wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZ JATAYU_22_23

Total questions: 20

Worksheet time: 41mins

Name
Class
Date
1.

      Jatayu nalika isih timur duwe kanca raket kang dadi nata ing Ayodya, asmane yaiku…

a)

a.         Prabu Sugriwa

b)

b.       Prabu Dasamuka

c)

c.         Prabu Dasarata

d)

d.         Prabu Janaka

2.

  Jatayu nduweni sedulur cacah telu, ngisor iki kang ora kalebu sedulure Jatayu yaiku…

a)

a.         Garuda Sempati

b)

b.         Garuda Harna

c)

c.         Garuda Briswawa

d)

d.         Garuda Brihawan

3.

    Dasamuka bisa dikalahake lan ditumpes dening Jatayu nalika prang tandhing ing gegana rebutan Dewi Sinta, Dasamuka tiba ing bumi lan awake ajur, getihe mili ing ndhuwur lemah. Dasamuka bisa urip maneh jalaran nduweni ajian kang arane…

a)

    ajian Pancasona

b)

ajian Pancanaka

c)

ajian Pasopati

d)

ajian Pancaniti

4.

    Lakon Resi Jatayu dijupuk saka serat Ramayana. Serat Ramayana dianggit dening…

a)

Empu Walmiki

b)

Empu Wiyasa

c)

Empu Panuluh

d)

Empu Kanwa

5.

     Sinta kadhusta dening Dasamuka lan ditulungi dening rajaning peksi. Tembung peksi tegese…

a)

Kewan

b)

Manuk

c)

Kanca

d)

Garudha

6.

    Dewi Sinta iku putri saka nagara…

a)

Alengka

b)

Ayodya

c)

Madukara

d)

Mantili

7.

     Gambar wayang ing ngisor mujudake paraga wayang Ramayana, kajaba

a)
b)
c)
d)
8.

   Jatayu iku salah sawijine paraga ing crita wayang Ramayana kang awujud…

a)

Wanara

b)

Peksi

c)

Diyu

d)

Resi

9.

   Resi Jatayu bisa dikalahake dening Rahwana kanthi…

a)

Disengkleh swiwi sisih kiwane

b)

Ditendhang dhadhane

c)

Dicucuk dhadhane

d)

Dipanah wetenge

10.

   Dasamuka nggadhahi sedherek cacah tiga, ngandhap menika ingkang boten kalebet sedherekipun Dasamuka inggih menika…

a)

Indrajit

b)

Kumbakarna

c)

Sarpakenaka

d)

Gunawan Wibisana

11.

   Anggone nggawa Dewi Sinta menyang Alengka, Rahwana numpak…

a)
b)
c)
d)
12.

Rajaning peksi punika naminipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebat. Rahwana nggegegi, boten nguwalaken saengga dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman, Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana.

    Watak angkarane Dasamuka ing crita kasebut dituduhake yaiku…

a)

Udreg-udregan

b)

Nyulik Dewi Sinta

c)

Natoni Jatayu

d)

Ngajar Jatayu

13.

   Nalika sumerep putranipun mitranipun dipuncidra Rahwana, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Tembung kang kagaris ngisor nduweni teges…

a)

Digendhong

b)

Dicolong

c)

Digondhol

d)

Diculik

14.

   Garudha Jatayu diarani resi, jalaran…

a)

Wulune emas lan cucuke lancip

b)

Seneng menehi pitulungan marang liyan

c)

Awatak mituhu marang Gusti

d)

Awujud manuk sing bisa tata jalma

15.

     Raseksa kang dijaluki tulung Dasamuka supaya bisa misahake Sinta lan Ramawijaya sarta Lesmana, yaiku…

a)

Sarpakena

b)

Sukasrana

c)

Kalamarica

d)

Kumbakarna

16.

     “satemah dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana”. Tembung ‘udreg-udregan’ ing ukara kasebut ateges…

a)

rebutan

b)

oyak-oyakan

c)

dhisik-dhisikan

d)

padudon

17.

Rajaning peksi menika namanipun Jatayu. Piyambakipun dados mitra raketipun Prabu Dasarata. Nalika sumerep putra mitranipun dipuncidra Dasamuka, Jatayu enggal tumandang damel mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sinta dipunrebut. Dasamuka nggegegi, boten nguwalaken, satemah dados udreg-udregan rebatan Sinta ing gegana. Eman Jatayu kalindhih, dipuntatoni saha dipunajar dening Dasamuka. Salah satunggaling swiwi sengkleh tugel. Jatayu taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awing-awang. Dangu-dangu dhawah ing siti klebekan. 

     Wacan ing ndhuwur, diwenehi irah-irahan…

a)

Resi Jatayu

b)

Sinta dipuncidra pandung

c)

Resi Jatayu prang tandhing karo Rahwana

d)

Resi Jatayu dikalahake Rahwana

18.

   Dasamuka muntab nalika krungu wangsulane Sinta kang mratelakake dheweke tetep teguh ing budi mring Ramawijaya. Sinta banjur dipapanake ing sawijining taman sing arane…

a)
b)
c)
d)
19.

      Nalika ketemu Ramawijaya lan Lesmana, Jatayu menggeh-menggeh kaya meh koncatan  nyawa. Tembung koncatan nyawa ing ukara kasebut, ateges…

a)

ambegan

b)

semaput

c)

sentig-sentig

d)

mati

20.

      Ramawijaya lan Lesmana nemokake saperangan panganggone Sinta ing tengah dalan, mula Rama ngira yen Sinta…

a)

dicolong

b)

diperjaya

c)

diulihake

d)

didhelikake