wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sandiwara PAS

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 25mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna pratelan iki!

I.          Utama

II.        Figuran

III.      Tritagonis

IV.      Antagonis

V.        Protagonis

Adhedhasar watake, paraga diperang dadi 3 yaiku ….

a)

I, II, lan III

b)

I, III, lan IV

c)

II, III, lan IV

d)

II, IV, lan V

e)

III, IV, lan V

2.

Paraga iki ora melu guneman ing pamentasan nanging mung lewat saklebatan kanggo nguripake kahanan supaya luwih katon nyata.

Paraga kasebut diarani paraga ….

a)

Utama

b)

Figuran

c)

Antagonis

d)

Protagonis

e)

Pambiyantu

3.

Gatekna pratelan iki!

I.          Klimaks

II.        Padudon

III.      Pangenalan

IV.      Pamungkasan

Urutane alur sandiwara sing bener saka kawitan nganti pungkasan yaiku ….

a)

I - II - III - IV

b)

II - III - IV - I

c)

III - IV - I - II

d)

III - II - I - IV

e)

IV - I - II - III

4.

Naskah sandiwara bisa dijupuk saka sumber iki, kajaba ….

a)

Novel

b)

Cerkak

c)

Pawarta

d)

Geguritan

e)

Ngripta dhewe

5.

Ukara ing naskah sandiwara kang ditulis ing sajroning kurung, lan ora diucapake nanging dipraktekake, diarani …

a)

Kramagung

b)

Pantomim

c)

Monolog

d)

Dialog

e)

Prolog

6.

Ing pagelaran drama uga nduweni unsur estetis. Unsur estetis yaiku ….

a)

Duwe pesen moral

b)

Minangka karya fiksi

c)

Ngandhut unsur kaendahan

d)

Ngandharake perkara sosial

e)

Ngangkat cerita sing lagi viral

7.

Ludrug & kethoprak minangka seni drama tradisional Jawa, ngrembaka ing Jawa Tengah lan Jawa Timur. Ludrug luwih bisa lestari nganti saiki amarga….

a)

Ngangkat cerita tentang kerajaan

b)

Ngangkat cerita tentang kepahlawanan

c)

Nganggo basa Jawa keraton sing temata

d)

Ngangkat cerita Ramayana & Mahabarata

e)

Ngangkat cerita anyar sing ana ing masyarakat

8.

Sing ora kalebu ciri khase ludrug yaiku….

a)

Dikanteni tari remo

b)

Nganggo basa Surabayaan

c)

Ngangkat cerita tentang kerajaan

d)

Diwiwiti kanthi parikan utawa kidungan

e)

Ngangkat cerita anyar sing ana ing masyarakat

9.

Ing sawijining kraton, ana raja sing nduweni putri loro yaiku Dewi Candra Kirana lan Dewi Galuh. Raja duwe niat arep njodokake Dewi Candra Kirana karo Raden Panji Inukertapati. Nanging Dewi Galuh ora seneng yen sedulure dijodokake karo Raden Inukertapati. Dheweke banjur lunga golek dukun supaya bisa nyilakani Dewi Candra Kirana.

Perangan kasebut diarani ….

a)

Epilog

b)

Prolog

c)

Dialog

d)

Konflik

e)

Monolog

10.

Sing ora kalebu perangan sing ditindakake nalika ngrantam (nyusun) teks sandiwara yaiku ….

a)

Nemtokake tema

b)

Nemtokake paraga

c)

Ngatur obahing paraga

d)

Nemtokake alur & setting

e)

Ngrancang ringkesane cerita

11.

Kanggo mangerteni watake paraga bisa dimangerteni kanthi cara iki, kajaba….

a)

Pocapane paraga

b)

Pocapane pangripta

c)

Apa sing ditindakake paraga

d)

Katrangan saka paraga liyane

e)

Digambarake langsung dening pangripta

12.

Saben babak ing sandiwara ana perangan-perangan kang diarani ….

a)

Alur

b)

Plot

c)

Judul

d)

Babak

e)

Adegan

13.

Sandiwara kang mung ngandelake swara pocapan paraga, swara narator, & swara iringan musik utawa piranti liyane, diarani sandiwara ….

a)

TV

b)

Radio

c)

Boneka

d)

Wayang

e)

Panggung

14.

Sandiwara sing pacelathone dilagokne lan diiringi musik utawa gamelan diarani ….

a)

Opera

b)

Ludrug

c)

Komedi

d)

Tragedi

e)

Sendratari

15.

Kolaborasi antarane seni sandiwara lan seni tari diarani ….

a)

Farce

b)

Opera

c)

Ludrug

d)

Pantomim

e)

Sendratari

16.

Sing ora kalebu jenise sandiwara adhedhasar piranti kang digunakake yaiku sandiwara ….

a)

TV

b)

Radio

c)

Boneka

d)

Modern

e)

Panggung

17.

Gunane aksara murda kanggo nulis:

I.          Serapan

II.        Jeneng wong

III.      Aksara swara

IV.      Gelar/pangkat

V.        Papan panggonan

Gunane aksara murda sing bener yaiku dituduhake ing nomer ….

a)

I, II, & III

b)

I, III, & IV

c)

II, IV, & V

d)

II, III, & IV

e)

III, IV, & V

18.

Sing ora kalebu aksara murda yaiku ….

a)

Na

b)

Ka

c)

Ta

d)

Ra

e)

Sa

19.

Tari pambuka ing pagelaran ludrug yaiku tari ….

a)

Remo

b)

Srimpi

c)

Kreasi

d)

Merak

e)

Gambyong

20.

Ing ngisor iki sing ora kalebu jenise tembang Jawa yaiku tembang ….

a)

Cilik

b)

Gedhe

c)

Kidung

d)

Macapat

e)

Tengahan

21.

Gatekna pratelan iki!

1.       Tari remo

2.       Jejer

3.       Bedayan

4.       Dhagelan

5.       Pasulayan

6.       Cerita inti

Sing kalebu struktur cerita pagelaran ludrug yaiku ….

a)

1, 2, 3, lan 4

b)

1, 3, 4, lan 6

c)

2, 3, 4, lan 5

d)

2, 3, 4, lan 6

e)

3, 4, 5, lan 6

22.

Nambahi variasi omongan nalika dialog nanging ora ngowahi isine cerita jroning pamentasan drama utawa teater diarani ….

a)

Mimik

b)

Casting

c)

Gesture

d)

Ekspresi

e)

Improvisasi

23.

Sing ora kalebu unsur ekstrinsik naskah sandiwara yaiku ….

a)

Politik

b)

Agama

c)

Biografi

d)

Amanat

e)

Sosial budaya

24.

Ing struktur pamentasan kethoprak ana perangan kanggo nepungake paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju cerita sabanjure. Perangan iki disebut ….

a)

Jejer

b)

Perang

c)

Wasana

d)

Dhagelan

e)

Pasulayan

25.

Jenise alur cerita sandiwara ana ….

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

e)

6