wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

apresiasi geguritan & tembang pangkur

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Cacaha wanda saben sagatra diarani....

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru dhing dhong

2.

Tembung "gatra" padha tegese karo....

a)

swara

b)

larik

c)

bait

d)

pada

3.

Watake tembang Pangkur, yaiku....

a)

sereng lan prawira

b)

sereng lan sedhih

c)

susah lan prawira

d)

susah lan nelangsa

4.

Guru wilangan lan guru lagu cakepan tembang Pangkur, yaiku....

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

9a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12i, 8a, 8i

d)

9u, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

5.

Cacahe larik utawa baris saben sapada diarani....

a)

guru lagu

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru dhing dhong

6.

Cacahe tembang macapat ana .....

a)

2

b)

3

c)

7

d)

11

7.

Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...

a)

Guru lagu

b)

Guru wilangan

c)

Guru swara

d)

Guru basa

8.

Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani...

a)

Tembang macapat

b)

Tembang dolanan

c)

Geguritan

d)

Gancaran

9.

Puisi jawa modern kang ora kaiket dening aturan diarani ....

a)

macapat

b)

parafrase

c)

geguritan

d)

dasanama

10.

Maca geguritan kalebu maca ....

a)

macapat

b)

tembang

c)

parafrase

d)

endah

11.

Owah gingsire pasuryan lan obahe awak nalika maca geguritan diarani ....

a)

jeda

b)

mimik

c)

intonasi

d)

irama

12.

Geguritan kang isih nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani ....

a)

geguritan tradhisional

b)

geguritan modern

c)

geguritan bebas

d)

geguritan alam

13.

Gatra kapindho guru wilangan lan guru lagune Pangkur yaiku ....

a)

8a

b)

11u

c)

11i

d)

8u

14.

Ing ngisor iki kang kalebu tembang macapat kajaba ....

a)

Maskumambang

b)

Pocung

c)

Sekar

d)

Kinanti

15.

Cendhek dhuwure swara nalika maca geguritan diarani ....

a)

intonasi

b)

irama

c)

jeda

d)

mimik

16.

Karangan saemper tembang nanging ora pinathok dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani

a)

tembang macapat

b)

geguritan tradhisional

c)

geguritan modern

d)

tembang gedhe

17.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

18.

Guru Lagu yaiku....

a)

tibaning swara ing pungkasaning gatra

b)

sing ngajari nembang jawa

c)

cacahe gatra saben sapada

d)

cacahing wanda saben gatra

19.

Cacahing wanda ing saben gatra kasebat...

a)

guru gatra

b)

dhong-dhing

c)

guru lagu

d)

guru wilangan

20.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...

a)

gambuh

b)

pucung

c)

asmardhana

d)

pangkur

21.

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Cacahing gatra saking tembang ing nduwur yaiku. . . .

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

22.

Jinejer neng Wedhatama

Mrih tan kemba kakembeng ing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi asepa lir sepah samun

Samangsane pakumpulan

Gonyak-ganyuk nglelingsemi


Tembang macapat ing ndhuwur tuladhane tembang...

a)

Dhandhanggula

b)

Pangkur

c)

Sinom

d)

Kinanthi

23.

Tembang Pangkur nggambarake....

a)

mang nome manungsa

b)

mangsa tuane manungsa

c)

mangsa uripe manungsa

d)

mangsa matine

24.

sekar pangkur angrumpaka

pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,

Demak Adipati Unus,

Sultan geng Tirtayasa,

Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,

Pangeran Diponegara,

Kyai Maja dadya kanthi


Gatra kaping pindho guru wilangan lan guru lagune pangkur yaiku ....

a)

8a

b)

11u

c)

11i

d)

8u

25.

"Sekar pangkur angrumpaka". Tembung ngrumpaka iku tegese ...

a)

nglagokake

b)

ngrakit

c)

nembangake

d)

nyanyekake