NEW
Font size
WorksheetsUH 1 BAHASA JAWA KLS 7
Total questions: 15
Worksheet time: 30mins
Guneman utawa omongan antarane gunareka lan rekaguna ing upacara begalan isine pitutur becik kanggo penganten sakloron anggone arep mbangun bale wisma lan tamu sing pada teka ngrubung. Gunemane mbabarake simbol kang ana ing brenong kepang.
Manut pethikan wacan ing dhuwur upacara begalan sejatine isine bab...
Wejangan kanggo penganten lan para tamu kang padha rawuh
Tontonan kanggo nglipur penganten lan para tamu kang rawuh
Guyonane para paraga kanggo ngramekake adicara penganten
Ngrebut pekakas brenong kepang lan disebar kanggo para tamu
Wondene pawongan kang kadhapuk ing acara begalan yaiku 2 penari. Kang kajibah nggawa brenong kepang jenenge Gunareka dene kang wong kang kajibah mbegal jenenge Rekaguna .Sandhangane kang digunakake paraga loro kuwi lumrahe klambi kampret sarwa ireng, bebed lancingan bathik Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah.
Manut teks ing dhuwur, kang ngrebut brenong kepang jenenge ....
Rekaguna
Gunareka
wulung jeblagan
Rekadana
Candhi Borobudhur mujudake Candhi Budha sing mapan ing Borobudhur. Magelang, Jawa Tengah, Indonesia. Papane candhi dumunung watara 100 km ing kidul kulone Semarang, 86 km ing sisih kulon Surakarta, lan 40 km ing lor kulone Yogjakarta.
Candhi kang awujud stupa iki didegake dening para pangrasuk agama Budha Mahayana kira-kira tahun 800-an Masehi ing jaman paprentahan wangsa Syailendra. Boorobudur kuwi candhi utawi kuwil Buddha kang gedhe dhewe sadonya, lan minangka salah sawijining monumen Budha kang paling gedhe sadonya.
Papane Candhi Borobudhur Manawa saka kutha Yogyakarta yaiku…
Kidul kulon
kidul wetan
Lor kulon
Lor wetan
Wacan deskripsi kang jumbuh kanggo prastawa kabudayan ana ing gambar yaiku ...
Candhi kang awujud stupa iki didegake dening para pangrasuk agama Budha Mahayana kira-kira tahun 800-an Masehi ing jaman paprentahan wangsa Syailendra.
Sedhekah laut dianakake dening masyarakat ing pesisir, mligine para nelayan. Sesaji mau minangka wujud rasa syukur marang gusti Kang Akarya Jagad dene para nelayan wis diparingi rejeki kang wis ditampa saka laut, mligine iwak.
Begalan yaiku salah sijine seni tradisi budaya masarakat Jawa kang ngrembaka ing wewengkon eks karisidhenan Banyumas, kang ditindakake ing prosesi ningkahan.
Wacan deskripsi kang jumbuh karo gambar, yaiku ....

Upacara kirab pusaka ing kraton Surakarta sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken saben surya kaping 1 Muharram utawi 1 Syura. Adicara menika nggadhahi ancas supados manungsa tansah pinaringan kasarasan, kaslametan, dipuntebihaken saking alangan tuwin godha rencana.
Sedaya ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun siyaga salebeting kraton wiwit tabuh 8 dalu. Kinten-kinten tabuh setengah sewelas, para piyantun ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun sami baris. Sasampunipun wonten pratandha mlampah, para abdi ingkang kajibah ngasta pusaka sami mlampah medal saking kraton.
Wos (isi) saka teks ing ndhuwur yaiku ….
Kirab pusaka kang tansah kagerus kamajuan jaman
Kirab pusaka kang wis ditinggalake para abdi kraton
Kirab pusaka kraton kang wis ora ana mumpangate
Kirab pusaka kang dianakake ing kraton Surakarta
Wektu iku aku didhawuhi bapak supaya nekani adicara kendurenan ing daleme Pak Daryanto. Bapak-bapak wis padha kumpul kanthi lenggah ing klasa. Anggone lenggah mau tumata rapi, lenggah jejer pesagi ngupengi ambeng sing uga ditata jejer. Ambeng-ambeng iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani lawuh maneka warna.
Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi kang rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendhurenan. Priyayi iku mau kang diarani kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu agama.
Irah-irahan kang trep saka teks ing ndhuwur yaiku ….
Mitoni
wayangan
Sekaten
Kendhuren
Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi kang rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendhurenan. Priyayi iku mau kang diarani kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu agama.
Kaum mau miwiti donga sawise rombongan kendhurenan dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake ancas dianakake kendhurenan. Maksude ora liya nyuwun kaslametan, karukunan tumrap warga lan kulawargane sing padha ngumpul.
Manut teks ing ndhuwur kang ora disuwun dening warga nalika kendhurenan yaiku ….
bagas waras
lancar rejeki
kaslametan
kacilakan
Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi kang rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendhurenan. Priyayi iku mau kang diarani kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu agama.
