WorksheetsBADER7
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Manut teks ing ngisor iki, keplok-keploke para penari Rodat gambarake…
Dhesek-dhesekane kaum Anshor mapag Kanjeng Nabi Muhammad
Nggambarake sawijine 'Taman Bunga'
Rasa seneng kaum Anshor nyambut rawuhe KAnjeng Nabi Muhammad
Seneng amarga nyambut Kelairane kanjeng Nabi Muhammad
Jawaban sing ora padha karo dhiskripsi Candi Jawi ing dhuwur yaiku...
Candi Jawi dibangun kanggo nyimpen awu saka jisime raja Kertanegara
Candi Jawi dibangun nganggo arsitek Hindu lan Budha
Candi Jawi dibangun kanthi dhuwure 24,50 meter
Candi Jawi dibangun nganggo watu kali
Coba gatekna teks ing ngisor iki!
Candi Borobudur mujudake sawijine situs purbakala peninggalan Krajan Budha ing Indonesia. Candi iki manggon ing Borobudur, Magelang, Jawa Tengah, Indonesia. Candi kang wujud stupa iki dibangun ing mangsa pamarintahan Wangsa Syailendra, penganut Budha Mahayana taun 800 M.
Saka teks deskripsi ing dhuwur, miturut struktur teks tanggapan deskripsi kalebu bagean ….
idhentifikasi
klasifikasi
deskripsi bagian
deskripsi guna
Ukara ing dhuwur supaya dadi paragraf deskripsi sing apik urutane yaiku...
(ii), (i), (v), (iv), (iii)
(iii), (ii), (i), (v), (iv)
(ii), (v), (iv), (i), (iii)
(i), (ii), (v), (iv), (iii)
Mangsa rendheng wis teka, saben dina prasasat mendhung ora tau klewat. Esuk, awan, sore, nganti tekan bengi udan sawayah – wayah. Ing mangsa rendheng kita kudu waspada. Mangsa rendheng padha karo mangsa banjir. Tuladhane ing dina kemis tanggal 4 Nopember 2021 kutha Batu nandhang kesusahan yaiku banjir bandhang sing ngrusak omah, dalan lan infrastruktur liyane.
Tujuan teks deskripsi ing dhuwur, yaiku...
Nggambarake kaendahane kutha Batu.
Menehi informasi tansah eling lan waspada.
Menehi informasi ngenani banjir bandhang ing kutha Batu.
Menehi informasi anane mangsa rendheng ing kutha Batu.
Covid-19 njalari atusan negara nindakake lock down utawa ngleremake aktivitas kanggo sauntara. Kantor-kantor pamarentah lan swasta tutup, pabrik-pabrik prei, sekolahan prei, masyarakat diwajibake nganggo masker lan kudu njaga jarak antara siji lan sijine. Sektor ekonomi lan industri mandheg greg. Semono uga sektor liyane kayata perdagangan, pariwisata, transportasi, pertanian, lan sapanunggalane, prasasat mati suri. Ora wurung kahanan mau dikuwatirake bakal nuwuhake krisis global ing wektu tembe.
Covid-19 njalari atusan negara nindakake lock down utawa ngleremake aktivitas kanggo sauntara kanthi cara ...
Pabrik-pabrik ora prei.
Siswa sinau ing sekolahan.
Kewajiban ora perlu jaga jarak.
Nutup kantor-kantor pamarentah lan swasta.
Jawaban ing ngisor iki bedane teks 1 lan teks 2, kejaba...
Tari Terbang kairingi lelagon kang ngagungake Asmane Gusti, Tari Remo kairing gendhing jula juli
Iringan Tari Terbang Rodat nganggo alat utama terbang, Tari Remo iringane nggunakake piranti gamelan.
Tari Terbang Rodat lan Tari Remo padha-padha diringi ngaggo iringan utama gamelan
Piranti Kempul padha-padha digunakake ing Tari Terbang Rodat lan Tari Remo
Bapak Wali Kota Batu ( paring ) bantuan marang para korban banjir bandhang nalika tanggal 4 Nopember 2021 kapungkur. Tembung ing njero kurung kudune katulis....
maring
maringi
diparingi
diparingake
Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!
