wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Tengah Semester 2 Bahasa Jawa VIB

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modhern. Kabeh ngarani iki jaman globalisasi. Globalisasi asal saka tembung “globe”  utawa “bola dunia” banjur dadi global, sing tegese mendunia. Globalisasi kuwi bisa digambarake menawa donya iki tanpa wates, amarga saka majune ilmu pengetahuan lan teknologi, mligine teknologi informasi. Globalisasi bisa ditengeri saka tipise wates antar negara, cepet banget sumebare pawarta saindenging jagad, lan saya majune dol tinuku. Saiki ana pasar modhern sing nggunakake majune teknologi, umpamane dodolan sarana online, uga ora perlu kesel nulis nanging cukup ngetik merga anane komputer. Kabeh dadi sarwa gampang lan cepet. Kenyataan kuwi mau kang bisa diweruhi ing jaman globalisasi saiki. Pemerintah lan kabeh masyarakat kudu njaga jati dhirine bangsa ing jaman globalisasi supaya kabudayan luhur bangsa gak ilang lan terus lestariSaiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modhern. Kabeh ngarani iki jaman globalisasi. Globalisasi asal saka tembung “globe”  utawa “bola dunia” banjur dadi global, sing tegese mendunia. Globalisasi kuwi bisa digambarake menawa donya iki tanpa wates, amarga saka majune ilmu pengetahuan lan teknologi, mligine teknologi informasi. Globalisasi bisa ditengeri saka tipise wates antar negara, cepet banget sumebare pawarta saindenging jagad, lan saya majune dol tinuku. Saiki ana pasar modhern sing nggunakake majune teknologi, umpamane dodolan sarana online, uga ora perlu kesel nulis nanging cukup ngetik merga anane komputer. Kabeh dadi sarwa gampang lan cepet. Kenyataan kuwi mau kang bisa diweruhi ing jaman globalisasi saiki. Pemerintah lan kabeh masyarakat kudu njaga jati dhirine bangsa ing jaman globalisasi supaya kabudayan luhur bangsa gak ilang lan terus lestari

Apa irah-irahane wacan ing duwur  ....

a)

globalisasi

b)

internet

c)

teknologi

d)

modern

2.

Pitik walik saba amben, batangane ....

a)

salak

b)

sulak

c)

sapu

d)

tebah

3.

Anane globalisasi bisa menehi munpangat kang becik. Kajaba iku bisa jalari kapitungan. Ukara kang ora trep, yaiku....

a)

bisa mangerteni kabar saka negara liya kanthi cepet

b)

nggantungake urip marang teknologi lan ora srawung karo kanca

c)

nambahi kawruh ngenani saperangan budaya negara liya

d)

kanggo majune dol-tinuku barang saka negara siji lan liyane

4.

Apa batangane saka cangkriman yen mlaku sikile loro yen mandek sikile sepuluh...

a)

wong dodol bakso

b)

wong dodol es

c)

wong dodol soto

d)

wong dodol sate

5.

Sesorah persuasif katindakake kanthi ancas....

a)

panglipur

b)

pangajak

c)

pambagya

d)

pawarta

6.

Anake diidak-idak mboke dielus-elus, klebu cangkriman....

a)

pepindhan

b)

blenderan

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan

7.

Sajroning rantaman sesorah kang isine pitutur lan pandonga klebu ing babagan....

a)

pangarep-arep

b)

isi

c)

purwaka

d)

uluk salam

8.

Sesorah persuasif katindakake kanthi ancas...

a)

panglipur

b)

pangajak

c)

pambagya

d)

pawarta

9.

Salah sawijine tengerane jaman globalisasi yaiku ....

a)

donya tansaya luwih jembar                              

b)

suwene anggone menehi kabar

c)

cepet banget sumebare pawarta                    

d)

tansaya akehe pasar tradisional

10.

Yen dadi pemimpin iku kudu nduweni sipat ing ngarsa sung tuladha.

Unen-unen ing ukara kuwi kalebu ....

a)

saloka                             

b)

bebasan

c)

paribasan

d)

cangkriman

11.

Cangkriman klebu unen-unen basa jawa kang mbutuhake wangsulan. Dene cangkriman pepindhan kang unine dadi mundhak gedhe, batangane yaiku...

a)

timbangan

b)

kathok dawa

c)

ndhudhuk lemah

d)

kembang gedhang

12.

