NEW
Font size
WorksheetsTembang Macapat & Geguritan
Total questions: 16
Worksheet time: 5mins
Wulangreh Pupuh Pangkur Pada 1.
Sekar Pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu,
miwah ingkang tata krama,
den kaesthi siyang ratri.
Tembang macapat iku sapada cacahe ana .... gatra.
13
11
10
7
Tembang lumrahe uga sinebut ...
Sekar
Layang
Serat
Tulisan
Cacahing gatra (baris) saben pada (bait) diarani guru ...
Gatra
lagu
Sastra
wilangan
cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. (jumlah suku kata dalam satu baris) diarani....
Guru wilangan
Guru gatra
Guru lagu
Guru tembang
Sing nulis Serat Wulangreh yaiku ...
Sri Sultan Hamengku Buwana IV
Sri Susuhunan Paku buwana IV
Sultan Trenggana
Ajisaka
Tembang kang isine mujudtake pralambang kahanan gesang kang ngungkurake hawa nepsu, dur angkara, lan babagan kadonyan, nyingkiri angkara sinebut...
Mijil
Sinom
Pangkur
Durma
Dhong dhinge (tibane swara) ing pungkasane gatra jroning tembang macapat diarani ...
Guru wanda
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Cacahe tembang macapat ana .....
8
10
11
20
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Nitik saka guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra kang bener kanggo tembang Pangkur yaiku....
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 11u, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8a, 11i, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i,8i
8a, 11i, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i
Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....
Ngatur mlebu metune napas
Kudu ngepasake marang isine geguritan
Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen
Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Tembang
Pantun
Parikan
Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....
Tembang / lagu
Gambar
Prosa / cerita
Diagram
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Geguritan iku yen basa Indonesia diarani.....
Pantun
Lagu
Peribahasa
Puisi
Tembung-tembung sing dipilih kanggo geguritan yaiku tembung-tembung kang.......
mentes lan mantesi
lumrah digunakake
angel dingerteni
ora tau digunakake
