wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDIAL PAS BAHASA JAWA KELAS X KURMER

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Kanthi (tulung) saka wong mau, Budi bisa mudhun saka wit.

Tembung ing salebetipun kurung, kedahipun dipunewahi dados….

a)

tetulungan

b)

pitulungan

c)

tulunge

d)

nulung

e)

panulung

2.

Basa krama lugu dipunginaaken nalika wicantenan kaliyan….

a)

tiyang ingkang sampun sami-sami tepang

b)

ingkang dipunajak gineman dereng tepang, sarta langkung enem

c)

ingkang gineman langkung sepuh tinimbang ingkang dipunajak gineman, nanging taksih ngurmati

d)

guru dhateng siswanipun

e)

ingkang gineman langkung inggil pangkatipun

3.

Ibu nyuwun pirsa marang Budi, "Apa Kowe wis adus?"

Wangsulanipun Budi inggih menika…

a)

Iya. Aku wis adus.

b)

Inggih. Kula wau sampun siram.

c)

Inggih. Kula wau wis adus.

d)

Inggih. Kula wau sampun adus.

e)

Inggih. Aku mau siram.

4.

"Apa bapak wis nakoni Kowe mau esuk?"<br>Ukara menika menawi dipunewahi miturut unggah-ungguh inkang trep dados... 

a)

Apa bapak wis takon Kowe mau esuk?

b)

Menapa bapak sampun taken Sampeyan wau enjing?

c)

Apa bapak wis mundhut pirsa Kowe mau esuk?

d)

Menapa bapak wis taken sampeyan wau enjing?

e)

Apa bapak sampun nangkleti Sampeyan wau enjing?

5.

Ibu : "…......................"

Bapak : "Aku kepengin dimasakke rawon wae, Bu."

Ukara pitakenan ibu kangge bapak ingkang trep miturut unggah-ungguhipun ingging menika…

a)

Mengko sore arep dhahar karo apa, Pak?

b)

Mangke sonten arep nedha kaliyan apa, Pak?

c)

Mengko sore arep mangan karo apa, Pak?

d)

Mangke sonten badhe nedha kaliyan menapa, Pak?

e)

Mengko sore badhe nedha menapa, pak?

6.

Menawi panjenengan dereng gadhah, mangke kula paringi.

Ing salebetipun ukara menika taksih wonten tembung ingkang kirang trep, inggih menika….

a)

menawi, mangke

b)

dereng, paringi

c)

dereng, gadhah

d)

gadhah, paringi

e)

mangke, paringi

7.

Bu, nyuwun pamit kula badhe mriksani pameran buku wonten alun-alun.

Tembung ingkang boten trep, menawi dipuleresaken inggih menika….

a)

nonton

b)

ningali

c)

ndelok

d)

nginguk

e)

ngingeti

8.

Ragam Basa ing basa Jawa menika ingkang dipunginakake dening tiyang enem dhateng tiyang sepuh inggih menika ....

a)

Ngoko lugu

b)

Kromo lugu

c)

Ngoko alus

d)

Kromo alus

e)

Kromo inggil

9.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

10.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

11.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

12.

Pak guru ....... yen dadi siswa kudu sregep sinau.

a)

omong

b)

matur

c)

ngendika

d)

ngucap

13.

Bapak nembe mawon.....saking Surabaya.

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

bali

14.

Wonten ing ngandhap menika ukara ingkang kalebet ngoko lugu inggih menika ...

a)

Siti madang sate ing warung pinggir dalan

b)

Ibu guru beta buku saking kantor

c)

Bapak mundhut buku neng warung

d)

Simbah dhahar soto karo bulik

e)

Nuwun sewu, Kula badhe ngresahi wekdal panjenengan sakwetawis

15.

Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebet ragam basa krama alus inggih menika ....

a)

Bulik tumbas sayur wonten ing wande

b)

Badhe tindak pundi Dhe?

c)

Pangapunten simbah nembe sare

d)

Pripun kabare Mbk?

e)

Siti madang sate ing warung pinggir dalan

16.

Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebet ragam basa ngoko alus inggih menika ....

a)

ibuk saweg mundhut gendhis wonten ing wande

b)

Benjang enjang, njenengan ten dalem boten mas?

c)

Saben esuk bapak mangkat kantor numpak pit

d)

Nuwun sewu bapak, menawi kepareng badhe kepanggih njenengan

e)

Pangapunten simbah nembe sare

17.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

18.

…. Jenengku yaiku Gendhis. Aku duwé dulur loro. Dhéwéké yaiku Ayu lan Putri. Ayu luwih tuwa tinimbang Putri lan Ayu luwih enom tinimbang aku. Bapakku asmané yaiku Hartono. Panjenengané makarya minangka guru. Ngasta ing SMA Terang Bangsa. Ibuku asmané yaiku Wati. Panjenengané makarya minangka ibu balé wisma. Aku, Bapak, Ibu, Ayu, lan Putri manggon ing Desa Sukamulya persisé ing dalan Kali Tengah nomer 12B. Pasinaon ing sekolah sing daksenengi yaiku Matematika, Basa Jawa, Basa Manca, lan komputer. Aku seneng nulis, plesir, lan renang. I uga seneng swasana ing kampung amerga akéh wit-witan lan hawané adhem.

Sugeng énjing, _____ . Jenengku Gendhis.

a)

Kepriyé kabarmu?

b)

Tepangaken!

c)

Tepangna!

d)

Seneng bisa tetepangan

e)

Matur nuwun

19.