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Sabamu ing alas

Ngon-ingone sang bupati

Prapteng marga si pucung lembehan grana

 Batangan cangkriman tembang ing ndhuwur yaiku ....

a)

gajah

b)

sapi

c)

kebo

d)

jaran

13.

Bapak pucung renteng- renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Sing disaba si pucung mung miturut kutha

Batangan cangkriman ing ndhuwur yaiku ....

a)

bis

b)

sepor

c)

montor

d)

truk

14.

1.         (1) Kabeh dadi kepenak timbang biyen.

(2)     Jaman saiki samubarang kang kita butuhake saya praktis.

(3)     Ora perlu wektu suwe pokok nduwe dhuwit kabeh bisa keturutan tanpa kangelan.

(4)     Para pegawai sing penggaweyane nulis layang uga ora perlu kesel nulis, cukup ngetik merga anane komputer.

Urutna ukara-ukara ing ndhuwur supaya dadi paragrap sing runtut.....

a)

1234

b)

2134

c)

3421

d)

2341

15.

Sajroning rantaman sesorah kang isine pitutur lan pandonga klebu ing babagan...

a)

pangarep-arep

b)

isi

c)

purwaka

d)

uluk salam

16.

Wong adol kelopo dikepruki klebu cangkriman blrenderan. Dene sing di kepruki yaiku...

a)

klapane

b)

wonge

c)

wite

d)

banyune

17.

Ing ngisor iki ora klebu munpangate internet, yaiku....

a)

sarana sesrawungan

b)

gawe adohe kekancan

c)

goleki informasi tartamu

d)

sarana nulisake pikiran

18.

Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran, batangange....

a)

nyenggrek pelem

b)

menek wit krambil

c)

ngundhuh krambil

d)

jupuki Krambil

19.

Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman pepindhan yaiku ....

a)

rangsiyu muksitu

b)

gajah nguntal sangkrah

c)

wong adol krambil ddikepruki

d)

urang sapikul matane ana pira

20.

Salah siji tumindhak kang bisa ditrapake kanggo ngadhepi globalisasi yaiku....

a)

seneng tetuku barang mancanegara

b)

sangu elmu lan bisa nglimbang tumrap kamajuan kang ana

c)

ora seneng menawa ditekani wong mancaregara

d)

kekancan karo wong pinter

21.

Kita bisa mangerteni sawijining pawarta awujud cithak kang metune kadhang kala rong minggu pisan diarani...

a)

ariwati

b)

radhio

c)

kalawarti

d)

TV

22.

Tongyong reng-reng iku apa?

wangsulan sing bener yaiku....

a)

gotong royong nggawe rukun

b)

gotong royong bareng-bareng

c)

gotong royong enggal rampung

d)

gotong royong bareng tonggo

23.

Cangkriman mujudake unen-unen kang kudu dibedhek utawa mbutuhake wangsulan. jinese cangkriman kapantha dadi patang perangan. dene kang nuduhake cangkriman ngandhut teges memper, yaiku...

a)

wong wudunen iku sugeh pari

b)

pindhang kileng

c)

kebo bule cancang merang

d)

pindhang kutut

24.

Abang-abang dudu kidang, pesagi dudu pipisan klebu cangkriman....

a)

pepindhan

b)

blendheran

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan

25.

Sing diarani jaman globalisasi yaiku ....

a)

jaman sing samubarange nggunakake piranti kuno

b)

jaman sing samubarange nggunakake piranti lawas

c)

jaman sing samubarange nggunakake piranti modhern

d)

jaman sing samubarange nggunakake piranti tradisional

26.

Munpangat sing bisa dipikoleh saka globalisasi yaiku....

a)

komunikasi kang arang

b)

ilange guyup rukun ing masarakat

c)

ilange budaya nuswantara

d)

teknologi sangsaya maju

27.

Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran, batanganne....

a)

Nyeggrek pelem

b)

menek wit krambil

c)

nggunduh krambil

d)

jupuki krambil

28.

Salah siji wujude cangkriman yaiku cangkriman wancahan saka tembung lingga wancah kang tegese...

a)

cekak

b)

plesedan

c)

memper

d)

mirip

29.

Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi musuh.

Batanganne saka cangkriman pepindhan ing dhuwur, yaiku...

a)

geni

b)

tape

c)

dom

d)

jagung

30.

Sing kudu njaga jati dhirine bangsa ing jaman globalisasi yaiku ....

a)

murid-murid                                                              

b)

bapak lan ibu guru

c)

pejabat pamerentah       

d)

Pemerintah lan kabeh masyaraka

31.

