wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BAHASA JAWA KLS 6

Total questions: 50

Worksheet time: 3hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Pitik walik saba meja = ......

a)

nanas

b)

sulak/ kemocing

c)

andha

d)

celengan

2.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

3.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

4.

Lawa lima kalong telu, pira? = ......

a)

loro

b)

siji

c)

wolu

d)

telu

5.

Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....

a)

andha

b)

sumur

c)

geni

d)

genteng bocor

6.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

7.

Duwe rambut ora nduwe endhas = ......

a)

jagung

b)

pari

c)

sulak

d)

nanas

8.

Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......

a)

sulak

b)

nanas

c)

salak

d)

andha

9.

Gajah numpak beccak ketok apane ? = .......

a)

gedhe

b)

ngapusi

c)

awake

d)

becake

10.

Jenenge padha karo rasane = ......

a)

keset

b)

legi

c)

asem

d)

pait

11.

Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude diarani....

a)

cangkriman

b)

plesedan

c)

unen-unen

d)

paribasan

12.

Ing ngisor iki sing klebu wujude cangkriman yaiku....

a)

cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban)

b)

cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban), cangkriman sing wujude geguritan

c)

cangkriman sing wujude plesetan, cangkriman sing sinawung ing parikan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang, lan cangkriman sing awujud geguritan

13.

Jenise utawa wujude cangkriman kuwi ana...macem.

a)

siji

b)

telu

c)

papat

d)

enem

14.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.


Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....

a)

pepindan

b)

irib-iriban

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan/cekakan

15.

Pakbo letus, batangane...

a)

tipak kebo meletus

b)

tibake pak rebo duwe lele satus

c)

tipak kebo lelene satus

d)

ngidak kebo lan lele satus

16.

Jurang isi banyu, gumuk isi watu


ukara ing nduwur iku cekakan saka tembung....

a)

tulus kerda

b)

tuwok rawan

c)

rangsinyu, muksitu

d)

pakbo beletus

17.

Untu krowok larane ora karu-karuan.


ukara ing nduwur iku wancahan saka tembung....

a)

burnas kopen

b)

buta buri

c)

gerbong tulis

d)

tuwok rawan

18.

Ing ngisor iki sing kalebu Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) yaiku....

a)

tulus kerda , tuwok rawan ,wit thoyung

b)

Bosok malah enak

c)

Wong adol krambil dikepruki.

d)

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

19.

Dikethok malah mundhak dhuwur.


Batangane...

a)

sabuk

b)

clana

c)

pring

d)

nanas

20.

Ing ngisor iki sing klebu Cangkriman sing wujude plesetan yaiku...

a)

dikethok malah dhuwur

b)

sego sakepel dirubung tinggi

c)

burnas kopen

d)

Ana gajah numpak becak, ketok apane?

21.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Pencokanmu wesi miring,

Yen lumaku si pucung ngumbar swara.


Cangkriman ing nduwur kalebu jenise cangkriman kang awujud...

a)

cekakan

b)

sinawung ing tembang

c)

plesedan

d)

pepindan

22.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngoningone sang bupati

yen lumaku si pucung lambeyan grana.


batangane cangkriman kuwi...

a)

sepur

b)

sabuk

c)

gajah

d)

jun/wadah banyu

23.

bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

tangan papanira,

nuduhake rina wengi,

lamun mati bingung wektu sang bendara


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

gajah

c)

kalung

d)

jam tangan

24.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

25.

Ana tulisan Arab, macane saka endi?

a)

saka tengen

b)

saka Arab

c)

saka alas

d)

saka kiwa

26.

Wong wudunen sugih pari, pari opo?

a)

paringatan

b)

parinan

c)

paringisan

d)

pari panen

27.

Pakbomba, paklawa, pakpiut.

Cangkriman wancahan ing dhuwur batangane...

a)

Untu krowok larane ora karu-karuan

b)

Tapak kebo Amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut

c)

Tebu ditata mlebu lori

d)

Yen dijiwit aduh biyung

28.

Cangkriman " bocah cilik nggendhong omah", batangane ...

a)

siput

b)

kodok

c)

jaran

d)

kucing

29.

Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kejaba ... .

a)

A. iwak klebu wuwu

b)

B. asu belang kalung wang

c)

C. adigang adigung adiguna

d)

D. kemadheyan ngajak sempal

30.

Tuladhane bebasan yaiku ... .

a)

A. becik ketitik ala ketara

b)

B. bebek mungsuh mliwis

c)

C. ungak-ungak pager arang

d)

D. anak polah bapa kepradhah

31.

Mikul dhuwur mendhem jero kalebu ... .

a)

A. paribasan

b)

B. bebasan

c)

C. saloka

d)

D. parikan

32.

Ing bab tembung sing mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ... .

a)

A. paribasan tembunge ora wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

b)

B. paribasan tembunge wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

c)

C. paribasan tembunge endah, bebasan lan saloka tembunge lugu

d)

D. paribasan tembunge wantah , bebasan lan saloka tembunge lumrah

33.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

34.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

35.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

36.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

37.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

38.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

39.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

40.

Jer basuki mawa beya


Unen-unen ing dhuwur kalebu...

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Sanepan

41.

Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kaya banyu karo lenga

42.

Wong sing tansah kuwatir uripe. Iki laras karo paribasan, Ancik-ancik pucuking .....

a)

eri

b)

uwit

c)

kayu

d)

ebung

43.

Kaya banyu karo lenga. Paribasab iki tegese ......

a)

Sedulur sing ora tau akur

b)

Sedulur sing akur saben dinane

c)

Kanca sing seneng akur karo tanggane

d)

Wong tuwa ora seneng nyeneni

44.

Kebo nusu gudel. Paribasan iki tegese .....

a)

Kebo sing gemati karo anake

b)

Anak sing njaluk wulang wong tuwa

c)

Wong tuwa sing njaluk wulang anake

d)

Wong tuwa sing njaluk wulang wong tuwane

45.

Njagakake endhoge si blorok. Sing dikarepake tembung njagakake yaiku ....

a)

nerusake

b)

ngenteni

c)

ngarep-arep

d)

menehi kepercayaan

46.

Wong urip rekasa amarga kakehan ana. Paribasane ....

a)

Kegedhen empyak kurang cagak

b)

Kekudhunh walulang macan

c)

Cebol nggayuh lintang

d)

Kebo kabotan sungu

47.

Ukara sing bener yen matur Pak Lurah arep nyuwun tandha tangan yaiku ....

a)

Pak Lurah, kula badhe nyuwun tanda tangan!

b)

Pak Lurah, kula badhe nyuwun tapak asta!

c)

Pak Lurah, kula ajeng nyuwun tapak asta!

d)

Pak, nyuwun tandha tangan!

48.

Ukara sing bener menawa arep ngajak kancane bal-balan yaiku .....

a)

Ayo bal-balan!

b)

Mangga bal-balan ing omah!

c)

Ayo bal-balan neng lapangan, Den!

d)

Bal-balan yo Den ora usah sinau wae!

49.

Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Ragam basa kang digunakake yaiku.…

a)

Krama alus

b)

Ngoko lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama lugu

50.

Wis telung dina ibu lara weteng. Basa krama aluse yaiku.…

a)

Pun tigang dinten ibu gerah padharan.

b)

Wis telung dina ibu gerah padharan.

c)

Sampun tigang dinten ibu gerah padharan.

d)

Wis telung dina ibu sakit padharan.