wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SOAL UAS BAHASA JAWA KELAS X

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki sing kalebu artikel yaiku ....

a)

gegutritan

b)

aksara jawa

c)

koran

d)

instagram

2.

TEGAL – Bocah enom sing arané Hasyim seka Désa Kabukan, Kecamatan Tarub, Kabupatén Tegal nduweé kisah inspiratif. Bocah enom 31 taun kiyé suksés njalakna bisnis meresi susu kambing etawa, senajan dhéwéké tunarungu. Maring PanturaPost, Hasyim nyritakna kepibén nglakokna bisnisné. Dhéwéké ngungkapna, usaha kuwé wis dirintis sajegé taun 2015. Wektu kuwé, dhéwéké mung nduwéni wedhus enem. Nganti akhiré saiki wedhusé wis dadi puluhan.

“Saiki wis nduwéni 52 wedhus Peranakan Etawa yakuwé 1 wedhus lanang lan 51  wedhus wadon,” ungkapé maring PanturaPost nang umahé, dina Rebo (19/10/2022). Nggo ngampangna komunikasi, wawancarané nganggo bahasa isyarat lan nganggo alat bantu.

Anak kelima seka pasangan Mustofa lan Khoimah kiyé ngaku sadina produksi susu wedhusé rata-rata bisa nganti 40 liter. Hasil susu wedhus kiyé dikirim nggal minggu maring Yogyakarta nggo didadékna susu bubuk wedhus.

“Yén sing dikirim maring Yogyakarta rega sa literé didol Rp 24 éwu. Tapi nggo wong-wong kéné didol Rp 19 éwu sa liter,” jaréné.

Wektu ngelola usahané, Hasyim diréwangi daning wong siji sing tugasé meresi susu. Meresé sadina ping pindo. Yakuwé ésuk lan soré.

“Sadinané wedhusé diwéin panganan suket lan ampas tahu sadina ping telu, ampas tahu fungsiné ébén produksi susuné tambah akéh,” jaré Hasyim.

Waktu ditakonu omzet rata-rata sadinané Hasyim ngungkapna, sadinané dhéwéké bisa ngesaki duwit Rp 760 éwu. Nggo biaya operasional sadinané sekitar Rp 200 éwu.

Mustofa bapa kandungé Hasyim nyritakna, senajan anaké nduwéni kekurangan, tapi cerdas nemen lan nggawé bangga.

“Pertama pisan nyong maraih usaha kiyé, nyong ngaseng maring salah siji peternak wedhus nang Pagongan Tegal. Mung sapisan Hasyim ngileng dhéwéké langsung paham lan nyong tukuna wedhus enem,” ungkapé Mustofa.

Mustofa ngrasa syukur nemen anaké bisa suksés njalakna usaha kiyé. Dhéwéké ngarep-arep, apa sing dilakoni anaké bisa mékena manfaat maring lingkungan sekitar. Kaya mbuka peluang lapangan kerja nggo masarakat. (*)

Sapa bocah enom sing dicritake iku mau...

a)

Hasna

b)

Hasyim

c)

Hasan

d)

Husen

3.

Saka berita bocah enom mau isine asipat...

a)

karangan

b)

fakta lan informatif

c)

bahasane angel dimangerteni

d)

isine dawa lan ora cetha

4.

Wujud artikel ana 4, yaiku Artikel praktis, artikel ringan, artikel opini, lan artikel ilmiah.

Artikel praktis yaiku tulisan babagan ketrampilan tinimbang pengembangan kawruh. Asipat naratif, tegese disusun miturut urutan wektu, kedadeyan, lan tahapan utawa langkah.

Tuladha sing kalebu artikel praktis yaiku...

a)

Manfaat maca buku.

b)

Dampak gawa HP kanggo bocah ing pelajaran.

c)

Macem-macem e bocah enom jaman saiki.

d)

Carane gawe seblak cuanki.

5.

Jinis artikel ana 5, yaiku Artikel deskripsi, artikel narasi, artikel eksposisi, artikel persuasi, artikel argumentasi. Artikel deskripsi yaiku artikel kang ngandharake tumrap apa sing diamati kanthi langsung. menehi gambaran ngenani samubarang tartamtu.

Ing ngisor iki sing kalebu artikel deskripsi yaiku....

a)

Kelasku ana ing sisih wetan lan aneg dhuwur. Madep ngulon ing tengah-tengah saka ruang 20 lan 22.

b)

Dina minggu aku ora melu outbound ing Glagaharum amarga sadulurku saka Surabaya negndangi aku. Mesakne yen arep tak tinggal lunga.

c)

Koran yaiku media cetak kang isine ana macem-macem berita anyar lan bisa menehi kawruh dening sing maca.

d)

Instagram yaiku aplikasi bocah enom kang isine arupa macem, bisa kanggo hiburan lan posting gambar.

6.

Ngingah Pitik

Bapakku nduwe usaha ngingu pitik sing terkenal ning desaku. 5 kandang pitik dideleh ning mburi omah. Saben kandang pitik kui ukurane 5 x 6 meter sing cukup dinggoni 50 pitik.

Aku saben esuk ngewangi bapak makani pitik-pitik gen cepet gedhe lan iso payu larang. Pakan pitik sing dicepakne nggo makani macem-macem, mulai seko beras, jagung, nganti dedak.

Gen oleh rego murah, pakan kui dituku seko tengkulak sing wis dadi langganan suwe. Tigan seko pitik-pitik iku dijupuki saben dino nek nemu. Alhamdulilah keluargaku iso nggawe usaha dewe.

