NEW
Font size
WorksheetsLatihan Soal Persiapan USP Bahasa Jawa Kelas XII
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Bahaya narkoba neng kalangan cah enom pancen isih akeh kedadean neng lingkungan sekitar awake dhewe. Amarga pancen bahaya narkoba kanggo kawarasan lan masa ngarep pancen ora sethithik. Dampak negatif penyalahgunaan narkoba kanggo anak utawa remaja pelajar antara liya yaiku :
a. Owah-owahan jero sikap lan kepribadian. b. Kerep membolos, mudhune kedisiplinan lan aji-aji piwulang. c. Dadi gampang tersinggung lan cepet nesu. d. Kerep angob. e. Ora mradulekne kawarasan awak. f. Dhemen maling kanggo tuku narkoba.
Miturut teks artikel kasebut, kang kalebu dampak negatif penyalahgunaan narkoba yaiku...
Ora lali karo kewarasane awak
Sikap lan kepribadiane tambah becik
Ora tau mbolos
Gampang nesu
Tembung kang nduweni teges kang ora salugune diarani...
Tembung saroja
Tembung entar
Tembung kawi
Dasanama
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata.
Paraga utama ing cerita kasebut yaiku ....
Prabu Pandu
Prabu Sengku
Arjuna
Prabu Matswapati
Kang kalebu tembung saroja yaiku...
Gagah prakosa
Bola-bali
Tipis lambene
Abang-Ijo
Karna nate ngucap sumpah bakal nglindhungi Hastinapura kang wis aweh kamulyan tumrap uripe.
Ukara kasebut kalebu jinis ukara...
Pakon
Pitakon
Andharan
Panguwuh
Aksara Jawa kasebut diwaca...
bale dusun
bale desa
sate wedhus
sate gule
Diwaca...
12 Agustus 2022
21 April 2023
24 Maret 2021
13 Agustus 2019
Kadiparan karsanira,
Andikane panembahan ing Giri,
Mung yayi kalawan ingsun,
Kang tumaraping nawala,
Kinen milih wadhah lawan isinipun,
Pundhi ta ingkang kinarsan,
Yayi miliha kariyin.
Macapat kasebut katulis saka... gatra.
1
3
5
7
Sungkeman, Siraman, Sesuci, Pecah pamor, Brojolan, Sigaran kalebu tata rakiting upacara adat...
Panggih temanten
Sekaten
Tedhak siten
Tingkeban
Sakderengipun wekdal kula caosaken dhumateng bopo kyai,, mbokbilih anggen kulo nderekaken lampahing adicoro meniko kathah kalepatanipun, kula nyuwun agunging pangaksami.
Pethikan teks pambiwara kasebut kalebu bagean...
purwaka
wusana
salam pambuka
salam panutup
DHUH GUSTI
Oleh: Devi Nugraheni
Adhuh Gusti Ingkang Maha Asih
mugi karsa paring sih wilasa
mring kawula ingkang sekeng
sekeng ing budi luhur
ugi sekeng manah kang suci ngrasuk tindak kanisthan
Tema geguritan kasebut yaiku...
Sosial
Religi
Budhaya
Pendhidhikan
Upacara adat ing gambar kasebut diarani..
Sekaten
Mitoni
Sadranan
Tedhak siten
Ing ngisor iki tahun kang bener saka sengkalan lamba "Dwi hasta ngesti ratu" yaiku...
1555
1400
1213
1882
Yen dolan aja cekikian. Ukara kasebut ngandhut tembung rangkep jinis apa?
Dwilingga
Dwipurwa
Dwiwasana
Dwilingga semu
Ora nyilikake Bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah warisan sakilat, nanging mbokya Bapake ki nggunakake nalare kanthi wening. Jer basuki mawa beya, jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki, apa kang ora kudu dituku dhisik sakdhurunge didhuweni.
Sumber: Cerkak "Bapak Polah Anak Kepradah" dening Anjrah Lelono Broto
Tegese "Jer basuki mawa beya" yaiku...
Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
Gelem kepenake ora gelem rekasane
Samubarang gegayuhan mbutuhake wragat
Wong tuwa nemu pakewuh amarga tumindak bocah kang kurang prayoga
Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.
Tembung miturut unggah-ungguh basa kang trep yaiku...
ngombe
ngunjuk
nenggak
nyruput
Tuladha tembung rangkep dwilingga wantah yaiku...
tuka-tuku
ugel-ugel
bebungah
mlaku-mlaku
Basa krama inggile turu yaiku..
Nalika sesi tanya jawab teka, Solikin takon marang dosene. "Apa tegese KUHP, Pak?" Dosen ora
jawab dewe, nanging diuncalake menyang Rudi. “Rudi, tulung jawaben pitakone Solikin,” jawab
dosene. Rudi mangsuli, "Kasih Uang Habis Perkara, Pak!"
Petikan teks anekdot ing ndhuwur mujudake salah sawijine perangan struktur teks anekdot, yaiku...
Abstraksi
Krisis
Reaksi
Koda
Drama tradisional saka Jawa Tengah sing diperagakake karo sawijining grup kesenian lan digelar ing panggung, njupuk cerita sejarah, cerita panji, dongeng, lan liya-liyane kanthi diselingi lawak, diarani...
Ludruk
Kethoprak
Lenong
Ramayana
