Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

CERITA RAKYAT

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Sapa jenengmu ? Yaiku pitakone Jaka Tingkir marang Baya Gedhe.

“Kula Bausasra, kula ingkang baureksa Kedhung Srengenge menika. Baya-baya menika andhahan kula sedaya. Minangka tandha obat kula, kula kula prasetya badhe manut saprentah panjenengan. Kula badhe njagi lan nyurung gethek panjenengan supados enggal-enggal dumugi dhateng Demak.

“Ya yen kaya mangkono enggal-enggal tindakna apa kang kokucapake mau !”

“Inggih, sendika dhawuh  Raden.”

Baya gedhe lan sakandhahane padha ngepung gethek kanan-kiring, gethek disurung lon-lonan lakune gethek ngener tumuju menyang Demak.

   Miturut wacan ing dhuwur Bausasra yaiku…

a)

Andhahane baya ing Kedhung Srengenge

b)

Panggedhene baya ing Kedhung Srengenge

c)

  Kancane Jaka Tingkir nalika nyabrang Kedhung Srengenge

d)

Abdine Jaka Tingkir nalika nyabrang Kedhung Srengene

2.

   Kepriye janjine Bausasra marang Jaka Tingkir ?

a)

Arep njaga lan nyurung getheke marang Jaka Tingkir supaya enggal-enggal teka Demak

b)

Arep ngancani lakune Jaka Tingkir menyang Demak

c)

Arep njaga baya-baya sing dadi andhahane

d)

Arep tobat marang Jaka Tingkir 

3.

Crita kang ora kalebu dongeng yaiku…

a)

Guwa Akbar

b)

Kancil Nyolong Timun

c)

Keong Mas

d)

Buto Ijo

4.

                                                                                      Timun Mas

Raseksa gageyan mlayu nyusul timun mas. Nalika wis cedhak karo raseksa, Timun Mas njupuk sagegem uyah saka kantonge. Banjur uyah mau disawurake marang raseksa. Ujug-ujug laut dadi amba. Raseksa kapeksa nglali kangelan. Timun Mas mlayu maneh nanging raseksa bisa nyusul. Timun mas njupuk barang ajaib saka kantonge maneh. Timun mas sagegem Lombok disawurake marang Raseksa, sanalika dadi wit-witan sing akeh eri landhep kang ngurung raseksa. Raseksa kelaran, Timun Mas mlayu golek aman.

Saka pethikan cerita ing dhuwur pesan moral kang bisa dijupuk yaiku…

a)

Sing tumindak ala/elek bakal cilaka

b)

Sing tumindak ala/elek bakal kepenak

c)

Sing tumindak apik bakal sengsara

d)

Sing tumindak apik bakal cilaka

5.

  Sing diarani ngrelevansi crita rakyat karo panguripan jaman saiki yaiku…

a)

  Nggoleki piwulang kang kinandhut jroning crita rakyat.

b)

  Njumbuhake isine crita rakyat karo panguripan saiki.

c)

  Ngonceki isine crita kang ana gegayutane jaman saiki.

d)

Nggoleki tema utawa bakune gagasan jroning crita rakyat.

6.

Sarampunge gara-gara ing alas Ngrayudan, kahanan ing kraton Gagarmayang komplang tanpa ratu. Warga Gagarmayang banjur nyengkake Jaka Lintang minangka gantine Ratu kang wis ilang katut banyu banjir. Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

7.

    “He Raja kang wengis, aku Dewi Limaran sing wis koksotake dadi kidang. Sawise dadi kidang saiki isih kopanah nganti teka ing pati. Saiki wis titiwancine ngundhuh wohing pakartimu, udan angin lan langit peteng dhedhet iki minangka piwalesku sing bakal ngentirake anggamu.” Larene swara mau ana bledheg nyamber Sang Prabu, sanalika Sang Prabu malih dadi naga. Paragraf ing ndhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane…

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Klimaks

d)

Resolusi

8.

Wiwit dina iku Jaka Lintang menehi wewaler marang warga Ngrayudan supaya aja pisan-pisan  mateni kidang bakal ana banjir bandhang ing Ngrayudan lan sakiwa tengene. Katitik saka wangune/polane ukara ing dhuwur kalebu….

a)

Komplikasi

b)

Resolusi

c)

Klimaks

d)

Orientasi

9.

  Sing diarani pesen moral (amanat) jroning crita rakyat yaiku…

a)

Piwulang sarta pitutur luhur jroning crita rakyat.

b)

Jumbuhe isine crita rakyat karo panguripan saiki

c)

Tema utawa  bakune gagasan jroning crita rakyat.

d)

Isine crita kang ana gegayutane karo jaman saiki.

10.

Crita rakyat sing asale saka Jawa Timur yaiku…  

a)

Asal-usule Tengger

b)

Sangkuriang

c)

Roro Jonggrang

d)

Malin Kundang