NEW
Font size
WorksheetsLelewaning Basa
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Basa kang dipaesi supaya katon endah lan supaya surasane luwih nengsemaké arane...
Basa rinêngga
Basa paes
Basa cinandra
Basa pranata adicara
"Bebek mungsuh mliwis"
Unen-unen ing ndhuwur kalebu jinising lelewaning basa...
Bebasan
Sanepa
Saloka
Pepindhan
Jinis lelewaning basa kang ngemu pepindhan nduwé teges wantah nanging endah arane...
Purwakanthi
Paribasan
Sanépa
Bebasan
"Kinarya tiba ndhadha"
Unen-unen ing ndhuwur nuduhake surasa endah kang kalebu...
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru lumaksita
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru sastra
"Swarane ngombak banyu"
Unen-unen ing ndhuwur kalebu jinis lelewaning basa kang entar utawa ngemu kias sing kalebu....
Sanepa
Cecandran
Saloka
Paribasan
"Jenang gula, aja lali yen wis sumadya uripmu"
Unen-unen ing ndhuwur kalebu wangsalan lamba. Batangane yaiku...
Gulali
Juruh
Jenang
Kembang Gula
Rong tembung sing mèmper tegese digunakake bareng kanggo mbangetake surasane arane...
Tembung entar
Tembung panyilah
Tembung sesulih
Tembung saroja
"Kutuk marani sunduk"
Unen-unen ing dhuwur kalebu jinising lelewaning basa...
Saloka
Sanepa
Bebasan
Cangkriman
Cangkriman kang kasusun cekakan arane
Cangkriman blenderan
Cangkriman wancah
Cangkriman pepindhan
Cangkriman wangsalan
Ngenteni thukuling jamur ing mangsa katiga
Kalebu jinis lelewaning basa...
Bebasan
Pepindhan
Paribasan
Cecandran
Lala, Leni lan Laeni lagi lunga menyang Lamongan
Unen-unen ing ndhuwur nuduhake penganggone lewaning basa...
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru lumaksita
1. Nggawe luwangan ngurugi luwangan
2. Adigang adigung adiguna
3. Santer playune keong
4. Tumbak cucukan
Saka unen-unen ing ndhuwur sing kalebu jinis lewaning basa paribasan yaiku...
1 lan 2
1 lan 3
1 lan 4
2 lan 4
Balung pakel, aja seneng alok-alok
Wangsalan ing dhuwur batangan...
Pelok
Keplok
Ndheplok
Ndelok
Bebasane pawongan sing gelem senenge ora gelem susahe yaiku
Asu belang kalung wang
Becik ketitik ala ketara
Arep jamure emoh watangane
Ancik ancik pucuking eri
Ngenteni udan neng mangsa ketiga
Tegese unen-unen ing ndhuwur yaiku...
Sabar
Ngenteni samubarang sing ora pesthi
Ngenteni pawongan sing arep teka
Sabar lan tlaten
"ngubak-ubak banyu bening"
Unen-unen ing ndhuwur nuduhake lelewaning basa...
Paribasan
Pepindhan
Bebasan
Sanepa
"kaya banyu karo lenga"
Unen-unen ing ndhuwur nduwé teges...
Ora rukun
Rukun banget
Bisa sesandhingan
Bisa srawung
Nyarung jagung, wis diwasa kudu ngerti bobot timbang tumindake dhewe
Wangsalan ing dhuwur batangane...
Wisa
Limbang
Klobot
Bobot
Keladuk ayuning patah sakembaran kaya widadari tumurun
Unen-unen ing ndhuwur kalebu...
Panyandra
Sanepa
Bebasan
Pepindhan
Bedhekan sing kudu dibatang surasane arane...
Cangkriman
Blenderan
Plesedan
Wangsalan