I. nyapu, tulis, ngarang
II. digawa, nyate, tukua
III. nangis, nggambar, nyikat
IV. nyiram, ngombe, disilih
Tembung – tembung ing dhuwur kang migunakake ater – ater anuswara dumunung ana nomer ….
I
II
III
IV
Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!
(i) ngguyu (iii) njaluk (v) nyiram
(ii) nuthuk (iv) jaring (vi) nyanyi
Tembung ing dhuwur kang entuk ater – ater anuswara ( any / ny ) yaiku....
(i) lan (ii)
(iii) lan (iv)
(iii) lan (v)
(v) lan (vi)
Wabah COVID – 19 nganti saiki isih durung mari. Malah ana level 1 nganti 4 kang nuduhake wilayah kasebut aman orane saka wabah COVID – 19. Uga ana PPKM kanggo nyegah penularane wabah COVID – 19 kasebut. Mula ayo padha ngetrapake protokol kesehatan kanthi asring wijik, nganggo masker lan jaga jarak.
Saka teks kasebut tembung kang migunakake tembung andhahan kang mawa panambang ana …
4
5
6
7
Nalika nekani ulang taune kancane, adhiku aklambi abang kembang – kembang.
Ater – ater a- ing tembung aklambi mengku karep ....
nganggo
duwe
tuku
njaluk
Menawa ana kalodhangan wektu ayo dolan ing omahku. Tembung kalodhangan yen diudhal manut linggane....
kalo + dhangan
kalodhang + an
kalo + dhang + an
ka + lodhang + an
Virus kang wis lumebu ing saluran gorokan manungsa nanging ora ngrasakake tandha-tandha lara iku diarani OTG (orang tanpa gejala).
Adhedhasar ukara ing dhuwur, tembung mawa seselan ana ing tembung ....
virus
lumebu
ngrasakake
tandha-tandha
Syarat yen lelungan numpak sepur kudu duwe kartu Vaksin lan bukti sweb.
Adhedhasar ukara kasebut, sing kalebu tembung rangkep dwipurwa, yaiku ....
kanthi
nganggo
masyarakat
lelungan
Salah sijine taman kutha tinggalane bangsa Walanda yaiku taman kutha sing manggon ing kutha Pasuruan. Taman kutha ing Pasuruan iki dening para warga digunakake kanggo papan plesiran. Yen jaman biyen sing padha plesiran ing taman kene iki para noni-noni Landa, nanging saiki sing padha plesiran sapa wae bisa utamane para warga kutha ing sakiwa tengene. Taman iki manggon ing sangarepe kantor pamong praja karesidhenan Pasuruan
Saka teks tanggapan deskriptif ing dhuwur, sing kalebu tembung lingga yaiku ….
taman, warga, papan, landa
sijine, manggon, plesiran, utamane
tinggalane, digunakake, kantor, pamong
biyen, sakiwa tengene, sangarepe, karesidhenan
Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu bagean klasifikasi, yaiku ...
Kantor-kantor pamarentah lan swasta tutup, pabrik-pabrik prei, sekolahan prei, masyarakat diwajibake nganggo masker lan njaga jarak.
Wulan Desember taun 2019 jagading donya dikagetake karo anane virus. pernapasan kang dikenal kanthi jeneng virus corona.
Virus kasebut asring diarani Covid-19. Covid-19 iki kagolong sajrone klompok virus kang bisa nginfeksi manungsa.
Virus iki nyebar kanthi cepet saengga ndadekake pandemi ing sakabehing donya nganti saiki durung mari.
Vaksin Covid-19 bisa ... kekebalaning awak saka virus corona.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur, yaiku ....
ndadeni
didadeni
ndadekake
didadekake
Coba gatekna teks profil tokoh ing ngisor iki!
Ir. Soekarno yaiku pahlawan proklamator kang nduweni jeneng cilik Koesno Sosrodihardjo lair ing Surabaya, 6 Juni 1901. Panjenengane seda ing
Jakarta rikala tanggal 21 Juni 1970 nalika umur 69 taun. Panjenengane minangka presidhen Indonesia kang wiwitan lan njabat nalika periodhe 1945-1966. Ir. Soekarno nduweni peran kang wigati tumrap bangsa Indonesia nalika dijajah bangsa Walanda. Panjenengane bebarengan karo wakil Presiden, Drs. Mohammad Hatta ngumandangake proklamasi kamardikan bangsa Indonesia nalika tanggal 17 Agustus 1945.