Kaum mau miwiti donga sawise rombongan kendhurenan dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake ancas dianakake kendhurenan. Maksude ora liya nyuwun kaslametan, karukunan tumrap warga lan kulawargane sing padha ngumpul.
Pitutur luhur saka teks ing ndhuwur kasebut yaiku ….
Dadi manungsa kudu tansah syukur marang Gusti Kang Maha Agung.
Becike saben sasi nganakake kenduren supaya tansah guyub rukun.
Kenduren dianakake kanggo andum rejeki marang tangga teparo lan sedulur.
Para warga ora perlu nganakake adicara kenduren amarga butuh biaya akeh.
Upacara kirab pusaka ing kraton Surakarta sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken saben surya kaping 1 Muharram utawi 1 Syura. Adicara menika nggadhahi ancas supados manungsa tansah pinaringan kasarasan, kaslametan, dipuntebihaken saking alangan tuwin godha rencana.
Sedaya ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun siyaga salebeting kraton wiwit tabuh 8 dalu. Kinten-kinten tabuh setengah sewelas, para piyantun ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun sami baris. Sasampunipun wonten pratandha mlampah, para abdi ingkang kajibah ngasta pusaka sami mlampah medal saking kraton.
Pitutur luhur saka teks ing dhuwur yaiku ….
Njunjung dhuwur budaya lokal kanggo nguri-uri budaya Jawa.
Budaya Jawa perlu dianakake saben dina ing kraton Surakarta.
Budaya Jawa iku mung kanggo para raja lan ora kanggo liyane.
Budaya lokal ora perlu dianakake amarga ora ana mumpangate.
Sing padha ziyarah mlebu liwat sisih wetan lan mlaku mubeng saarah manut pandom jam, banjur munggah undhak-undhakan candhake ngliwati telung tataran. Tataran kasebut yaiku Kamadhatu (tataran hawa nepsu), Rupadhatu (tataran wujud), lan tataran Arupadhatu (tataran tan maujud).
Borobudhur saiki isih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga Buddha saindhenging nuswantara lan nagara manca kumpul ing Borobudhur kanggo mengeti Trisuci Waisak. Ing jagading pariwisata, Borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia.
Tataran kaping telu ing Candhi Borobudhur iku arane ….
Papan ziyarah
Arupadhatu
Reca Budha
Trisuci Waisak
Sing padha ziyarah mlebu liwat sisih wetan lan mlaku mubeng saarah manut pandom jam, banjur munggah undhak-undhakan candhake ngliwati telung tataran. Tataran kasebut yaiku Kamadhatu (tataran hawa nepsu), Rupadhatu (tataran wujud), lan tataran Arupadhatu (tataran tan maujud).
Borobudhur saiki isih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga Buddha saindhenging nuswantara lan nagara manca kumpul ing Borobudhur kanggo mengeti Trisuci Waisak. Ing jagading pariwisata, Borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia.
Saben taun warga Budha ing saindhenging nuswantara lan nagara manca kumpul ing Borobudhur saperlu ….
Niliki reca kang akeh.
Mengeti Trisuci Waisak.
Mangerteni candhi kang gedhe.
Ketemu karo wong saka negara liya.
Borobudhur saiki isih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga Buddha saindhenging nuswantara lan nagara manca kumpul ing Borobudhur kanggo mengeti Trisuci Waisak. Ing jagading pariwisata, Borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia.
Candhi Borobudhur tumrap pariwisata bangsa Indonesia minangka ….
papan plesir
papan ngibadah
papan ziyarah
kanggo makam
Sing padha ziyarah mlebu liwat sisih wetan lan mlaku mubeng saarah manut pandom jam, banjur munggah undhak-undhakan candhake ngliwati telung tataran. Tataran kasebut yaiku Kamadhatu (tataran hawa nepsu), Rupadhatu (tataran wujud), lan tataran Arupadhatu (tataran tan maujud).
Borobudhur saiki isih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga Buddha saindhenging nuswantara lan nagara manca kumpul ing Borobudhur kanggo mengeti Trisuci Waisak. Ing jagading pariwisata, Borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia.
Wos (isi) saka teks kasebut yaiku ….
Candhi Borobudhur iku candhi kang paling cilik ing Indonesia.
Candhi Borobudhur iku minangka papan ziyarah lan pariwisata.
Candhi Borobudhur iku papan ziyarah kanggo umat Hindhu.
Candhi Borobudhur salah sijine candhi kang ora kawentar ing donya.
Borobudhur saiki isih digunakake kanggo ziyarah agama kabukti saben taun warga Buddha saindhenging nuswantara lan nagara manca kumpul ing Borobudhur kanggo mengeti Trisuci Waisak. Ing jagading pariwisata, Borobudhur dadi papan wisata kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia.
Pitutur luhur saka teks ing dhuwur yaiku ….
Perlu ngganti budaya bangsa kang wis ketinggalan jaman.
Dadi warga negara perlu sinau budaya bangsa liya
Budaya bangsa kang wis lawas becike ditinggalna wae
Budaya bangsa kudu tansah diuri-uri lan dilestarekake.