WorksheetsGEGURITAN ASIK
Total questions: 20
Worksheet time: 31mins
Puisi Jawa gagrag anyar diarani...
Sanepan
Tembang
Geguritan
Parikan
Geguritan uga diarani puisi bebas amarga
Ora kaiket dening paugeran
Sapa wae bisa gawe geguritan
Anggone milih tema bebas
Anggone milih basa bebas
Kang dudu kalebu isine geguritan yaiku...
Pitutur
Piwulang
Kritikan
Cangkriman
Geguritan ora kaiket dening paugeran, kang dudu kalebu paugeran ing geguritan yaiku...
Ora kaiket guru lagu
Ora kaiket guru wilangan
Ora kaiket guru gatra
Ora kaiket guru basa
Kang ora kalebu bab kang kudu digatekake nalika nggoleki tema ing geguritan, yaiku...
Negesi tetembungan sing angel
Nggathukake makna ing saben gatra
Maknani isine geguritan
Nggoleki biografi penggurit
Jroning maca geguritan, pangucapane saben-saben tembung kuwi kudu...
Bener lan cepet
Bener lan cetha
Lirih nanging cepet
Lirih lan kalem
Karangan utawa reriptan kang nengenake anane rasa kaendah sing anggone ngarang bebas ora kaiket anane paugeran kaya ing teks diarani...
Macapat
Parikan
Cangkriman
Geguritan
Guruku...
Kula nyuwun donga lan pangestu
Mugi-mugi sedaya elmu
saged dados sangu
kanggo nggayuh gegayuhanku
Geguritan ing dhuwur nduweni tema...
Sekolahku
Sinau
Guruku
Gegayuhanku
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake...
Tema
Inspirasi
Bahasa
Foto
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu
Mangerteni isine
Mangerteni wujude
Mangerteni tulisane
Mangerteni macane
Ibu
sanajan kang putra asring nglarani penggalih
nanging katresnan ndiko ora ngalih
Ibu
sanajan kang putra asring gawe kuciwa
nanging ndiko tansah paring apuro
Makna geguritan ing dhuwur...
Ibu sing sabar
Ibu sing ora sabar
Ibu sing nesuan
Salah kabeh
Pahlawanku
(R.Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R.Tanti
R.A. Ningsih
R.A. Kartini
Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku...
Isine mentes
Nganggo basa jaman biyen
cacahe larikan ora katemtokake
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku...
Ngatur mlebu metune napas
Kudu ngepasake marang isine geguritan
Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen
Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora gremeng
Srengenge iku jeneng liyane...
Bulan
Bintang
Samudra
Matahari
Andharna kang diwastani geguritan...
Sebutna lan jlentrehna titikane utawa ciri-cirine geguritan
Andharna kang diwastani purwakanthi guru swara, sastra, lan basa
Gawea tuladha purwakanthi guru swara, sastra lan basa kang cacahe 3 saben purwakanthi
KAHANAN WAYAH ESUK
Awan kanthi bulak
Kahanane peteng dhedhet
Kabeh pada keblowok turu kepati
Tanpa raga tanpa swara
Ora watara suwe
Wengise wengi sing kumlebat
Karosane ilang tanpa tilas
Kasentor ublik katon gagah
Sapungkure iku
Ngundang etan gedhe, ngancik wayah esuk Kawiyak sunaring srengenge
Surya ngrembaka maneh
Kabeh pada tangi
Kabeh pada bungah
Kabeh kewan sumringah
Kembang-kembang semburat maneh
Temtokake pesan moral saka geguritan ing dhuwur