Miturut teks ing dhuwur, bab sing narik saka tokoh Ir. Soekarno, yaiku ...
Lair ing Surabaya, 6 Juni 1901.
Nduweni jeneng cilik Koesno Sosrodihardjo
Minangka proklamator kamardikan Indonesia.
Seda ing Jakarta, 21 Juni 1970 nalika umur 69 taun.
Coba gatekna teks ing ngisor iki!
Ir. Soekarno yaiku pahlawan proklamator kang nduweni jeneng cilik Koesno Sosrodihardjo lair ing Surabaya, 6 Juni 1901. Panjenengane seda ing
Jakarta rikala tanggal 21 Juni 1970 nalika umur 69 taun. Panjenengane minangka presidhen Indonesia kang wiwitan lan njabat nalika periodhe 1945-1966. Ir. Soekarno nduweni peran kang wigati tumrap bangsa Indonesia nalika dijajah bangsa Walanda. Panjenengane bebarengan karo wakil Presiden, Drs. Mohammad Hatta ngumandangake proklamasi kamardikan bangsa Indonesia nalika tanggal 17 Agustus 1945.
Saka teks ing dhuwur, tindak-tanduk kang pantes dituladhani saka tokoh Ir. Soekarno, yaiku ….
Presidhen wiwitan ing Indonesia.
Duwe gelar pahlawan proklamator.
Nduweni jeneng cilik Koesno Sosrodihardjo.
Nduweni peran kang wigati kanggo bangsa Indonesia.
Ir. Soekarno minangka tokoh proklamator Indonesia kang nduweni jasa kang
gedhe, mula wis samesthine kudu dikurmati lan dikenang.
Ukara ing dhuwur kalebu bagean teks ....
orientasi
prastawa
reorientasi
klasifikasi
Coba gatekna teks ing ngisor iki!
Nadiem Makarim utawa kang luwih dikenal Nadiem nduweni jeneng asli Nadiem Anwar Makarim. Panjenengane lair ana ing Singapura, 4 Juli 1984. Nadiem yaiku putra saka pasangan Nono Anwar Makarim lan Atika Algadrie sarta minangka anak lanang siji-sijine. Bapake yaiku pengacara kondhang kaloka keturunan Arab saka Pekalongan, Jawa Tengah. Ing taun 2014 dheweke krama karo Franka Fanklin. Saka kramane kasebut, Nadiem lan Franka nduweni anak kang diwenehi jeneng Solara Franklin Makarim.
Miturut isine, perangan teks ing dhuwur kalebu bagean ….
orientasi
prastawa
reorientasi
klasifikasi
Coba gatekna teks ing ngisor iki!
Ing masa pandemi iki, Nadiem ngrevisi saperangan aturan kang digawe sadurunge babagan pasinaon wayah pandemi COVID-19. Salah sawijine aturan kasebut yaiku ngolehi dana BOS kanggo tuku pulsa internet kanggo guru uga siswa saengga bisa ndukung pasinaon saka omah.
Adhedhasar teks profil tokoh ing dhuwur, tembung andhahan sing dumunung ing teks kasebut yaiku ….
kanggo, tuku, guru, siswa
pulsa, ndukung, saka, omah
digawe, pasinaon, aturan, ngolehi
saperangan, aturan, sadurunge, wayah
Nadiem Makarim dadi salah sawijine pawongan kang akeh disorot ing masyarakat.
Ukara kasebut migunakake basa …
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu turu jam sanga bengi. Ukara kasebut yen didadekake ngoko alus...
Ibu tilem jam sanga bengi.
Ibu sare jam sanga bengi.
Ibu tilem jam sanga dalu.
Ibu sare jam sanga dalu.
Adhik ... sega rawon, ibu ... sega pecel.
mangan, mangan
nedha, nedha
dhahar, dhahar
mangan, dhahar
Kowe apa wis tuku buku Bahasa Jawa?
Ukara kasebut disalin nganggo basa krama alus...
Sampeyan apa wis tumbas buku Bahasa Jawa?
Panjenengan punapa sampun mundhut buku Bahasa Jawa?
