Font size
WorksheetsUlangan Bahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Wacanen ukara ing andhap iki!
“Kowe apa wes mangan isuk mau?.”
Ukara kasebut yen didadosake basa krama lugu (madya) inggih menika….?
Panjenengan napa sampun dhahar enjing wau?
Panjenengan napa wis mangan enjing wau?
Sampeyan napa sampun nedha enjing wau?
Sampeyan napa wes dhahar enjing wau?
Ukara ingkang mboten trep (tidak cocok) kalian pranyatan ing inggil (No.1) inggih menika ….???
Sampah dadi siji-sijine masalah ing Indonesia
Banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik
Sampah bisa awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas
Akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.
Nalika tiyang mboten purun sadhar menawi mbuwang sampah niku kedah ing panggonane, saget ndadosaken…. ???
Longsor
Gempa bumi
Virus covid 19
Bencana banjir
Gatekna ukara ing andhap iki!
a. Aku lagi nulis aksara Jawa
b. Ibu lagi masak ing pawon
Ing inggil punika kalebet tuladha ukara ....?
Tanggap
Tanduk
Prentah
Pitakon
Gatekna pranyatan ing andhap iki!
1. Kita kedah nebihi dhaharan legi amergi mboten sae kagem kasarasan waja kita.
2. Waja kita kedah disikat kaping kaleh sedinten utawi sawising dhahar.
3. Kita kedah ngerawat waja kita piyambak.
4. Waja kita kedah dipriksa saben 6 sasi sepisan
Pranyatan ing inggil kang kalebu ukara tanggap inggih menika ukara nomer...?
3 lan 4
1 lan 3
2 lan 4
1 lan 2
Tlatar Boyolali wis dikenal dadi sawijining papan wisata. Papane rada ngalor sithik saka kutha Boyolali, adohe kira-kira 7 km. Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam. Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing. Iwak sing dipancing maneka warna kayata iwak lele, nila, gurameh, kakap, bawal lan sapanunggalane.
Saking paragraf ing inggil, kang nuduhake ukara tanduk inggih menika ukara….???
Tlatar Boyolali wis dikenal dadi sawijining papan wisata
Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam
Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing.
wak sing dipancing maneka warna
Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.
Wacan ing inggil kalebet jenis teks laporan asil observasi bagean …. ??
Simpulan
Dhefinisi umum
Dheskripsi bagean
Dheskripsi manfaat
Wacanen ukara ing andhap iki!
Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni.
Tembung kang nunjukake menawi ukara ing inggil kalebet ukara tanggap yaiku ….
Indhustri
Omahan
Ditemoni
Maneka
Gatekna ukara ing andhap iki!
Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.
Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul.
Ukara ing inggil punika ngagem basa….?
Ngoko lugu (wantah)
Ngoko alus (andhap)
Krama lugu (madya)
Krama alus (inggil)
Wacanen ukara ing andhap iki!
“Ing sekolahan aku ... jam 06.30 WIB, menawi bu guru ... jam 06.00 WIB.”
Tembung kang trep kagem njangkepi ukara ingkang dereng rampung ing inggil inggih menika….?
Teka, rawuh
Rawuh, dugi
Teka, teka
Dugi, teka
Wacanen ukara ing isor iki!
“Apa ... lan adhimu wis sinau unggah-ungguh basa Jawa?”
Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ingkang dereng rampung ing inggil inggih menika….?
Kowe
Dheweke
Sampeyan
Panjenengan
Wacanen ukara ing andhap iki!
Kartika : Ana apa kok mlayu-mlayu?
Damar : Pak Guru wis teka.
angsulane Damar yen didadosake basa krama alus inggih menika….?
Pak Guru dereng teka.
Pak Guru mboten dugi.
Pak Guru sampun rawuh.
Pak Guru sampun dhateng.
Wacanen ukara ing andhap iki!
“Sawise nyeluk adhiku, budhe terus tak kongkon lungguh ndik ruang tamu.
kara kasebut ngagem basa ….?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Wacanen ukara ing andhap iki!
“Eyang mboten purun dahar amargi wajanipun gerah.”
Ukara kasebut menawi digantos ngagem basa ngoko lugu inggih menika….?
Simbah ora gelem mangan amerga lara untu
Mbah ora gelem dhahar amerga ngelu
Mbah, ora gelem mangan amerga lara
Eyang ora gelem nedha amerga lara
Miturut aksara ing inggil, menawi aksara rekan karaketan sandhangan cecak, cecake telu dumunung ing sisih … sandhangan cecak.