Aku dewe seneng banget sinau soal ngingu pitik langsung karo bapak. Aku duweni cita-cita yen suk gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku gen luweh gedhe.

Saka cerita kasebut, kalebu jinising artikel....

a)

Deskripsi/Gambaran

b)

Narasi/crita

c)

Eksposisi/Informasi

d)

Persuasi/Ngajak pamaca

e)

Argumentasi/gagasan/opini

7.

Jinis wayang ing ngisor iki sing umure paling tuwa yaiku wayang....

a)

Purwa

b)

beber

c)

golek

d)

Wong

8.

Wayang sing kagawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan/lembaran, kaaran...

a)

Wayang Beber

b)

Wayang Klithik

c)

Wayang Golek

d)

Wayang Purwa

9.

Ana ing sawijining dina Begawan Abyasa, Madrim, Puntadewa, Yamawidura, Kunti, lan Bima kumpul ing kraton nunggu baline Prabu Pandhu.

Ora suwe dumadakan teka salah siji utusan saka Pandu kang anggawa warta yen Prabu Pandu nembe wonten tugas ndereke Basudewa tindak ana ing tlatah Mandura.

Dewi Kunthi kang nembe mbobot tuwa banjur nglahirake jabang bayine.

Saka kelahiran iku bayi kang lagi wae mbrojol saka njero weteng Dewi Kunthi banjur digendong dening Bima sing ora liya yaiku kakang saka jabang bayi kui mau.

Bima nggendong adhine menyang tlatah Mandura kanthi kawalan saka Begawan Abyasa.

Ana ing tlatah Mandura, Ugrasena sowan wonten Dewi Mahendra lan Dewi Bandraini.

Piyambake sedaya pada nunggu kerawuhan Basudewa.

Ora suwe banjur Raja Basudewa dumugi kanti diderekake dening Padu lan Arya Prabu. Dewi Badraini kang ugo nembe mbobot tuwa banjur nglairake jabang bayi kang ayu lan diparing asma Sumbadra.

Ora suwe Bima teka ana ing Mandura kaliyan nggendong bayi lanang yaiku adhine dewe kanti kawalan Begawan Abyasa.

Banjur bayi iku dicaosake dening Prabu Pandu kang ora liya yaiku bapakne.

Banjur Pandu paweh asma dening bayi iku kanti jeneng Parmadi, semono uga Begawan Abyasa paweh jeneng Palguna dening anak Dewi Kunti, sawetara Bima dados kakange paweh jeneng Jlamprong dening bocah kui.

Bocah iku sakmangkih dadi ksatria kang bagus lan kuat, kalebu ana ing bagian Pandawa Lima kanti julukan terkenal yaiku Arjuna.

Ona ing papan kui sakmenika awonten bayi loro kang gadah asma Parmadi lan Sumbadra, banjur Basudewa mangku keloro bocah kui, Parmadi ana ing pupu tengen lan Sumbadra ana ing pupu kiwane Basudewa.

Saka kunu keloro bocah kui dijodohake kawit bayi cenger lan Basudewa sabda yen saka keloro bocah iki sesok bakal anurunake keturunan kang dadi raja.

Sapa sing dilahirake ing crita kasebut....

a)

Abyasa

b)

Arjuna

c)

Pandawa 5

d)

Arya Prabu

10.

Wayang kang digawe saka kayu lan diklambeni kaya dene manungsa diarani wayang...

a)

kulit

b)

klithik

c)

beber

d)

golek

11.

Nalika aku arep budhal sekolah liwat pinggir sawah, ana bocah tibo ngglundhung saka sepedha e. Merga ora ana ora sing nulung, bocahe nangis kepiyer nganti raine abang mbranang.

Tembung saroja sing ana ing crita kasebut yaiku....

a)

Tibo ngglundhung

b)

nangis kepiyer

c)

abang mbranang

d)

budhal sekolah

12.

Awake kuru semangka.

Ukara ing dhuwur, diarani tembung....

a)

Purwakanthi

b)

Sanepa

c)

Saroja

d)

Entar

13.

Aku duwe adik bayi. Dedege dhuwur kencur.

Tembung Dedege dhuwur kencur, diarani....

a)

sanepa

b)

saroja

c)

entar

d)

purwakanthi

14.

Langite awan iki petheng dhedet, nganti ora katon apa sing tak sawang.

Tembung Peteng Dhedet, diarani Tembung....

a)

Sanepa

b)

Saroja

c)

Entar

d)

Purwakanthi

15.

Adhem ayem.

Kalebu tembung....

a)

Saroja

b)

Sanepa

c)

Purwakanthi

d)

Entar

16.

Anak barep, barep rejekine.

Ukara kasebut kalebu aneng tembung...

a)

Purwakanthi

b)

saroja

c)

Sanepa

d)

Entar

17.

Ana awan, ana pangan.

Tembung kasebut diarani...

a)

Purwakanthi

b)

Sanepa

c)

Saroja

d)

Entar

18.

Sluman, Slumun, Slamet.

Tembung kasebut diarani tembung purwakanthi...

a)

Sastra

b)

Swara

c)

Lumaksita

d)

Entar

19.

Ngombe wedang, wedange jahe abang.

Tembung kasebut diarani purwakanti jenis....

a)

Sastra

b)

swara

c)

entar

d)

Lumaksita

20.

Wayang umume bisa kagawe dadi wujud rong dimensi lan telung dimensi. Dene sing awujud telung dhimensi lumrahe kagawe saka....

a)

Suket

b)

Kain

c)

Walulang

d)

Kayu