bekti dhateng Gustinipun, calon ibu ngagem nyamping kanthi bathik …
truntum
udan riris
lasem
dringin
wahyu tumurun
Kanggé pralambang donga panyuwunan dhateng Gusti supados putra ingkang kakandhut punika ing bénjangipun dadosa tiyang ingkang gesangipun prasaja, migunani tumraping sasama, calon ibu ngangem nyamping kanthi bathik …
truntum
udan riris
lasem
dringin
wahyu tumurun
Tiyang gesang punika boten uwal saking kalepatan, semanten ugi calon ibu ingkang nembé nggarbini. Pramila calon ibu kaprayogèkaken tansah puruna nyuwun pangapunten dhateng tiyang sepuh lan garwanipun. Kanggé pralambang piwucal punika ing upacara tingkeban kawujudaken ubarampé ingkang wujudipun…
pasung
kupat plethèk
cenil lan klepon
srinthil thiwul
apem
Jenang ingkang kadamel saking glepung beras ingkang kaparingan gendhis. Ing tengahipun kaparingan pisang ingkang wetah.Punika mujudaken pralambang donga supados putra ingkang kakandhut ing mangkénipun saged miyos kanthi cepet dipunwastani...
jenang procot
jenang sumsum
jenang palang abang-putih
jenang baro-baro
jenang abang-putih
Gambar punika salah satunggaling wujud tumpeng minangka ubarampe ing upacara mitoni. Tumpeng punika gadhah teges utawa pralambang...
Punika nedahaken bilih anggènipun nggarbini sampun ngancik 7 wulan. Tumpeng lan lawuhipun punika minangka wujuding pralambang donga supados gesangipun tansah kaparingan kamakmuran.
pralambang panyuwunipun tiyang ingkang dipundamel tumpeng tansah diubengi (obyong-obyongi) sanak kadang saha tangga tepalih.
Minangka pralambang sikap andhap asor
punika mujudaken panyuwunan dhateng Gusti Allah mugi-mugi kulawarga ingkang nembé nindakaken upacara tingkeban tansah kaparingan pepadhang
minangka pralambang bilih satunggaling ibu nembé nggarbini lan sampun siyaga badhé nglairaken.
Tumpeng robyong punika salah satunggaling wujud tumpeng minangka ubarampe ing upacara mitoni. Tumpeng punika gadhah teges utawa pralambang...
Punika nedahaken bilih anggènipun nggarbini sampun ngancik 7 wulan. Tumpeng lan lawuhipun punika minangka wujuding pralambang donga supados gesangipun tansah kaparingan kamakmuran.
pralambang panyuwunipun tiyang ingkang dipundamel tumpeng tansah diubengi (obyong-obyongi) sanak kadang saha tangga tepalih.
Minangka pralambang sikap andhap asor
punika mujudaken panyuwunan dhateng Gusti Allah mugi-mugi kulawarga ingkang nembé nindakaken upacara tingkeban tansah kaparingan pepadhang
minangka pralambang bilih satunggaling ibu nembé nggarbini lan sampun siyaga badhé nglairaken.
Gambar punika salah satunggaling wujud tumpeng minangka ubarampe ing upacara mitoni. Wonten sakiwatengenipun tumpeng punika dipuntata maneka warna jenang, ing anawisipun... (pilih 3 wangsulan)
jenang baro-baro
jenang abang
jenang lare
jenang sumsum
jenang palang abang
Gatosaken gambar punika, prosesi kados wonten gambar punika, gadhah ancas kangge...
"ngresiki" lahir batos ibu saking sesuker
nyuceni dhiri
nglambangaken jabang bayi lahir kanthi slamet
minangka pralambang pangebekti calon tiyang sepuh dhateng kulawarga
nglambangaken gesang ingkang gemebyar lan kados pundi anggenipun nyikapi
Gatosaken gambar punika, prosesi kados wonten gambar punika, gadhah ancas kangge...
"ngresiki" lahir batos ibu saking sesuker
nyuceni dhiri
nglambangaken jabang bayi lahir kanthi slamet
minangka pralambang pangebekti calon tiyang sepuh dhateng kulawarga
nglambangaken gesang ingkang gemebyar lan kados pundi anggenipun nyikapi
Gatosaken gambar punika, prosesi kados wonten gambar punika, gadhah ancas kangge...
"ngresiki" lahir batos ibu saking sesuker
nyuceni dhiri
nglambangaken jabang bayi lahir kanthi slamet
minangka pralambang pangebekti calon tiyang sepuh dhateng kulawarga
nglambangaken gesang ingkang gemebyar lan kados pundi anggenipun nyikapi
Prosesi ingkang nglambangaken sampun dipunbikak dalan lahir jabang bayi lan kangge ngilangi sedaya alangan nalika lahiran inggih punika...
siraman
brojolan
wiyosan
nigas janur
pantes-pantes
Batik wonten gambar, salah satunggaling batik ingkang dipunginakaken ing upacara mitoni, ingkang gadhah teges...
mujudaken pralambang panyuwunan dhateng Gusti Allah mugi putra ingkang kakandhut ing tembé wingkingipun dadosa tiyang ingkang gadhah budi pakerti ingkang luhur.
mujudaken pralambang panyuwunan dhateng Gusti Allah mugi bebudèn luhur saking tiyang sepuhipun saged nurun dhateng putra ing kakandhut.
mujudaken pralambang panyuwunan dhateng Gusti Allah mugi putra
ingkang kakandhut ing tembé wingkingipun dados tiyang ingkang tansah
migunani dhateng sesaminipun lan saged gesang prasaja.
mujudaken pralambang panyuwunan dhateng Gusti Allah
mugi putra ingkang kakandhut gadhah drajat lan ngèlmu ingkang
mumpangati.
minangka pralambang bilih sedaya
tumindak kedah linandhesan utawi dipundhasari niat ingkang suci.
