NEW
Font size
Worksheetslatihan UAS
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Basa ingkang dipunginakaken basa ingkang kangge ngurmati tiyang ingkang dipun ajak wicantenan, dene basanipun ngginakaken basa krama madya sedaya, ater-ater lan panambangipun ugi dipunkramakaken. Tembung sesulih tiyang, aku dados kula, kowe dados sampeyan, punika pangertosan saking basa....
ngoko alus
krama lugu
krama alus
basa kedhaton
ngoko lugu
Jumadi nganggo kaos warna abang. Basa kramane abang yaiku....
abrit
cemeng
pethak
jambon
jenar
Bu Tari nembe dahar lajeng badhe tindhak peken.
Tata panulisan ukara ing dhuwur ingkang trep yaiku….
Bu Tari nembe dhahar lajeng bade tindhak peken.
Bu Tari nembe dhahar lajeng badhe tindak peken.
Bu Tari nembe dahar lajeng badhe tindak peken.
Bu Tari nembe dhahar lajeng bade tindak peken.
Bu Tari nembe dahar lajeng badhe tindak peken.
Ater-ater hanuswara ing ngisor iki manggon ana ing sajroning tembung….
Kula sampun matur kaliyan Bapak.
pambalap moto GP iku wekasane bisa munggah ana podium.
sawise budhal saka omah, Sariman banjur mangetan menyang dalan iku.
Pak tani saweg macul wonten sabin.
menawa dina Setu, adhiku melu kegiyatan nyanyi lan nglangi.
Bocah-bocah padha cengengesan ngrungokna crita kang dikandhakake Suyatmi.
Tembung cengenges ing ukara inggil kalebu tembung….
dwilingga salin swara
dwilingga semu
dwi purwa
dwi wasana
dwilingga
Mbah Noto tindak peken wingi sonten. Menawa ukara kasebut diudhari miturut jabatan kalimate, tembung kang kalebu perangan wasesa yaiku….
Mbah Noto
tindak
peken
wingi
wingi sonten
Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung yogyaswara yaiku….
Siswa-siswi ing sekolahku menawa dijumlah cacaeh ana 800.
Kumalasari ngisi teka-teki kang ana ing majalah Ancas.
Bagas bengak-bengok goleki adhine ing lapangan.
Bapak Juno pontang-panting golek biaya sekolah kanggo anake.
wis dikandhani bola-bali menawa dolan aja suwe-suwe.
Ing ngisor iki ukara kang ngemot tembung saroja yaiku….
Cindhelaras nyekel pamrentahan, rakyate padha urip ayem tentrem.
urip ing jaman susah kudu bisa nampa kahanan kanthi sabar.
para siswa ditugasi dening bapak guru nandur kembang-kembangan ing taman sekolahan supaya katon endah banget.
putrane Pak Sastro kang arane Sinta pancen duwe paras kang ayune kaya dewa-dewi kang tumurun saka langit.
Mas Bejo nalika dadi manten adus luh awit kelingan marang bapak ibune kang adoh ing rantau.
Sing kudu dicathet lan digatekna nalika ngrungokna pawarta yakuwe, kejawi….
tanggal lan wektu penyiaran
jenenge sing maca pawarta
jenenge acara
sumber acara
kepriwe isine (dudutan/ kesimpulan)
Maca pawarta neng radhio utawa televisi kuwe kudu cetha terwaca, amarga pawarta mau dirungokna neng wong akeh. Nalika maca pawarta, sing kudu digatekake antarane, kejawi….
swarane kudu pas, ora kelirihen uga ora kerosaen
pocapan vocal lan konsonan neng tembung kudu genah
nggatekake tembung lan lafale kudu trep lan cetha
pasuryane lan paningalane kudu mawas prabawa lan trep
dedege kaku kaya wong sing lagi maras
Adhedhasar cathetan saking Dinas Pariwisata kitha Surakarta, gunggunganipun para plancong ingkang ngenggar-enggar penggalih ing saperangan obyek pariwisata saben taunipun mundhak. Tembung penggalih teng pawarta inggil nggadhahi teges....
ati
cacah
jumlah
sirah
kasil
Wong Banyumas siki wis padha isin ngomong Banyumasan. Mergane basa Banyumasan diarani basa sing kasar. Ora ngerti unggah-ungguh. Liyane kuwe wong nganggo basa Banyumasan jere ora gaul, nganggepe basa liya kuwe lewih apik. Contone basa Jogja-Solo kuwe lewih alus, basa Jakarta lewih gaul tur lewih modern. Nganggo basa Jakarta lewih nggaya. Bangkane basa Banyumasan kuwe kalebu basa sing egaliter, ora mbedak-mbedakaken, cocog karo kahanan siki sing lagi nggandrungi demokrasi. Mula….
Ukara sing trep kanggo nggenepi wacan dhuwur sing ora jangkep, yaiku….
dhewek ora susah nganggo basa Banyumasan.
dhewek ora susah peduli maring nasibe basa Banyumasan.
isin nganggo basa Banyumasan kuwe wis lumrah.
mayuh padha ngrumat basa Banyumasan.
wis wajibe ora nganggo basa Banyumasan neng sesrawungan.
Pamaos nalika macakake pawarta kudu bisa mbedakake aksara konsonan ing abjad Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da lan dha, ta lan tha. Perangan iku kalebu keprigelan babagan….
nggunakake pangucap kang trep
pamedhote frasa kang trep
nggunakake intonasi, nada lan tekanan kang trep
ngerteni tandha wacan kanthi trep
swara kang cetha
Bagian umah joglo sing biasa nggo nganakaken pagelaran wayang kulit yakuwe….
senthong
ndalem
gandhok
pringgitan
pendhopo
1.
Miturut perangan arsitektur tradisional, gambar ing dhuwur kalebu jenis omah adat kang atap/ payone awujud….
limasan
joglo
tajug
kampung
panggang pe
Perangane umah joglo sing paling ndhuwur dhewek yakuwe gendheng. Gendheng kiye digawe sekang lemah lan dicampur lempung banjur dibakar. Ukurane gendheng umume amba 25 cm, lan dawane 30 cm. gendheng sing wis dadi warnane oranye. Fungsine gendheng kanggo payon, supaya ora kudanen lan kepanasen.
Katrangan nang ndhuwur kalebu paragraf sing nggambaraken….
proses
kahanan
sipat
urutan
barang
Pantek sing digawe sekang kayu utawa pring sing biyasane dipantekna kanthi cara miring neng ngisoring pengerat fungsine kanggo nyangga blandar, jenenge....
kili
soko rawa
talang
jendela
blandar
Bangunan kanthi payon loro sisi kiwe lan tengen, sawijining bubungan neng tengaeh, yakuwe jenis umah adat jawa jenis….
limasan
joglo
tajug
kampung
panggang pe
Karag iku wujude tipis-tipis bunder cilik, digawe sekang budin sing ditutu banjur diwei bumbu, didang lan diirisi tipis-tipis banjur dipe ngasi garing bar kuwe nembe digoreng. Jeneng liyane karag yaiku....
opak
manggleng
canthir
sriping
nopia
Ana siji maning panganan tradisional sing digawe sekang bahan baku budin, anggone gawe budine diparud banjur diuleni bumbu. Sawise kuwe ditempelna lan ditipisaken neng tutup panci dipasang maning neng panci sing isi banyu umeb nganti adonan mau mateng. Sawise mateng banjur dipe nganti garing. Panganan sing digambaraken neng dhuwur jenenge....
canthir
manggleng
opak
sale
sriping
