NEW
Font size
WorksheetsPAS BHS JAWI KELAS XII GASAL 2022
Total questions: 60
Worksheet time: 5hrs 20mins
Wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos, supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijing objek, sifat saka wacana iki menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayogi (saran) lan ngandharake sawijining bab. Wacana iki sinebut?
wacana deskripsi
wacana argumentasi
wacana narasi
wacana eksposisi
wacana persuasi
Kang diarani data faktual yaiku ... .
sawijining analisis utawa penapsiran obyektif marang seprangkat fakta
sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyan, ana lan asipat historis (bisa dicritakake kanthi cetha)
njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan
fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan
basa pawarta tanpa rasa subyektif lan emosional
Sing dudu ngemot perangan-perangan wacana eksposisi yaiku....
njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan
mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar lsp
mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan lan fakta
nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan ,sikap lan keyakinan
sumber saka crita kang ora dunung sapa sing gawe
Basa kang digunanake ing wacana ekposisi becike kudu ....
tanpa rasa subyektif lan emosional
ngayawara supaya katon akeh tulisane
adhedhasar karep saka panulise
subyektif lan emosional
cekak aos
Gaya panulise wacana eksposisi becike kudu....
sakperangan kudu disingitake
informatif lan ngyakinake
nurut saka welingan
akeh nggunakake basa rinengga
gawe was-was lan tintrim
Ing ngisor iki irah-irahan kang kalebu wacana eksposisi yaiku ... .
mula bukane senthong gamelan
saben dina sekolahku ana ekstra karawitan
ayo padha gladhen karawitan
apa akibate ora gelem nguri-uri gamelan
paedahe nguri-uro galeman jawa tumra siswa
Perangan gamelan kang digawe saka kayu kang dibolongi nganti tembus banjur bolongna iku ditutup nganggo kulit kewan, kayata sapi/kebo/wedhus yaiku ... .
gambang
rebab
gong
bonang
kendhang
Piranti gamelan kang digawe saka kayu blebekan/wilahan, umume ana 17 nganti 21 wilah lan disusun jejer-jejer urut saka nada cendhek nganti tekan dhuwur dhewe, yaiku ... .
gambang
kendhang
suling
saron
slenthem
Gong, kenong, bedhug lan bonang carane nabuh, yaiku ... .
dithuthuk
disebul
digesek
dikeplak
dipetik
Piranti galeman kang cara nabuhe digesek yaiku ....
gong
slenthem
kendhang
kenong
rebab
Piranti gamelan cara nabuhe dikeplak nganggo epek-epek (tlapak tangan) yaiku ...
gong
slenthem
kendhang
kenong
rebab
Apa jeneng gambar ing dhuwur?
gender
saron
kenong
gambang
slenthem
Apa jeneng piranti gamelan ing dhuwur?
gender
saron
kenong
gambang
rebab
Apa jeneng piranti gamelan ing dhuwur iku?
gender
saron
kenong
gambang
kendhang
Apa jeneng piranti gamelan ing dhuwur?
gong
slenthem
kendhang
kenong
rebab
1. Aksara Jawa kalebu sawijining asil pambudi dayane para leluhur. Minangka tedhak turunne, wis salumrahe kudu nresnani kanthi cara nyinaoni. Nalika nulis aksara Jawa kudu nduweni sawetara kawruh bab …
sandhangan, pasangan, aksara swara
guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
wirama, wirasa, wiraga
purwakanthi lan lelewaning basa
sinduran, midak endhog, balangan
Aksara Swara menika kangge nyerat tembung-tembung manca (tembung saking basa asing) ingkang ngandhut huruf vokal wonten ing salebetipun tembung. Huruf ingkang dipunmaksud antawisipun …
A, I, U, E, L
A, I, U, E, X
A, I, U, E, O
A, I, U, E, U
A, I, U, E, F
Paugeran panulisan tembung-tembung manca (tembung saka basa asing) kanthi huruf vokal ing aksara Jawa migunakake aksara swara. Tembung-tembung manca kanthi huruf vokal ing teks kasebut yaiku ...
Ismail, Informatika, universitas, April, iki, Indhonesia.
Ismail, Informatika, Oktober, indhustri, Indhonesia.
Ismail, Informatika, universitas, Oktober, arep, Indhonesia.
Ismail, Informasi, universitas, aku, indhustri, Indhonesia.
