Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

B. jawa uts 1

Total questions: 31

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Guyub tegese ....

a)

gregeten mulane ora tumindak

b)

greget tumindak bebarengan

c)

urip sing selaras

d)

urip ngedohi pasulayan

2.

Geguritan, yaiku: ....

a)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket

dening paugeran (aturan) sing gumathok.

b)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket

dening paugeran (aturan) sing gumathok.

c)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening

paugeran (aturan) sing gumathok.

d)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening

paugeran (aturan) sing gumathok.

3.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....

a)

alus lan nrenyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

4.

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....

a)

wirama

b)

purwakanthi

c)

surasa

d)

sastra

5.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....

a)

kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe

b)

kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

kanthi solah bawa sing digawe-gawe

6.

Tegese tembung crah yaiku ...

a)

slamet

b)

tukar padu

c)

urip sing selaras

d)

korat-karit

7.

jenis pakaryan sing mbutuhake tenaga sing akeh lan kuat?

a)

pilot

b)

nelayan

c)

dokter

d)

polisi

8.

teks narasi isine

a)

nyeritakake proses kedadeyan

b)

nyeritakake kahanane objek

c)

nggambarake kahanane objek

d)

nggambarake proses kedadean

9.

dhalang yaiku

a)

punggawa masjid

b)

bakul kewan

c)

wong seng gaweane ngelakokake wayang

d)

tukang ngerumat pesarean

10.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

11.

Bu Ani - ngapura - nyuwun

tatanane tembung iki yaiku ... .

a)

nyuwun ngapura bu Ani

b)

Bu Ani ngapura nyuwun

c)

nyuwun bu Ani ngapura

12.

Maskumambang, Pucung, Mijil, Sinom iku kalebu tembang ....

a)

dolanan

b)

gedhe

c)

parikan

d)

macapat

13.

Pak Lik aturana ... wedang kopi

a)

ngombe

b)

dhahar

c)

maem

d)

ngunjuk

14.

ing ngisor iki sing jenenge Gong yaiku ....

a)
b)
c)
d)
15.

Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.

Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

numpak

b)

nitih

c)

ngasta

d)

mbeta

16.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
17.

Tembung kasebut nggunakake sandhangan

a)

Wulu

b)

Taling

c)

Suku

d)

Pepet

18.

Layar, Wighyan,Cecak, lan Pangkon kalebu sandhangan ...

a)

Swara

b)

Legena

c)

Panyigeg Wanda

d)

Wyanjana

19.

Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.

Dasanamane tembung goroh yaiku ....

a)

dolanan

b)

gumede

c)

gawean

d)

ngapusi

20.

Gambar wayang ing nduwur arane ....

a)

semar

b)

gareng

c)

petruk

d)

bagong

21.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

22.
Mas Rudi (kanca) Mas Banu, jalaran ora wani dhewe, tembung kanca bener e …
a)
dikancani
b)
kancane
c)
kekancan
d)
kancananan
23.
Saben dina mbak Rina …. Latar
a)
disapu
b)
nyapu
c)
nyaponi
d)
disaponi
24.

Ing mangsa ketiga tandurane kudu…

a)

nyiram

b)

siram-siram

c)

disirami

d)

siramen

25.
Masita (tulis) laying kanggo bulike ing Bandung. Tembung tulis sing bener…
a)
nulisake
b)
nulis
c)
nulisa
d)
tulisna
26.
Apa sing (cekel) kuwi dhik? Tembung cekel benere…
a)
dakcekel
b)
dicekel
c)
kokcekel
d)
cekelan
27.

Kentir ing Ombak Majuning Jaman

Karipta dening Sri Sunarsih

Ing pratelon,

Saweneh simbah nggendhong tenggok

kalung caping nyangking bondhotan

sapecak maju sapecak mundur

kumliwer ing sato galak kang ombene pet

kanthi swara cumengkling lan asap nggembuleng

gawe mamang ing ati nugel dalan

bagaskara kemul mega eseme tan kawistara

swaraning kukila ceciyetan

sesautan dhisik mulih menyang susuhe

dhuh Gusti,

……………………………………………………..

Semarang, Agustus 2014

Kapehtiksaka : Remen Basa Jawi kelas 4 kaca 3

Geguritan “Kentiring Ombak Majuning Jaman” ditulis sasi . . . .

a)

Agustus 2140

b)

Agustus 2104

c)

Agustus 2014

d)

Agustus 2041

28.

Nalika perang Yudistira kandha karo mungsuhe menawa dheweke ora bisa perang.

Bab iku mratelakake yen Yudhistira duwe watak . . . .

a)

ngapusi

b)

jujur

c)

sabar

d)

drengki

29.

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluwarsa katutuh

Kapatuh pan dadi awon.

Guru gatrane tembang ing dhuwur , ana pira?

a)

4 gatra

b)

5 gatra

c)

6 gatra

d)

7 gatra

30.

Adi : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?

Pakdhe : Iyo Di, urung rampung iki

Adi : Taksih nopo to pakdhe?

Pakdhe : Resik-resik di


paraga sing ana ing pacelathon kuwi yaiku ... .

a)

Pakdhe lan budhe

b)

Adi lan pakdhe

c)

Adi lan budhe

d)

Adi lan kancane

31.

kula : pak,,! buk...! kula badhe mangkat sekolah...

bapak : ya kana le,, ngati - ati..

kula : nggih pak...

ibu : wes duwe sangu durung le?

kula : dereng bu...

ibu : iki sangune..

kula : nggih.. assalamu'alaikum. (salam kalih bapak lan ibu)

bapak & ibu : wa'alaikum salam

Sing menehi sangu ing pacelathon kuwi yaiku ... .

a)

ibu

b)

bapak

c)

pakdhe

d)

budhe