wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAF - BAHASA JAWA 8-A

Total questions: 15

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

 

“ Panjenengan wau dalu anggenipun tilem jam pinten, sakmenika kok sampun tangi?”

 

Sing kudu dibeneri saka ukara ing nduwur yaiku tembung....   

a)

Panjenegan diganti Sampeyan

b)

Pinten diganti piro

c)

Tilem diganti sare

d)

Dale diganti dalu

2.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki

1.        Kepriye carane ngembangake usaha batik “Sekar Jagad” punika pak?

2.        Kados pundi caranipun ngembangake batik “Sekar Jagad” punika pak?

3.        Kenging punapa kok opah buruh awis pak ?

4.        Sinten ingkang paring bantuan ?

 

Ukara pitakon ing nduwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer....

a)

2,4

b)

1,4

c)

1,3

d)

1,2

3.

Sedurunge  nindakake wawancara luwih ndisik kudu nyiapake daftar pitakonan minangka pedoman nalika nindakake wawancara. Pedoman wawancara ditulis lelandesan 5W+1H, yaiku....    

a)

Apa, sapa, kapan, neng, endi, sing endi, lan kepriye

b)

Apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye

c)

Apa, sapa, kapan, geneya, seng endi, lan kepriye

d)

Apa, sapa, kapan, kenapa, endi, lan ya’apa

4.

Gatekna wacana ing ngisor iki!

 

Roby    : “ Pak Adi, nuwun sewu, menapa leres nanem sayuran kanthi cara hidroponik menika mboten perlu mbatehaken papan ingkang wiyar?”

Pak Adi : “ Iya pancen bener, nanging olehe ngopeni ya kudu tenanan lan insentif. Senajan jumlahe mung setitik, nanging asile ora kalah karo sing ditandur ing papan sing amba”

Roby  : “ Lajeng menapa keawon bahan lan pirantos ingkang dipunbetahaken?”

Pak Adi : “ Kanggo nandur sayuran semi hidroponik mbutuhake bahan lan piranti: rabuk kandhang, rabuk NPK,rabuk godhong, lemah kebon, multi mikroba, fungisida, zat kanggo ngrangsang tuwuh, inih sayuran, polybag, ajir, tali rafia, gembor, sekop, cethok, pacul, gunting, lan handsrayer”.

Roby    : “ Sesampunipun sedaya bahan lan piranti kalawau sampun siyap, lajeng kados pundi caranipun?”

Pak Adi : “ Ngene, sinambi ngenteni gedhene winih sing didhedher, polibag diiseni lemah sing wis dicampur karo rabuk akndhang kanthi ukuran 1:1. Rabuk kandhang sing digunakake kudu sing wujude kaya lemah. Polibag mau banjur diselehake ing papan sing oleh soroting serngenge”.

 

Sing dadi judul wawancara ing nduwur yaiku....

a)

Carane nandur sayuran kanthi hidroponik

b)

Carane ngolahi sayuran kanthi cara hidropinik

c)

Carane masrake sayuran sing ditandur hidroponik

d)

Carane mbiyantu masarake sayuran kanthi hidroponik

5.

Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

1.        Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara

2.        Teks wawancara ditulis sawise nindakake wawancara

3.        Dhata ditulis kanthi runtut lan ganep manut asil wawancara

4.        Carane nulis sing takon minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber

 

Urutane kanggo nyusun laporan asil wawancara yaiku....

a)

1, 3, 2, 4

b)

1, 2, 4, 3

c)

2, 3, 1, 4

d)

2, 4, 1, 3

6.

Gatekna petilan teks wawancara ing ngisor iki!

 

Pewawancara : assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Narasumber    : wa’alaikumsalam warohmatullahi wabarokatuh

Pewawancara : buk, kula badhe taken carane gawe tahu. Ibu saged nopo mboten?

Narasumber     : saged kemawon, monggo

Pewawancara   : namine ibu sinten?

Narasumber      : nami kula bu Yuli

Pewawancara    : usaha ibu alamatipun teng pundi?

Narasumber      : kula usaha teng Surabaya

Pewawancara    : nomor telepon ibu pinten?

Narasumber      : kula mboten gadhah nomer telepon

Pewawancara    : sinten kemawon ingkang ndhirikaken usaha pabrik tahu menika?

Narasumber : kulo sakeluarga sing ndirikna

Pewawancara : wiwit taun pinten usaha tahu gadhahanipun ibu didirikaken?