Ismail, Informatika, ukir, Oktober, indhustri, Indhia.
Pratelan iki bener minangka paugeran panulisan Aksara Swara, kajaba ...
aksara swara ora kena dadi pasangan
aksara swara ora diwenehi pasangan.
aksara swara ora kena ditrapi sandhangan swara.
kanggo nulis kabeh tembung kanthi huruf vokal.
kanggo nulis tembung manca kanthi huruf vokal.
Ing jagading kedhokteran akeh tokoh kang duwe jasa. Ana Ibnu Sina, kang kondhang minangka Bapak Kedhokteran.
Ukara kasebat menawi kaserat aksara Jawa, ngginakaken aksara Swara wonten ing tembung …
ing
akeh
ana
Ibnu
Sina
Ageman menika meh sami kaliyan ageman kangge para kanca abdi dalem kaji, bedanipun, perangan wingking krowokan. Ageman menika kawastanan .....
beskap
sikepan
surjan
atela
antari
Perangan busana Jawa kakung menika kawastanan ......
cenela
lonthong
kamus
dhestar
timang
Kanthi warni kain abrit mawi motif/corak, dipunagem dening nyamping busana penganten, tengah kampuh ratu, clana, ugi lonthong, kain menika kawastanan......
kemben
sinjang
cindhe
tumpal
bebet
Perangan busana menika kawastanan menapa?
kamus
timang
cenela
dhestar
wangkingan
Model ngagem keris menika kawastanan ....
modhel mangking
klabang pinipit
ngogleng
ngewal
netep
Model/caranipun ngagem keris wonten ing gambar menika kaginakaken nalika ....
mara seba/kagem pahargyan
mlebet wonten papan ingkang suci
marak dhumateng tiyang ingkang dipunkurmati
gladhen beksa
majeng perang
Ingkang sinebat sabuk wala, inggih menika ....
nyamping ingkang dipunagem dening putri ingkang umuripun watawis 7-12 taun
sabuk saking kain dipunangge sesarengan kamus
sabuk ingkang dipunginakaken dening para prajurit
kain ingkang kaginakaken minangka gentosipun sabuk
nyamping ingkang sepalih diagem sabuk, sepalih diagem nyampingan
Model ngagem keris menika kawastanan ....
klabang pinipit
ngewal
netep
mangking
ngogleng
Cara panganggenipun keris wonten gambar, kaginakaken kala menapa?
para prajurit sowan raja
prajurit kraton ngasta bedhil
para abdi dalem gladhen beksan
nalika nindakaken ibadah wonten papan suci
kagem para among tamu wonten pahargyan
Ageman wonten gambar kasebat kawastanan menapa?
tangkepan
beskap
antari
atela
dhestar
Sinten ingkang ngagem busana ingkang wonten ing gambar?
para abdi dalem kaji
para prajurit ingkang badhe tindak kaji
para abdi dalem ingkang badhe winisuda
para abdi dalem ingkang sowan para ulama
para prajurit ingkang saweg dherek pengaosan
Andharan menika ingkang trep babagan busana Jawi inggih menika ...
wiron kakung wiyaripun watawis 2 nyari
wiron kakung wiyaripun watawis 3 nyari
wiron kakung lan putri seredipun wonten lebet
wiron kakung lan putri madhepipun sered sami
corak kain parang madhepipun tumrap putri sami kaliyan kakung
Caranipun nganggem nyamping ingkang leres, inggih menika .....
Jarik – lonthong – stagen – timang –kamus
jarik – lonthong – stagen – kamus – timang
jarik - timang– kamus – lonthong – stagen
jarik – kamus – stagen - lonthong – timang
jarik – stagen – lonthong –kamus - timang
Gambar keris kasebat, corakipun.......
branggah Yogyakarta
gayaman Surakarta
ladrang Surakarta
ladrang Yogyakarta
branggah Surakarta
Ingkang ngginakaken ageman beskap, inggih menika ....
para putra raja
abdi dalem selebeting Kraton
tiyang njawi Kraton ingkang dherek upacara wonten kraton
calon mantu raja saking raja saking tlalah sanes
sentana dalem lan para sedherek Raja
Ingkang ngagem busana pranakan, inggih menika ....
para putra raja
para ulama
abdi dalem
para abdidalem kaji
para prajurit
Corak kain tumrap busana para abdi dalem, inggih menika ....