Ndika apa sampun tumbas buku Bahasa Jawa?
Panjenengan punapa sampun tumbas buku Bahasa Jawa?
Ing ngisor iki sing kalebu Pandhawa yaiku ….
Arjuna, Baladewa, Nakula, Sadewa, Kresna
Yudhistira, Bimasena, Arjuna, Nakula, Sadewa
Yudhistira, Bimasena, Duryudana, Nakula, Abimanyu
Pandhu Dewanata, Dhestarasta, Dursasana, Werkudara, Arjuna
Sing dadi paraga utama (tokoh utama) crita wayang ing dhuwur, yaiku ....
Werkudara
Gathutkaca
Antakusuma
Dewi Arimbi
Resi Janadi ya Ijarapa iku pandhita ing Warubinatur. Bojone aran Ruminta, duwe anak siji sing aran Rawan. Pertapan Warubinatur iku kabawah Negara Ekacakra. Ratu Ekacakra, iku ratu buta Prabu Bhakah, Ratu wengis, karem dhahar manungsa. Nalika iku tiba caos dhahar marang Prabu Bhakah tiba gilirane Resi Janadi. Mula banjur nglumpukake anak bojone perlu pamit.
Paragraf ing dhuwur miturut struktur teks crita wayang kalebu perangane ....
koda (pesen moral)
komplikasi (pasulayan)
orientasi (jejer/pambuka)
resolusi (pangudhare prakara)
Perangane crita kang ngandharake paraga utama lagi ngalami prakara (masalah) kang ruwet ing struktur teks crita wayang diarani ….
koda (pesen moral)
komplikasi (pasulayan)
orientasi (jejer/pambuka)
resolusi (pangudhare prakara)
“Prabu Dasamuka narendra kang sekti mandraguna ugi wadyabalanipun. Mboten gampil ngasoraken praja Nggalengka.”. Tembung narendra nduweni teges ….
dewa
buta
raja
manungsa
Arjuna lingsem ora gelem maju perang apa maneh kang diadhepi sedulur tuwa. Tembung diadhepi yen diudhal manut linggane yaiku ….
diadhep – i
di – adhepi
di – adhep – i
di – a – dhep – i
Coba gatekna teks ing ngisor iki!
….
Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing negara Maespati dadi patih aran Suwanda. Sukrasana diajak Sumantri menyang negara Maespati nanging dipenging ngetok amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani . Sukrasana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
….
Adhedhasar paragraf ing dhuwur tembung-tembung sing migunakake ater-ater tripurusa cacahe ana ….
2
3
4
5
Bimasena dititisi sipate Bathara Bayu, yaiku kuwat, dhemen tetulung lan paring pangayoman. Tembung dititisi ing ukara kasebut kalebu golongane tembung mawa ater-ater tripurusa kang diarani tanggap …
pratama purusa i-ikiya
utama purusa ke-kriya
pratama purusa ke-ikriya
madyama purusa i-kriya
Kudu tansah tresna lan rukun marang sadulure.
Kita kudu tansah tulung tinulung marang sadulure.
Angkara murka kudu dibrasta saka bumi Kurawa.
Satriya utama iku kudu netepi janji lan kasatriyane.
“Adhiku Arjuna dudu salahmu, iki pancen wis tinakdir, matura Ibu Kunthi menawa aku ngaturake sembah pangabekti lan nyuwun pangapura aku durung bisa dadi putra kang tuhu bekti”. Ukara kasebut migunakake basa ….
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Duryudana
Yen ditulis nganggo aksara Jawa ….
Sandhangan swara sing digunakake sajrone tembung ing dhuwur, yaiku ....
wulu, pepet
suku, taling
wulu, taling
suku, pepet
Tembung ing nduwur yen ditulis nganggo aksara latin unine ....
Werkudoro gagah prakosa
Werkudara gagah prakosa
Werkudara gagah prakoso
Werkudoro gagah perkasa
Gatekna tembang- tembang ing ngisor iki!
I. Wirangrong
II. Kinanthi
III. Asmaradhana
IV. Balabak
V. Kuncung
VI. Pamitan
Sing kalebu tembang kreasi yaiku ….
