WorksheetsPAS BAHASA JAWA KLS 8 2022
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Perangane struktur crita cekak sing isine minangka dadi lelandhesane utawa dhasare crita diarani...
tema
alur/plot
latar/setting
.paraga
Ciri cirine cerkak yaiku kajaba.....
isine padhet
basane mentes,tur gampang dimengerti
ukarane ringkes
critane ana bacute
Katrangan sing bisa dijupuk ngenani papan,wektu lan swasana ing cerkak diarani
setting
alur
sudut pandang
tema
Sing ora kalebu rerangkene kedadeyan cerkak(alur) yaiku
pengenalan(eksposisi)
panantangan(konflik)
klimaks,pamungkas konflik
pembahasan crita
Miturut jenise alur iku ana 3,sing ora kalebu jenise alur ing cerkak…
maju
mundur
campuran
wiwitan
Piweling/pesen sing diandharake pangripta diarani…
setting
amanat
sudut pandang
tema
. Mirna ,pancen sregep sekolah lan dhemen tetulung kancane.Mirna tindak tanduke alus,sopan santun karo sapa wae Apa maneh Mirna yen ana ngomah sregep ngrewangi ibune sakdurunge budhal sekolah.
Amanat/pesen ana ing punggelane cerkak ing dhuwur yaiku….
Mirna sregep
Mirna sregep,sopan lan demen tetulung
Mirna sregep ngrewangi ibune
Mirna tumindake sopan
Mirna ,pancen sregep sekolah lan dhemen tetulung kancane.Mirna tindak tanduke alus,sopan santun karo sapa wae Apa maneh Mirna yen ana ngomah sregep ngrewangi ibune sakdurunge budhal sekolah
Tema kang pas kanggo punggelan crita ing dhuwur yaiku...
sosial
budi pakerti
pendidikan
.dhemen tetulung
”Jeneng asline ngono Wira.Embuh Wira sapa ,tangga teparone ora ana sing mudheng.Nanging sarehne saben nandangi pegawean apa wae mesthi klemar klemer ,mula dening wonr-wong banjur diceluk Wira Klemer”
Punggelan cerkak ing dhuwur ,manut structure teks kalebu perangane
tema
alur/plot
paraga
latar/setting
.”Pesenan sing diterna pelayan lanang sing sragame rapi,ambune wangi,langsung wae dipangan dening para pelanggan . Punggelan cerkak iki nudhuhake setting panggonan ing...
hotel
.gedhung
restoran
warteg
Unen unen sing ajeg panggonane ngemu teges entar lan pepindhan,sing dipindhakake mageppokan karo sing di semoni utawa disanepani diarani….
bebasan
paribasan
saloka
cangkriman
Adhigang ,adhigung lan adhiguna tuladha saka…
bebasan
paribasan
saloka
cangkriman
Unen unen sing wis gumathok racikane (ora kena diowahi)lan ngemu wantah diarani….
bebasan
paribasan
saloka
.cangkriman
Sing ora kalebu basa rinengga yaiku….
bebasan
saloka
paribasan
ater-ater
Muga-muga kowe dadi anak sing bisa “mikul dhuwur mendhem jero” sing tegese…
yen mendhem sing jero
.njunjung drajate wong tua
yen mikul sing dhuwur
nemoni kepenek ora melu rekasane
Tegese anak polah bapa kepradah yaiku….
wong tua sing rekasa
polah tingkahe anak dadi tanggung jawabe wong tua
anak sing ora bisa dituturi wong tua
polahe anak sing ora bener
Sak wise nemtokake tujuan apa kang kudu disiapake kanggo wawancara?
Nyiyapake buku catetan
Nulis daftar pitakon
Nemtokake narasumber
Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara
Wawancara sing dianakake dening bagian personalia ing sawijining perusahaan duwe tujuan
wawanrembug kanggo kaperluan liputan pawarta
wawanrembug kanggo kaperluan rekrutmen pegawai
wawanrembug kanggo kaperluan panaliten
wawanrembug kanggo kaperluan diskusi
Tujuan wawanrembug miturut kaperluane yaiku kanggo kaya kang katulis ing ngisor ,kajaba...
wawanrembug kanggo kaperluan liputan pawarta
wawanrembug kanggo kaperluan rekrutmen pegawai
wawanrembug kanggo kaperluan panaliten
wawanrembug kanggo kaperluan diskusi
Sawijine dina ,ibu gurumu mawancarani sawatara siswa sing biji ulangane apik,uga sing bijine
kurang.Tujuane wawanrembug iki kanggo apa?
kanggo keperluan pawarta ing sawijine medhia cetak
kanggo kaperluan ngrekut pegawai ing sawijine lembaga
kanggo golek kawruh tartamtu
kanggo kaperluan sawijine panaliten
Tujuan disusun pedhoman wawancara kaya ing ngisor iki kajaba…
supaya anggone nindakake wawancara runtut lan ganep
supaya ora ana pitakon sing kliwatan
supaya tumindake wawancara lumaku lancar lan mawa arah
supaya anggone nindakake wawancara suwe
Setitekna ukara –ukara ing ngisor :
1. Pak Jono nggunakake mesin teknologi modern
2. Ibu nggoleki parutan
3.Parman ditukokake mesin karo bapake kanggo ngethok wit gedhe
Sing kalebu ukara tanggap yaiku nomer….
1
2
3
1 lan 2
Setitekna ukara –ukara ing ngisor !
1. Pak Jono nggunakake mesin teknologi modern
2. Ibu nggoleki parutan
3.Parman ditukokake mesin karo bapake kanggo ngethok wit gedhe
Sing kalebu ukara tanduk yaiku...
1
2
3
1 lan 2
Latar disaponi adhikku saben sore.Ukara iku tuladha saka
ukara tanduk
ukara kandha
ukara tanggap
ukara crita
Ibu dhahar roti,adhiku melu mangan roti. Ukara iku migunakake basa
ngoko lugu
krama lugu
ngoko alus
krama alus