lurik ijo
sembagen
kembang batu
kain polos
lurik telupat
Andharan menika ingkang kelebet kain jarik ingkang kaginakaken wonten Yogyakarta, inggih menika ....
seredipun awarni pethak
seredipun awarni coklat enem
mawi warni ingkang kathah
wonten tumpalipun
dhasar warni abrit
Ingkang sinebat busana takwa, inggih menika ....
pranakan
sikepan
atela
surjan
beskap
Rasukan kebaya ingkang dipunagem dening para pawestri wonten tlatah Ngayogyakarta, inggih menika ....
kebaya kuthu baru
kebaya encim
kebaya seredan
kebaya semekan
kebaya tangkepan
Geguritan iku asale saka tembung "gurit" kang ngemu teges ...
Gatra
Irama kang endah
Basa kang endah
Pupuh
Tembang utawa kidung
Ing geguritan ana pamilihing tembung-tembung endah kang diarani ....
diksi
tema
alur
rima
gaya bahasa
Geguritan kang migunakake paugeran tartamtu diarani....
tembang tradisional
tembang modheren
geguritan gagrag anyar
geguritan gagrag lawas
geguritan modheren
Geguritan kang diarani Hastha gatra, cacahe gatra ing geguritan ana....
lima
enem
pitu
wolu
sanga
Gagasan pokok kang dikarepake dening penulis geguritan diarani....
rasa pangrasa
sudut pandang
amanat
tema
nada utawa lagu
Ing ngisor iki kalebu struktur geguritan kang wujude larik-larik yaiku ....
pamilihing tembung
majas utawa gaya bahasa
rima utawa sajak
tipografi
rasa pangrasa
Munggah mudhune swara nalika maca geguritan diarani ....
wirasa
wirama
wiraga
syair
wicara
Tanda ----> iku pratandha menawa ....
swara mudhun
swara munggah
swara dhatar
swara sora
swara alon
Ing ngisor iki tandha jeda kanggo mandheg rada suwe yaiku ....
#
//
/
# #
/#/
Pethilan geguritan :...mitra, apa kita tetep ngelus jaja...
Tegese tembung "jaja" ngemu teges....
ati
dhadha
weteng
bathuk
lambe
Titir saka Desa
Dak rungu titir saka desa
Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang nguda rasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sang pujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasusastran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!
Amanat kang trep saka geguritan kasebut yaiku...
jaman biyen ana titir
jago kluruk wayah sore iku pratanda becik
ha na ca ra ka iku kasusastran Jawa
kabudayan Jawa arep ilang
aja nglalekake budaya Jawa
Ing ngisor iki tandha jeda kanggo mandheng sawetara yaiku....
#
//
/
///
# #
Curuk Sewu
Rembulan kang singidan
Satengahe gegrumbulan
Jurang lan grojogan
Katon nyungging esem
Mrepegi kang lagi prapta
Latar wektu saka geguritan ing dhuwur yaiku....
esuk
awan
wengi
subuh
surup
Pethilan geguritan..
Sunare netramu agung sinawang
Tanpa ngidhit sengit lan nyangga rubeda
Ing sela-selane panoramamu
............
Lelewaning basa kang digunakake dening panganggit kasebut yaiku....
metafora
repetisi
hiperbola
personifikasi
litotes
Curuk Sewu...
Rembulan kang singidan
Satengahe gegrumbulan
Jurang lan grojogan
Katon nyungging esem
......
Pangganggit migunakake imajinasi arupa ....
woh-wohan
alam
lintang
wektu
panggonan
Geguritan kang diarani catur gatra, cacahe gatra ing geguritan ana ....
lima
papat
enem
pitu
sepuluh
Kang kalebu wiraga utawa penampilan ana ing maca endah geguritan yaiku....
Wirama utawa vokal
Gestur lan swara
Wirasa
Gestur lan Wirasa
Gestur lan mimik
Kang kalebu wiraga ana ing maca endah geguritan ...kejaba
ekspresi
penghayatan
patrap/solah bawa
obahing awak
pasemon
Tembung-tembung kang endah ana ing geguritan, kaya dene...kejaba
Tembung kawi
Purwakanthi
Panyandra
Pepindhan
Andhahan
Pethilan geguritan....
Hawa adem njekut dadi anget...merga esemmu
lelewaning basa kang digunakake....
Personifikasi
Hiperbola
Metafora
litotes
repetisi
