WorksheetsSOAL ULANGAN HARIAN GASAL KELAS XI
Total questions: 27
Worksheet time: 21mins
Serat wedhatama niku kaanggit dening ....
KGPAA Mangkunegara III
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Mangkunegara V
Pakubuwana IV
Pakubuwana V
Serat wedhatama iku salah sawijining kasusastran Jawa kang awujud tembang Macapat. Dene tembung Wedhatama iku asale saka tembung ‘wedha’ lan ‘tama’. Tembung ‘tama’ nduweni teges ....
Ajaran
Piwulangan
Pitutur luhur
Nasihat
Kabecikan
Serat wedhatama iku dumadi saka ... pupuh
10
50
100
200
150
Serat wedhatama kasusastraan Jawa awujud tembang Macapat. Tembang macapat kang kalebu ing serat Wedhatama yaiku ....
Mijil, maskumambang, megatruh, sinom, pocung
Asmaradhana, dhandhanggula, durma, mijil, sinom
Pangkur, Gambuh, Sinom, Pocung, Kinanthi
Sinom, pocung, gambuh, asmaradhana, maskumambang
Maskumambang, gambuh, sinom, kinanthi, pocung
Tembang macapat iku makane nggambarake manungsa. Salah sjine tembang pocung nduweni makna ....
kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé
sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur
A. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
Tembang pocung nduweni watak ....
Asih
Prihatin
Sumanak
Madhep manteb
Luwes
Tembang macapat iku nduweni paugeran. Salah sawijining guru lagu yaiku ....
Cacahing wanda saben sagatra
Cacahing larik saben sapada
Cacahing wanda ing pungkasaning gatra
Tibaning swara ing pungkasaning gatra.
Cacahing gatra saben sapada
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara
Tembang ing dhuwur nduweni guru wilangan ....
8, 12, 8, 7
8, 12, 9, 7
12, 6, 8, 12
7, 11, 8, 7
7, 11, 8, 7
Setya budaya pangekese dur angkara. Tembung pangekese ing pratelan kasebut tegese ....
Amarga
Lega
Tembang
Sinambi
Kang ngalahke
Tegese kas nyantosani. nduweni teges ....
Nyingkiri hawa nepsu
Tegese yen duwe ngelmu bakal menehi kekuwatan
Karonce endahing tembang
Supaya mangerteni panguripan iku ngelmu luhur
Dibeber/diurmati
Rerangken kang awujud gancaran (prosa) kang dawa ngandhut rerangken crita bab panguripan sawijining wong lan wong ing sakupenge kanthi nonjolake watek lan sipate saben paraga diarani ....
Dongeng
Cerkak
Novel
Geguritan
Tembang
Apa wae kang dadi unsur intrinsik Novel ....
Tema, tokoh, agama, watak, alur, amanat
Tema, watak, setting, alur, budhaya, amanat
Agama, budhaya, politik, ekonomi
Tema, agama, budhaya, politik, ekonomi
Tema, tokoh, watak, alur, setting, amanat
Tahapan utawa tataran crita kuwi diarani alur/plot. Tahapan crita kang diwiwiti saka wektu ana kedadeyan sepisan mundhak akibate terus nganti rampung iku diarani alur….
Biasa
Rumit
Mundur
Maju
Maju Mundur
Kang ora kena diilangi nalika damel sinopsis yaiku .…
Unsur intrinsike
Tokoh-tokohe
Monologe
Dialoge
Katrangane
Perangan novel kang minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, bisa ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya, yaiku ....
Tema
Setting
Punjering crita
Penokohan
Watak
Wong kang nindakake jejibahan ngandharake pitutur kang migunani sawijining acara. Kadosta acara mantenan, pasamuan (pesta), supitan, lelayu, acara kumpulan (rapat) lan acara wigati liyane yaiku....
Pawarta
Pariwara
Sesorah
Pambyawara
Pranatacara
Dhumateng Bapak Kepala sekolah smk negeri 1 trucuk ingkang kinurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. ingkang kinurmatan bapak/ ibu staf karyawan, dalasan kanca-kanca smk negeri 1 trucuk ingkang kula tresnani.
Pethikan pidhato ing dhuwur kalebu perangan sesorah ....
Pangajab
Atur Pakurmatan
Atur Pambuka
Salam Pambuka
Dudutan
jinising sesorah wonten 3. salah setunggale yaiku sabdatama. sabdatama yaiku ....
sesorah kang ancase nampa rawuhe tamu ing sawijining pasamuan
sesorah kang ngandharake panemu
sesorah kang isine medharake gagasan utawa isine penggalih
sesorah kang ancase menehi pitutur marang pamirenge kanthi medharake kabecikan
sesorah kang ngandharake bab kasusahan
pambagyaharja adicara temanten, sambutan panitia lomba 17an menika tuladha kagiyatan sesorah kang nduwe ancas ....
kanggo panglipur/ ngayem-ayem/ngilangake rasa susah
kanggo aweh kabar/ informasi
kanggo nampa rawuhe tamu ing sawijining acara
kanggo ngandharake panemu/gagasan
kanggo aweh lelipur
Sesorah kanthi ngawa catetan cilik kang isi balungane sesorah diarani metode ....
impromtu
serta merta
ekstemporan
maca
apalan
Sedherek-sedherek ingkang minulya,Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.
pethilan sesorahing ndhuwur kalebu perangan sesorah
wasana basa
salam pambuka
surasa basa
pangajab
dudutan
Rantaman upacara adat kaya ana gambar ing duwur dijenengi upacara ....
panggih
wiji dadi
tumplak punjen
kacar kucur
siraman
Upacara mantu kaping pisan (anak pertama) di jenengi upacara ....
tumplak punjen
bubak kawah
udik-udik
kembar mayang
mertuwi
siji pesti, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa.tatacara mantu kang maknane wujud bekti mring wong tuwa, yaiku ....
sungkeman
timbang
mertui
kacar kucur
sinduran
tulisan jawa ing dhuwur kawaca ....
keris ora mung wujud gaman
prekara wingit lan asipat mistis
budidaya hamrih haman lan lestari
budidaya hamrih aman lan lestari
budidaya amrih aman lan lestari
Yen sida kondur dina iki aku ora isa ndhereke, dhek. Ukara kasebut kagolong basa ....
ngoko alus
ngoko lugu
krama lugu
krama alus
krama inggil