I lan II
III lan IV
IV lan VI
V lan VI
Gundhul-gundhul Pacul, Kidang Talun, lan Jamuran iku kalebu tuladhane tembang dolanan. Lumrahe tembang dolanan iku kanggo ....
sedih seneng
seneng-seneng
tresna asih
susah sedhih
Coba gatekna teks tembang dolanan ing ngisor iki!
Gethuk
Sore-sore padhang bulan
Ayo kanca padha dolanan
Rene rene bebarengan
Rame-rame, e dha gegojegan
….
Struktur teks tembang Gethuk ing dhuwur, yaiku ....
sapada dumadi saka 4 gatra
sagatra dumadi saka 4 pada
sapada dumadi saka 4 wanda
sagatra dumadi saka 4 wanda
Gandhenge swara utawa sastra utawa wanda sing manggon ing mburi karo sing sing wis kasebut ing ngarep diarani ….
purwakanthi
dasanama
tembung garba
tembung saroja
Gatekna teks tembang kreasi ing ngisor iki!
Ayo dulur kabeh padha melu aku
Bareng-bareng guyup ora usah padu
Mbangun Pasuruan kudu Bersatu
Mugi manfaat rakyat padha gumuyu
Basa rinengga kang dumunung ing pethikan tembang kreasi ing dhuwur yaiku ....
purwakanthi guru basa lan tembung dwilingga
purwakanthi guru lagu lan tembung dwiwasana
purwakanthi guru swara lan tembung dwilingga
purwakanthi guru sastra lan tembung dwipurwa
Coba gatekna teks tembang dolanan ing ngisor iki!
Prau Layar
Yo kanca neng gisik gembira
Alerap lerap banyune segara
Angliyak numpak prau layar
Ing dina minggu keh pariwisata
Alon praune wis nengah
Byah byuh byah banyu binelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake rasa lungkrah lesu
Adhik njawil mas jebul wis sore
Witing klapa katon ngawe awe
Prayogane becik bali bae
Dene sesuk esuk tumandhang nyambut gawe
Pitutur luhur kang dumunung ing tembang Prau Layar yaiku ...
Pariwisata dina minggu ing pantai iku nyenengake
Kita kudu rajin nyambut gawe supaya uripe makmur
Aweh semangat marang generasi mudha yen niat mbelani bebener kudu wani
Pariwisata iku bisa tindakake kanggo ngenggar-enggar ati saora-oraneseminggu ing dina minggu.
Saben titah nduweni kekurangan dhewe-dhewe nanging kekurangan iku ora dadibahan guyonan. Pesen moral ing dhuwur iku trep karo isine tembang ...
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane ne ing ngawe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
Gundul-gundul pacul cul gelelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang segane dadi sakratan
Dhondhong apa salak, duku cilik-cilik
Gendhong apa mbecak, mlaku thimik-thimik
Ibu, tindak menyang pasar
Ora pareng rewel, ora pareng nakalMengko ibu mesthi, mundhut oleh-oleh
Gedhang karo roti, adhi diparingi
Menthok, menthok takkandhani
Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok, menthok mung lakumuMegal megol gawe guyu
Coba gatekna teks tembang dolanan ing ngisor iki!
Gotri
Gotri ala gotri nagasari -ri
Riwul awal awul jenang grendul-dul
Dolan awan-awan ndelok manten-ten
Titenana mbesuk gedhe dadi apa.
Rakitane tetembungan kaya kasebut ing tembang diarani purwakanthi ….
guru swara
guru basa
guru sastra
guru lagu
Coba gatekna teks tembang dolanan ing ngisor iki!
Lir-ilir Lir-ilir
tandure wong sumilir
tak ijo royo – royo
tak sengguh temanten anyar
Tembung mawa seselan kang dumunung ing cakepan tembang kasebut yaiku ….
lir ilir
tandure
sumilir
temanten
Coba gatekna teks ing ngisor iki!
Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kono kene kono kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk rukun bebarengan karo kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning bangsa
Pitutur luhur kang kinandhut ing tembang ing dhuwur yaiku …
Gotong royong kudu dilakoni kanggo kemajuan dhiri
Wong sing ikhlas bisa ngrampungake pakaryane.
Nyambut gawe bebarengan bisa gawe awak seger waras.
Kita kudu guyup rukun lan gotong royong kanggo mbangun negara
