wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH1 Bahasa Jawa 5/2

Total questions: 15

Worksheet time: 44mins

Name
Class
Date
1.

Teks kang surasane ngandharake kahanan sawijining objek kanthi princi diarani teks ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

eksposisi

2.

Nalika nulis teks deskripsi, kang kapisan ditindakake yaiku ....

a)

nliti lan benerake ukara supaya dadi teks kang becik

b)

nyathet saperangan bab kanthi tlesih

c)

nemtokake tema kanthi netepake objek kang arep ditulis

d)

nglumpukake katrangan kang ana gegayutane karo objek kang ditulis

3.

Wacanen paragrap deskripsi ing ngisor iki kanthi permati!

Pameran wayang kanthi tema "Wayang Rupa Kita" dianakake ing Bentara Budaya Jakarta. Wayang sing dicawisake yaiku minangka koleksi Bentara Budaya Jakarta, nglimput wayang kulit, wayang golek, lan wayang suket. Ana 17 adegan wayang dipapanake ing dhuwur debog gedhang kinanthenan kaca kanthi tema wayang lan lukisan wayang ing dhuwur kain kanvas. Wayang suket digawe saka suket mligi sing mung thukul ing sasi Sura, saengga diarani suket Kasuran.

Surasane paragrap ing dhuwur yaiku ....

a)

swasana pameran wayang ing Bentara Budaya

b)

jinis wayang kang dipamerake ing pameran wayang

c)

bahan kang dianggo gawe wayang suket

d)

tema pameran wayang lan teges filosofine

4.

Nulis teks deskripsi bisa ngandharake samubarang kahanan utawa objek kanthi princi. Dene sing ora bisa dideskripsikake saka objek pawongan yaiku ....

a)

werna rambut

b)

werna kulit

c)

dedeg piadeg

d)

bahane

5.

Sajroning teks eksposisi ngandharake babagan ....

a)

informasi

b)

panemu penulis

c)

proses utawa cara

d)

kahanan objek

6.

Teks kang isine menehi katrangan salah sijine topik utawa prakara kanggo menehi informasi utawa kabar marang pamaca diarani ....

a)

teks persuasi

b)

teks eksposisi

c)

teks deskripsi

d)

teks narasi

7.

Katrangan kang nudhuhake bedane teks deskripsi lan narasi yaiku ....

a)

teks deskripsi menehi gambaran kahanan utawa objek kanthi cetha, dene narasi nerangake saweneh kedadean saka wiwitan nganti pungkasan

b)

teks deksripsi nerangake sawijining proses, dene narasi ngandharake panemu kinanthenan bukti kanggo nguwatake

c)

teks deksripsi ngandharake kahanan objek kanthi princi, dene narasi ngajak pamaca supaya melu tumrap apa sing diandharake

d)

teks deskripsi nyritakake kedadean saka wiwitan nganti pungkasan, dene narasi ngandharake kahanan objek kanthi cetha

8.

Kaendhahan sawah kang ana ing desa bisa diandharake nganggo teks ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

eksposisi

9.

Ora klebu kaprigelan dhasar maca yaiku ....

a)

nguwasani tembung kunci

b)

nguwasani mripat

c)

nguwasani tembung lan frasa

d)

nguwasani tangan

10.

Kagiyatan ndeleng tulisan lan nywarakake utawa ora nywara (ing jero ati) kanggo mangerteni isi tulisane diarani ....

a)

maca

b)

micara

c)

nulis

d)

nanggepi

11.

Teks kang ngandharake kedadean saka wiwitan nganti pungkasan diarani teks (a)  

12.

Teks kang nduweni ancas menehi pangaribawa marang pamaca supaya nindhakake kaya kang diandharake panulis diarani teks (a)  

13.

Maca nyaring tegese maca kanthi swara (a)  

14.

Sajroning teks deskripsi panulis ngajak pamaca nggunakake (a)  

15.

Nalika arep nulis teks deskripsi, sawise nemtokake objek lan tema, banjur gawe (a)