Ora mudun-mudun yen durung nggawa mrica sekantong, klebu cangkriman...

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

blenderan

d)

wancahan

32.

Apa pengaruh negatife globalisasi tumrap budaya bangsa ....

a)

Majune kabudayan                              C

b)

Nambah akehe kabudayan bangsa

c)

Dadi kesohore kabudayan bangsa

d)

lunture kabudayan luhur bangsa

33.

Ibu lagi masang piranti sing kaaran dilebokne malah metu ing sragam sekolahku.

Piranti sing dikarepkake, yaiku...

a)

benik

b)

dasi

c)

sak

d)

dom

34.

Sawang rong kedhok galengane mung sitok. Bedhekane, yaiku...

a)

sepet

b)

andha

c)

jarum

d)

godhong gedhang

35.

Salah sawijine tengerane jaman globalisasi yaiku ....

a)

donya tansaya luwih jembar                              

b)

suwene anggone menehi kabar

c)

cepet banget sumebare pawarta   

d)

tansaya akehe pasar tradisional

36.

Salah sawijine bukti globalisasi ing babagan dol tinuku yaiku ....

a)

dodolan sarana online                                      

b)

tipise wates antar negara

c)

nuwuhake sipat konsumtip  

d)

komunikasi tansaya cepet

37.

Gambar ing ngisor iki sing kalebu piranti transportasi modern yaiku ....

a)

b)

c)

d)

38.

Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman pepindhan yaiku ....

a)

rangsiyu muksitu

b)

gajah nguntal sangkrah

c)

wong adol krambil ddikepruki

d)

urang sapikul matane ana pira

39.

Pak bomba, pak lawa, pak piyut. Cangkriman iki batangane ....

a)

tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak sapi ciyut

b)

tipak kebo amba, tipak lawa dawa, tipak sapi ciyut

c)

tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut

d)

tipak kebo amba, tipak lawa dawa, tipak cempe ciyut

40.

Yen dadi pemimpin iku kudu nduweni sipat ing ngarsa sung tuladha.

Unen-unen ing ukara kuwi kalebu ....

a)

saloka                           

b)

bebasan

c)

paribasan    

d)

cangkriman

41.

Salah sawijine dhampak positip globalisasi yaiku ....

a)

lunture kabudayaan

b)

masyarakat tansaya maju

c)

nuwuhake sipat konsumtip

d)

apangan kerja tansaya sethithik

42.

Bapak pucung wujude mlungker kaya kalung

Tangan papanira

Nuduhake rina wengi

Lamun mati bingung wektu sang bendara

Batangan cangkriman ing ndhuwur yaiku ....

a)

  tasbeh                        

b)

ali-ali                       

c)

gelang jam        

d)

rante

43.

Pitik walik saba amben, batangane ....

a)

pring                               

b)

salak`  

c)

sulak  

d)

nanas

44.

Ana pitik endhase telu.

Tembung endhase telu tegese....

a)

endhase kebuntel wulu

b)

endhase cacah telu

c)

endhase tetep luwar

d)

endhase kabotan wulu

45.

Cangkriman ing ngisor iki sing kalebu cangkriman blenderan yaiku ....

a)

               wit adhikih woh adhakah

b)

mboke wuda anake tapihan

c)

wong adol krambil dikepruki     

d)

pak bomba, pak lawa, pak peyut

46.

Dideleng gampang, dicekel angel. Batanganne saka cangkriman kasebut, yaiku....

a)

godhong gedhang

b)

srengenge

c)

andha

d)

dom

47.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake. Cangkriman iki batangane ....

a)

uwi dawa wite, tales dawa godhonge, cikar dawa tipake

b)

uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake

c)

uwi amba wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake

d)

  uwi amba wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake

48.

Cangkriman kang trep kanggo nggambarake kewan kasebut, yaiku...

a)

bocah cilik tlusap tlusup ing kebon

b)

pak demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk

c)

bocah cilik nggendong omah

d)

anake diidak-idak mboke dielus-elus

49.

Ing ngisor kedhung ing dhuwur payung. badhekane yaiku....

a)

wong ngarit

b)

wong makarya

c)

wong adang sego

d)

wong umbah-umbah

50.

Apa tegese tuwok rawan....

a)

untu krowok larane enak tenan

b)

untu krowok larane ora karu-karuan

c)

untu krawok di tembel jajan

d)

untu krowok larane ugal-ugalan