Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal Teks Laporan Kegiyatan Kelas 9A

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Tulisan sing isine ngandharake lumakune sawijine kegiyatan sing mentas diayahi diarani….

a)

Karangan dheskripsi

b)

Laporan observasi

c)

Laporan kegiyatan

d)

Karangan narasi

2.

Struktur teks laporan kegiyatan sing runtut yaiku….

a)

Pambuka, isi, lan saran

b)

Pambuka, isi, lan panutup

c)

Isi, saran, lan atur panuwun

d)

Pambuka, isi, lan atur panuwun

3.

Bagean teks sing nerangake lelandhesan/latar belakang lan tujuwan dianakake kegiatan, diarani....

a)

Isi

b)

Saran

c)

Panutup

d)

Pambuka

4.

Paugeran panulise teks laporan kegiyatan ing antarane yaiku….

a)

Tulisane kudu bener

b)

Dilampiri data lan foto

c)

Runtut manut strukture

d)

Nganggo basa sing endah

5.

Gatekna teks laporan kegiyatan ing ngisor iki!


Kegiatan Sosialisasi Sampah Organik


Sampah organik utawa diarani sampah teles yaiku sampah kang iso didaur ulang dadi pupuk. Sampah organik contohne yaku kotoran kewan, godong garing dll. Jaman saiki akeh masyarakat kang ora iso mbedakno sampah organik lan anorganik. Hal iki nyebabake sampah kasebut ora iso utawa angel diuraiake. Sampah organik iki asline nduwe guna bagi masyarakat akeh yen kita bisa ngolah.

1. Siswa dikenalake sampah organic

2. Siswa diajari cara milah sampah sampah organik lan anorganik


Jenis kegiyatan : Sosialisasi sampah organik

Peserta : 345 siswa, 10 guru, 5 TU

Wektu : Selasa, 14 Februari 2019( 07.00 – 12.30 )

Panggonan : Aula SMPN 20 Malang

Kagiyatan sosialisasi sampah organik SMPN 20 Malang diharapake bisa nggawe siswa siswa lebih teliti milah sampah, bisa ngolah sampah organik, bisa njaga keresikan lingkungan lan bisa mraktekno ing kagiyatan nyata.

Malang 1 – Maret – 2019


Ketua Panitia

Ukara kang kecetak kandel kelebu….

a)

Lelandhesane laporan kegiyatan

b)

Waktu lan panggonan kegiyatan

c)

Andharan bab asil kegiyatan

d)

Tujuwan kegiyatan

6.

Bagean teks sing nerangake kesimpulan laporan. Ing bagean panutup bisa ditambahi saran tumerap lumakune kegiatan, lan arep-arep supaya kegiatan sing dianakake ing liyo wektu bisa lumaku luwih apik, diarani....

a)

isi

b)

pambuka

c)

panutup

d)

kesimpulan

7.

"SMP Wachid Hasjim 9 Sedati saben taun nduwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata " kelebu ukara....

a)

lamba

b)

carita

c)

camboran susun

d)

camboran sadrajat

8.

unsur 5W + 1H kanggo nakokake barang yaiku....

a)

why

b)

what

c)

who

d)

where

9.

"Siswa kelas 9 budal menyang Surabaya isuk-isuk" .


Wasesa saka ukara ing ndhuwur yaiku....

a)

siswa kelas 9

b)

budal menyang

c)

Surabaya

d)

isuk-isuk

10.

"Nia budal sekolah numpak sepeda dene ayu budal sekolah mlaku ".


kang kelebu tembung penggandheng yaiku....

a)

Nia

b)

budal

c)

Dene

d)

Mlaku

11.

Tembung ing endi gunane kanggo nakokake apa kegiyatan seng dilakoni, ukara kasebut kalabu perangan unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan kang diarani ….

a)

what

b)

why

c)

where

d)

when

12.

Para siswa klas 9 SMP Raudlatul Jannah ngawe projek tape saka telo.

Ukara kasebut kalebu ukara ….

a)

ukara pitakon

b)

ukara perintah

c)

ukara camboran

d)

ukara andharan

13.

“Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiatan karya wisata lan asile bisa luwih apik”, iki klebu struktur teks palapuran kagiyatan ing perangan ….

a)

pembuka

b)

wos/isi

c)

panutup

d)

dudutan

14.

