wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZZ CERKAK

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Plot/ alur carita kagolong unsur-unsur cerkak ingkang kawastanan unsur…..

a)

Instrinsik

b)

Biografi

c)

Konflik

d)

Tambahan

e)

Ekstrinsik

2.

Gatekna pethilan cerkak ing ngandhap menika!…………………………."Mengko mbacutke biji praktik sesorah ya?" ujare Dhanu sinambi njipuk krupuk urang sangune Totok."Wohh, iya. Mengko sing maju absen 16 nganti 20"Krungu mangkono aku trataban, amarga nomer absenku 18. Aku lali durung ngapalake teks sesorah. Rasane gela, seminggu iki aku ngapa wae ya kok nganti lali yen dina iki kudu maju. Teks kang wis diparingi pak Baskara 2 minggu kepungkur during dakapalke. Senajan Pak Baskara ora nate duka, nanging aku rumangsa keweden yen mengko ditimbali maju. Sakjane isih ana wektu kanggo ngapalake sabisane, nanging atiku rasane wis ora jenjem.…………………………..Saking pethilan naskah cerkak ing nginggil saged dipunmagertosi bilih pengarang cerkak migunakaken sudhut pandhang…..

a)

Sudhut pandhang campuran

b)

Sudhut pandhang wong kaloro

c)

Sudhut pandhang wong kapisan

d)

Sudhut pandhang wong katelu

e)

Sudhut pandhang mardika/bebas

3.

Soré iku Pak Pana katon sayah banget, sayah ragané ya sayah penggalihé, lungguh ana kursi tamu dikancani garwané. Sedhéla-sedhéla watuk, ambegané kaya seseg sengkil sanadyan bola-bali wis diunjal. Limang dina manèh Pak Pana arep duwé gawé mantu putra putriné sing ragil kang aran Sri Pamulatsih.

……………… Pethilan crita cerkak menika migunakaken sudhut pandhang…..

a)

Wong katelu

b)

Campuran

c)

Manasuka/ bebas

d)

Wong kapisan

e)

Semi campuran

4.

"Weis….ora! Dhasare bocah ora tau diwulang sopan santun ya ngene iki, ora ngajeni gurune!"Tembung ngajeni ingkang kacetak kandel ing ukara menika gadhah teges/ makna ingkang sami kaliyan tembung…

a)

Ngurmati

b)

Ngabehi

c)

Ngguyoni

d)

Ngapusi

e)

Ngabekti

5.

Unsur pamangun wonten ing salebeting carita cerkak wonten 2, inggih menika unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik. Ingkang kelebet unsuk ekstrinsik ing carita cerkak inggih menika…..

a)

Watak paraga

b)

Alur/ plot

c)

Latar/ setting

d)

Piwulang luhur

e)

Biografi panganggit

6.

Soré iku Pak Pana katon sayah banget, sayah ragané ya sayah penggalihé, lungguh ana kursi tamu dikancani garwané.

Tembung penggalihemenika gadhah teges…..

a)

Badane

b)

Astane

c)

Salirane

d)

Pikirane

e)

Awake

7.

Ing ngandhap menika ingkang kasebataken wonten ing crita cerkak kanthi langsung, kajaba…..

a)

Paraga protagonis

b)

Watak paragane

c)

Biografi panganggit

d)

Paraga antagonis

e)

Irah-irahan

8.

Urutaning carita wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan...

a)

irah-irahan

b)

paraga

c)

alur carita

d)

setting

e)

watak

9.

Reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan wekdal kedadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng. Menika andharan saking...

a)

alur maju

b)

alur mundur

c)

alur campuran

d)

alur mandhap

e)

alur nginggil

10.

Latar ing cerkak kaperang dados 3, inggih menika...

a)

wektu, papan, kahanan

b)

wektu, kedadosan, kahanan

c)

kahanan, kedadosan, wektu

d)

papan, kedadosan, wekdal

e)

wekdal. papan, kedadosan