Aku, Bapak, Ibu, Ayu, lan Putri manggon ing Desa Sukamulya persisé ing dalan Kali Tengah nomer 12B

Ukara ing ndhuwur medharaké…

a)

nepangaké diri pribadi

b)

nepangaké kulawarga

c)

nepangaké papan panggonan/alamat

d)

nepangaké sedulur

e)

nepangaké kesenengan

20.

Sing ora kalebu Unsur pembangun pawarta yakuwe ...

a)

who

b)

share

c)

why

d)

where

e)

How

21.

"Dina Senen, 06 September 2021 ing SMK Negeri 1 Bawang, Banjarnegara, ana kegiyatan "pembelajaran tatap muka terbatas."


Saka pethilan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...

a)

sapa

b)

nangendi

c)

kenangapa

d)

kapan

e)

apa

22.

Unsur kang njlentrehake babagan tokoh kang ana ing pawarta yaiku?

a)

What

b)

Where

c)

When

d)

Who

e)

How

23.

Sifate pawarta kudu aktual. Tegese aktual yaiku...

a)

Anyar

b)

Mitayani

c)

Manfaat

d)

Wigati

e)

Nyata

24.

Sing ora klebu titikan utawa ciri-ciri pawarta yaiku?

a)

Nyata

b)

Mihak wong sing disenengi

c)

Ora Hoax

d)

Ora ngandhut unsur SARA

e)

aktual

25.

Koran utawa ariwarti yaiku wujude pawarta?

a)

Nyata

b)

Cetak

c)

Siaran

d)

Lisan

e)

elektronik

26.

Pawarta kang becik iku kudu adhedhasar kasunyatan, sipat iki diarani ...

a)

aktual

b)

faktual

c)

global

d)

internal

e)

sakral

27.

Konsep Dasar berita yaiku Warta iku penting ing urip bebrayan amarga anane warta bisa dadi ... ing endi wae lan pepeling marang manungsa supaya ...


kanggo jangkepi ukara ing dhuwur, wangsulan kang bener, yaiku ...

a)

sumber, eling

b)

informasi, eling

c)

pepeling, waspada

d)

informasi, waspada

e)

pepeling, ora sembrana

28.

Wujud berita bisa kagiyarake dadi loro (2) yaiku Lisan lan cetak/tulis. Berita kang digiyarake sacara lisan iku diwartakake lumantar tulisan ing medhia cetak kayata ariwarti lan kalawarti, tuladhane yaiku ...

a)

koran

b)

radhio

c)

spanduk

d)

majalah

e)

TV

29.

Miturut surasane berita bisa diperang dadi 3, yaiku ...

a)

Pawarta crita

b)

Pawarta kalamangsa

c)

Pawarta Kacilakan

d)

Pawarta padinan

e)

Pawarta dadakan

30.

Miturut surasane berita bisa diperang dadi 3, salah sijine yaiku pawarta crita. pawarta crita tuladhane yaiku bab kacilakan, kobongan lan lindhu.


tembung lindhu duweni teges ...

a)

banjir

b)

gempa

c)

udan angin

d)

badai/angin topan

e)

kobongan

31.

ing ngisor iki sing kalebu sifat-sifat ing sajroning berita, yaiku ...

a)

Subyektif

b)

Faktual

c)

Aktual

d)

Fiktif

e)

Narik kawigaten

32.

"nganggo tembung kang lugu supaya gampang

dimangerteni", iku kalebu salah sijine sifat pawarta, yaiku ...

a)

Objektif

b)

Cekak aos

c)

Faktual

d)

Narik kawigaten

e)

Lugas

33.

"adhedhasar kasunyatan tanpa ditambah-tambahi", iku kalebu salah sijine sifat pawarta, yaiku ...

a)

Objektif

b)

Cekak aos

c)

Faktual

d)

Narik kawigaten

e)

Lugas

34.

"basa kang cekak lan aos, jelas, ora ngayawara", iku kalebu salah sijine sifat pawarta, yaiku ...

a)

Objektif

b)

Cekak aos

c)

Faktual

d)

Narik kawigaten

e)

Lugas

35.

ing ngisor iki kang kalebu sifat-sifat berita, yaiku ...

a)

apa, sapa, kapan, ing endi, kepriye

b)

apa, sapa, kapan kepriye, ana apa

c)

sapa, kapan, ing endi, apa, ana apa

d)

kepriye, ana apa, ing endi, kapan, sapa, apa

e)

kepriye, ana apa, ing endi, kapan, apa

36.

manut gambar ing dhuwur iku kalebu perangan berita yaiku...

a)

1,2,3,4,5

b)

1,3,4,5,7

c)

2,3,4,5,6

d)

2,3,5,6,7

e)

3,4,5,6,7

37.

Carita sing dadi asal mulane aksara Jawa yaiku

a)

Damar Wulan

b)

Ajisaka

c)

Roro Jonggrang

d)

Ciung Wanara

38.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

e)

tha

39.

Tembung kang pas kanggo nerusaken ukara kasebut yaiku ..

a)
b)
c)
d)
40.

Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku

a)

Panyen penak wadi bocah sekolah

b)

Panyecen wenak dadi wong sekolah

c)

Pancen penak dadi bocah sekolahan

d)

Pancen wenak dadi wong sekolahan

e)

Panycen penak dadi bocah sekolah