wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bhs. Jawa Unen-unen

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang kalebu paribasan yaiku ... .

a)

A. lambe satumang kari samerang

b)

B. pitik trondhol diumbar ing padaringan

c)

C. ana catur mungkur

d)

D. kodhok nguntal gajah

2.

Ing bab tembung sing mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ... .

a)

A. paribasan tembunge ora wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

b)

B. paribasan tembunge wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

c)

C. paribasan tembunge endah, bebasan lan saloka tembunge lugu

d)

D. paribasan tembunge wantah , bebasan lan saloka tembunge lumrah

3.

Mikul dhuwur mendhem jero kalebu ... .

a)

A. paribasan

b)

B. bebasan

c)

C. saloka

d)

D. parikan

4.

Tuladhane bebasan yaiku ... .

a)

A. becik ketitik ala ketara

b)

B. bebek mungsuh mliwis

c)

C. ungak-ungak pager arang

d)

D. anak polah bapa kepradhah

5.

Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kejaba ... .

a)

A. iwak klebu wuwu

b)

B. asu belang kalung wang

c)

C. adigang adigung adiguna

d)

D. kemadheyan ngajak sempal

6.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

7.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

8.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

9.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

10.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

11.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

12.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

13.

Jer basuki mawa beya


Unen-unen ing dhuwur kalebu...

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Sanepan

14.

Desa mawa cara, nagara mawa ....

a)

aturan

b)

tata

c)

basa

d)

tatacara

15.

Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kaya banyu karo lenga

16.

Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge.

sing dimaksud saka pernyataan iku...

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

unen-unen jawa

17.

Sing dadi titikane paribasan yaiku ....

a)

tegese entar

b)

tegese wantah

c)

nganggo gegambaran

d)

lumrahe ana jejere

18.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

19.

Endas gundul dikepeti tegese ... .

a)

wong kepenak diwenei penak

b)

wong sing apik rupane ala atine

c)

wong sing senengane ngrasani

d)

wong sing golek gawe

20.

Putrane pak rudi cacahe ana loro, nanging pasedulurane ora bisa rukun.

Paseduluransing ora bisa rukun diparibasakake kaya,...... karo,.......

a)

asu , macan

b)

asu, kucing

c)

ula , kadal

d)

gajah, macan

21.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

22.

Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.

Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Kebo nusu gudel

c)

Mikul dhuwur mendhem jero

d)

Cebol nggayuh lintang

23.

"Kaya asu karo kucing"

Unen-unen ing dhuwur tegese....

a)

Rukun banget

b)

Seneng tulung tinulung

c)

Ora bisa akur

d)

Nduwe asu karo kucing ing oman

24.

Rudi senengane tukaran ing sekolah. Mulane wong tuwane sering dipanggil ing kantor sekolah.

Unen-unen kang mathuk kaya crita ing nduwur yaiku ....

a)

Adigang adigung adiguna

b)

Anak polah bapak kepradah

c)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

d)

Mburu uceng kelangan dheleg

25.

Adigang adigung adiguna tegese ....

a)

Wong kang ngandalne kekuwatan, kekuwasaan, lan kepinteran

b)

Wong kang seneng jaluk warah marang wong sing luwih enom

c)

Wong kang wis kepenak, tambah kepenak maneh

d)

Wong kang sipate padha karo sipate wong tuwane