NEW
Font size
WorksheetsQuizizz Bahasa Jawa
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Sawangen srengenge kae
Esuk teka sore lunga
Ora kesel. Ora nate nggresula
Gaweyane madhangi manungsa ngupaya boga
Kabeh kuwi mung netepi pepesthi
Wajibe Bathara Surya madhangi ndonya
Nuladha lakune srengenge
Elinga jejere bocah sekolah
Wajibe sinau lan maca buku Ora kudu dielingake Ibu
Sebab ngelmu kalakone kanthi laku Saranane sekolah sowan guru
Wacan ing dhuwur klebu…
a. parikan
b. paribasan
c. geguritan
d. syair
Jenis karangan sastra Jawa sing nengenake rasa kaendahan yaiku....
a. Cangkriman
b. Geguritan
c. Parikan
d. Paugeran
Elinga jejere bocah sekolah
Wajibe sinau lan maca buku Ora kudu dielingake Ibu
Sebab ngelmu kalakone kanthi laku Saranane sekolah sowan guru
Miturut geguritan ing dhuwur wajibe bocah sekolah yaiku…
a. ngupadi ngilmu
b. golek pangupa boga
c. dolanan game
c. dolanan game
awangen srengenge kae
Esuk teka sore lunga
Ora kesel. Ora nate nggresula
Gaweyane madhangi manungsa ngupaya boga
Kabeh kuwi mung netepi pepesthi
Wajibe Bathara Surya madhangi ndonya
Nuladha lakune srengenge
Elinga jejere bocah sekolah
Wajibe sinau lan maca buku Ora kudu dielingake Ibu
Sebab ngelmu kalakone kanthi laku Saranane sekolah sowan guru
Apa sing kudu ditindakake bocah supaya pinter miturut geguritan ing dhuwur...
a. nuladhani lakune srengenge
b. teturon lan geguyon
c. ngupaya pangupa boga
d. madhangi donya
Tembung Tindak kosok baline ...
a. Luwe
b. Madhang
c. Budhal
d. Bali
Carane maca gegurtian ing ngisor iki bener, kejaba…
a. diwaca kanthi alon supaya iramane trep
b. maca kanthi kesusu
c. macane alon-alon
d. dhuwur cendheke swara kudu manut ukara
Panggunane tembung sing pantes lan menthes bakal ndadekake geguritan dadi….
a. alus lan mbingungake
b. endah lan maneges
c. kasar lan njengkelake
d. suci lan nyenengake
Anggitan ing geguritan diarani ...
a. Sing ngarang
b. Wangsulan
c. Pamikir
d. Tembung
Guruku
Sira kang mulang aku
Sira kang mulang tanpa sayah
Nesumu minangka tandha tresnamu
Marang aku kang isih cubluk
Aku durung ngerti carane matur nuwun
Muga wae guritan prasaja iki bisa dadi sarana
Kanggo ngucapake matur nuwun marang sliramu
Sliramu wis menehi aku akeh kawruh
Sliramu ora bosen-bosen ngajari aku
Mung tembung matur nuwun
Ingkang saged kula aturaken
Nyuwun pangaputen
Yen murid isih cubluk
Tegese cubluk yaiku…
a. Sregep
b. ngantukan
c. pinter
d. bodho
Sing ora klebu kosok baline tembung cubluk yaiku...
a. Cerdas
b. Nggatekake
c. pinter
d. lumuh
Basa kang apik kanggo nulis geguritan yaiku...
a. basa krama
b. basa ngoko
c. menthes lan nges
d. jawa kuna
Yen moco geguritan, anggone ngucapake tembung kudu bener lan jelas diarani....
a. artikulasi
b. kinestik
c. wirama
d. ekspresi
Perangan sing kudu digatetake supaya olehe maca geguritan bisa becik, kejaba yaiku ...
a. Wirama
b. Intonasi
c. Ekspresi
d. Pamirsa
Cendhek dhuwure swara ing geguritan diarani ...
a. Irama
b. Intonasi
c. Jeda
d. Artikulasi
Obah gingsire pasuryan (mimik wajah) lan obahing raga diarani ...
a. Ekspresi
b. Intonasi
c. Wirama
d. Vokal