Tengene
Tengahe
Kiwane
Njerone
Pak Untung iku sabendinane lunga menyang sanggar saperlu mimpin lan ngatur lumakune crita drama
Miturut wacan ing inggil, pendamelan (penggawean) pak Untung dados ….
Aktor
Penulis
Pelawak
Sutradara
Fanina lagi melu pemilihan tokoh/paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama
Miturut pranyatan ing inggil, Fanina lagi tumut .…
Crita
Dialog
Nyanyi
Casting
Kesenian asal daerah Ponorogo iki paragane singa barong, ngangge wulu merak kang endah lan gedhe banget, kang manggul kudhu paraga kang kuwat. Sing kondhang warok e.
Kesenian ing inggil dipun wastani… .
Reog
Lerok
Wayang
Jaranan
Kleting Kuning : Kula nuwun!
Mbok Sati : Iki ki ambune apa kok ora enak. E e e dadi kowe sing mara nggawa bathang. Kowe
ngapa mrene ambumu ora enak! Rada adoh!
Kleting Kuning : Nami kula Kleting Kuning, Mbok!
Mbok Sati : Kowe mrene arep ngapa?
Kleting Kuning : Kula ajeng ngunggah unggahi Baguse Andhe-Andhe Lumut.
Mbok Sati : Wong sing ayu-ayu wae padha ditampik apa maneh kowe rupamu elek, ambumu
ora enak, wis kana bali wae!
Kleting Kuning : Kula mboten bali yen anak sampeyan mboten ditari dhisik.
Mbok Sati : Yo daktarine anakku, muga-muga aja gelem!
…………………………………………………..
Irah-irahan kannng trep kangge carios ing inggil .....
Bawang merah Bawang Putih
Ande-ande Lumut
Malin Kundang
Jaka Tarub
Wacanen kagem mangsuli pitakonan nomer 26—30!
Layang Kumitir : Gusti, nuwun sewu pangapunten awit sowan boten tinimbalan. Menika jangganipun Adipati Minakjingga.
Kencana Wungu : Bagus…bagus, nanging kok dudu si Damarwulan?
Layang Seta : Gusti Prabu, kakang Damarwulan sampun seda rikala lumawan Minakjingga, katungka duginipun kula sakloron mbiyantu ngantos pejahipun Minakjingga nanging kakang Damarwulan ugi pejah.
Damar wulan: (Damrwulan teka) Dusta!
Gusti, kula badhe matur bilih kula ingkang sampun saged ngasoraken Minakjingga.
Kencana Wungu : Lho, lho? Kepiye ta iki? Mau jarene Layang Seta lan Layang Kumitir sing wis ngasorake Minakjingga.
Layang Kumitir : Gusti Prabu, menika namung pikolehipun Damarwulan mitnah kula lan Layang Seta.
Kencana Wungu : Aku kepingin ngerti, Seta lan Kumitir, kepriye anggonmu mateni Minakjingga?
Layang Seta : Kula kaliyan adhi kula menika mungsuh Minakjingga. Adhi kula, kula dadosake umpan, lajeng kula magas Jangganipun saking
Kencana Wungu : Banjur kepriye anggonmu magas janggane Minakjingga, Damarwulan?
Damar wulan : Mekaten Gusti, kula prang tandhing kaliyan Minakjingga. Ananging kula dipunpejahi ngagem Gada Wesi Kuning. Lajeng kula saged gesang malih amargi Diajeng Waita Kaliyan Puyengan mulihake kula ngagem pusakanipun Minakjingga inggih menika pedhang sokayana. Lajeng Minakjingga nyaketi kula, lajeng kula gebug ngagem pusakanipun piyambak inggih menika gada wesi kuning.
Kencana Wungu : Saka ngendi sira bisa duwe pusaka Gada Wesi Kuning?
Damar wulan : Awit pambiyantunipun Diajeng Waita lan Puyengan ingkang nyidra saking gedhong pusaka Blambangan.
Kencana Wungu : Cukup! Ingsun netepake yen ta Damarwulan bener lan jumeneng nata ing Majapahit.
Layang Seta lan Layang Kumitir nggadahi watak ….
Sabar narima
Tukang ngapusi
Seneng tetulung
Gampang adu-adu
Damarwulan saged ngasorake (ngalahake) Minakjingga kanthi cara ….
Angsal pambiyantune Layang Seta lan Layang Kumitir.
Nyuwun kadigdayan ingkang dipungadhahi Waita lan Puyengan.
Ngebug Minakjingga ngagem pusakanipun piyambak, inggih menika gada wesi kuning.
Ndadosaken Layang Seta lan Layang Kumitir umpan kagem magas jangganipun Minakjingga.