Laboratorium alam sawijining panggonan kang cocog kanggo mbuktek ake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthimangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan kasebut,sekolah ngajak marang para siswa sinau wisata menyang Bali


Sing dadi lelandhesaning kegiyatan sinau wisata ing teks laporan kegiyatan dhuwur yaiku:

a)

Kanggo para siswa kelas 9

b)

Kanggo refreshing lan plesir

c)

Nuruti dhawuhe Bapak Kepala Sekolah

d)

Kanggo meruhi lan ngerteni kahanan sing nyata

15.

Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku . .

a)

Runtut manut strukture

b)

Tulisane kudu bener

c)

Nganggo basa sing endah

d)

Dilampiri dhata lan foto

16.

Setitekna wacana ngisor iki!

Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dilaksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa kelompok manut kabutuhan. Tujuwan panulisan laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen dilaksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang wong utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dingerteni sapa wae.


Laporan kegiyatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiyatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiyatan katulis kanggo . . .

a)

Dokumen pribadi para siswa

b)

Dokumen kanggo sekolah

c)

Pertanggungjawaban

d)

Latihan nulis laporan

17.

SMP SidaUnggulsabentaunduwe acara rutinkanggo para siswa, yaikusinauwisata. Sinauwisataiki mung mligikanggo para siswakelas 9. MiturutdhawuheBapakKepalaSekolah, para siswaora mung sinauningnjerokelaswae. Kanggonambahijembarewawasantumrapbab-bab sing wisdisinaoniingkelas para siswaperlusinauinglaboratoriumalam.


Pethikan teks laporan kegiyatan ing dhuwur klebu perangane . .

a)

Pambuka

b)

Andharan

c)

Surasa/isi

d)

Panutup

18.

Ukara-ukara ing ngisor iki kang kalebu perangan teks lapuran kegiyatan bagean isi utawa wos, yaiku ...

a)

Kegiyatan Persami kanggo siswa klas 7 anyar iki katindakake saben taun minangka program rutin sekolah.

b)

Asil kegiyatan persami kang wis ditindakake yaiku anggota pramuka penggalang bisa mahami lan mraktekake kawruh pramuka kanthi becik.

c)

Persami bisa ditindakake kanggo maneka tujuan, nanging utamane ditindakake kanggo mengeti lan ngresmekake undhak-undhakaning tingkat anggota Pramuka.

d)

Dudutan sing bisa dijupuk saka kegiyatan ekstrakurikuler pramuka iki yaiku perlu diwangun kepengurusan Gugus Depan ing SMP Negeri 2 Baluran sing luwih sistematis

19.

Coba gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!

(1) Proses sinau ora mung ditindakake ing jero kelas, nanging uga bisa ing sajabane kelas.

        (2) Studi wisata menyang Bali iki bisa nambahi kawruh, pengalaman tumrap para siswa.

        (3) Ing sajrone kendharaan kang lumaku, aku sakanca tansah seneng-seneng.

        (4) Sawetara suwene nikmati perjalanan, bus mandheg ing sawijine restoran.

   (5) Studi wisata menyang Bali iki katindakake saben taun minangka program rutin sekolah.

   (6) Cacahe peserta studi wisata menyang pulo Bali ana 357 siswa lan 25 bapak ibu guru pendamping,

   (7) Studi wisata menyang Bali wis lumaku kanthi becik sanajan ana reribed sitik nanging ora ngganggu.

   (8) Studi wisata menyang Bali bisa kanggo sarana refreshing tumrap kelas IX sabubare Ujian Nasional

 

Saka ukara-ukara kasebut, ukara kang bisa kanggo dhasar (latar wuri) sawijine laporan kegiyatan yaiku....

a)

ukara 1 lan ukara 5

b)

ukara 2 lan ukara 8

c)

ukara 3 lan ukara 4

d)

ukara 6 lan ukara 7

20.

Wacanen teks palapuran asil observasi ing ngisor iki!

Yen dideleng saka isine, teks lapuran observasi  ing ndhuwur kalebu bagean ….

a)

dhefinisi umum

b)

dhefinisi tujuwan

c)

dheskripsi bagean

d)

dheskripsi manfaat