Narasumber : wiwit taun 1956

Pewawancara : wonten total model ingkang dibutuhaken ibu kangge buka usaha tahu menika?

Narasumber : alat, penggilingan, mesin lan sedaya bahan keseluruhan butuh yatra ngantos limang juta

Pewawancara : rata rata, setunggal dintenipun ibu angsal penghasilan pinten?

Narasumber : mboten mesti kira-kira antara 30.000 ngantos 70.000

 

Kang kelebu struktur isi saka pacelathon ing nduwur yaiku....

 

a)

kula mboten gadhah nomer telepon

b)

Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

c)

Mboten mesti kira-kira antara 30.000 ngantos 70.000

d)

Buk, kula badhe taken carane gawe tahu. Ibu saged nopo mboten?

7.

Gatekna petikan wawancara ing ngisor iki!

 

Pewawancara : assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Narasumber    : wa’alaikumsalam warohmatullahi wabarokatuh

Pewawancara : buk, kula badhe taken carane gawe tahu. Ibu saged nopo mboten?

Narasumber     : saged kemawon, monggo

Pewawancara   : namine ibu sinten?

Narasumber      : nami kula bu Yuli

Pewawancara    : usaha ibu alamatipun teng pundi?

Narasumber      : kula usaha teng Surabaya

Pewawancara    : nomor telepon ibu pinten?

Narasumber      : kula mboten gadhah nomer telepon

Pewawancara    : sinten kemawon ingkang ndhirikaken usaha pabrik tahu menika?

Narasumber : kulo sakeluarga sing ndirikna

Pewawancara : wiwit taun pinten usaha tahu gadhahanipun ibu didirikaken?

Narasumber : wiwit taun 1956          

Pewawancara : wonten total model ingkang dibutuhaken ibu kangge buka usaha tahu menika?

Narasumber : alat, penggilingan, mesin lan sedaya bahan keseluruhan butuh yatra ngantos limang juta       

 

Piro modal sing dibutuhake kanggo usaha tahu ?

a)

limang puluh juta

b)

limang juta

c)

telung juta

d)

telung puluh juta

8.

Gatekna petikan laporan asil wawancara ing ngisor iki1

 

“ Pak Molan anggone ngopeni pitik horen suwenen wis meh telung puluh taun. Wiwit isih ngopeni 200 pitik nganti saiki sing cacahe wis 45 ewu pitik. Karyawane uga akeh merga sing ditangani pancene ya akeh. Olehe kirim endhog nganti tekan Surabaya, Jawa Tengah, Jakarta, lan Bandung. Anane bisa kasil merga Pak Molan kuwi wonge pancen ulet, taberi, lan setiti”

 

ukara tanduk sing ana ing ukara ing nduwur yaiku....

a)

ditangani

b)

telung puluh tahun

c)

endhog

d)

ngopeni

9.

Gatekna petikan laporan asil wawancara ing ngisor iki1

 

“ Pak Molan anggone ngopeni pitik horen suwenen wis meh telung puluh taun. Wiwit isih ngopeni 200 pitik nganti saiki sing cacahe wis 45 ewu pitik. Karyawane uga akeh merga sing ditangani pancene ya akeh. Olehe kirim endhog nganti tekan Surabaya, Jawa Tengah, Jakarta, lan Bandung. Anane bisa kasil merga Pak Molan kuwi wonge pancen ulet, taberi, lan setiti”

 

Petikan laporan ing nduwur kelebu laporan asil wawancara ditulis kanthi model.....      

a)

Narasi

b)

Dhialog

c)

Persuasi

d)

Komunikasi

10.

Yen arep nindakake wawancara, kudu nyepakake kaperluan kanggo wawancara. sing kudu disiyagakake paling ndisik yaiku....

a)

Nemtokake narasumber

b)

Ndapuk sawetara/daftar pitakonan

c)

Nemtokake topik wawancara

d)

     Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara  

11.

Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani (a)  

12.

Jroning struktur teks wawancara ana basa kang digunakake, yaiku basa kang tansah nggatekake unggah-ungguh basa. Apa basa kang trep digunakake kanggo wawancara ?

(a)  

13.

"Joko mangan jeruk". Yen digawe ukara tanggap dadi (a)  

14.

Sakwise nindakake wawancara, pewawancara kudu….

(a)  

15.

Sebutna salah siji ukara sing ana ing jroning teks dhialog wawancara ?

(a)