Font size
WorksheetsSOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 2
Total questions: 50
Worksheet time: 2hrs 40mins
Sekar gambuh ping catur.
jumlahe wanda ing ndhuwur ana...
5
6
7
8
Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani...
Tembang macapat
Tembang dolanan
Geguritan
Gancaran
sekar pangkur angrumpaka
pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,
Demak Adipati Unus,
Sultan geng Tirtayasa,
Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,
Pangeran Diponegara,
Kyai Maja dadya kanthi
Gatra kaping pindho guru wilangan lan guru lagune pangkur yaiku ....
8a
11u
11i
8u
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Tembang kasebut kedadean saka ... pada
1
4
5
6
Rambute ora tau di kramasi katon ...
pesek
gimbal
njemblem
mrongos
Kanca-kancane Reni padha awehi kadha, Reni banjur ngucap ….
matur nuwun
kula nuwun
sanese mawon
ngapunten
Nalika ora sengaja nabrak sepedhahe Siti. Lani ngucapake “Aku nyuwun … Siti, ora sengaja nabrak sepedhamu”
Tembung sing cocog kanggo njangkepi ukara ing duwur yaiku ….
pangapura
pangapunten
sewu
sangu
Bu Guru menawi tindak sekolah ... sepeda montor
nggawa
nitih
numpak
dolanan
Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....
Fabel
Legendha
Mite
Sage
Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…
Dumadine desa Cluwak
Joko Tingkir
Nyi Rorokidul
Timun Mas
Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....
Tema
Alur
Setting/ Latar
Penokohan
Nilai karakter saking bab Bandhawasa duka sanget dhateng Rara Jonggrang?
Dadi wong aja seneng ngapusi
Wong urip kuwi aja seneng paeka
Dadi wong sing sregep ikhtiyar
Kabeh wong kuwi mesthi ana wates kesabarane
Panguwasa Demak asmane Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran pandan Arang. Nalika mbukak alas kanggo nenandur lan pomahan Sang prabu seda, sakdurunge ninggal weling supaya putrane ora ninggalake papan kasebut, amarga mbesuk bakal dadi papan kang reja.Papan mau dadi ingkang subur lan ana tanduran asem dadi arang-arang. Mula kanggo pangeling-eling diparingi asma SEMARANG saka tembung asem kang arang-arang.
Paragane crita dumadine Kutha Semarang yaiku ....
Raden Patah
Raden Pandan Arang
Raden Banterang
Raden Inukertapati
Jeneng "Semarang" kajupuk saka kedadeyan aneh, yaiku ....
wit asem sing ngrembuyung
wit asem sing thukul cedhak-cedhak
wit asem sing ora gelem thukul
wit asem sing thukul arang-arang
Crita rakyat iku biasane sumebare kanthi cara ....
tulis
lisan
selebaran
radhio
Cerita "Kelinci lan Kura-Kura" iku kelebu ....
fabel
mite
legendha
dongeng
Gawe bocah pikirane padhang
Ukara mau mengku karep yaiku Guru gawe bocah dadi ....
kendel
sregep
sekti
pinter
Urip mono kudu sing gemi, setiti, ngati-ati aja ....
andhap asor
waspada
tata krama
brah breh
Adi adus sadina ping loro, Pak Amir ... uga ping loro.
Tembung sing trep kanggo ngompliti ukara ing dhuwur yaiku ....
adus
pakpung
mandhi
siram
Budhe Anin tindak menyang Semarang numpak sepur.
Ukara ing dhuwur basa kramane yaiku ....
Budhe Anin kesah menyang Semarang numpak sepur.
Budhe Anin tindak dhateng Semarang numpak sepur.
Budhe Anin tindak datheng Semarang nitih sepur.
Budhe Anin kesah menyang Semarang nitih sepur.
Pak Umar wong kang sabar. Anggone nggulawenthah putra-putrine kebak ing katresnan. Mula putrane uga miturut lan mituhu marang wong tuwane. Pak Umar pancen ....
dawa akale
sugih akale
cupet akale
dawa ususe
Tono saben mangkat sekolah mesthi telat.
tanggapan kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ....
Tono kesed tangi esuk mulane telat
Tono bocak kendel wani telat
Tono perlu diconto amarga wani telat
tono bocah bodho senenge telat
Bapak nitih sepedhah montor dateng kantor, dene adhiku ... sepedhah menyang sekolahan.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....
nitih
numpak
mlaku
nggonceng
Cacahe larik saben sapada ing tembang macapat diarani ... .
(a)
Cendhek dhuwure irama nalika maca geguritan diarani ... .
(a)
Basa kang digunaake kanggo nulis tembang yaiku ...
(a)
Watak tembung Durma yaiku ... .
(a)
Basa kramane ngadeg yaiku ... .
(a)
Basa kramane tuku yaiku ... .
(a)
Puisi jawa uga diarani ... .
(a)
Tembung liya saka srengenge yaiku ... .
(a)
Candra iku tembung liya saka ... .
(a)
Ing kana ana bocah kelas lima SDN Srondol Wetan 01. Tembung kramane lima yaiku ... .
(a)
Asta tembung ngokone ... .
(a)
Urutan kedadean ing sawijine cerita uga diarani ... .
(a)
Tokoh sajrone crita legendha uga diarani ... .
(a)
Wektu, lan papan panggonan sing ono ing cerita legendha kasebut ... .
(a)
Cerita kang nduweni hubungan karo kapiyatan/ghaib yaiku ... .
(a)
apa wae wewatone tembang macapat iku?
Apa wae kang perlu digatekakenalika maca endah geguritan?
Sebutna cacah loro crita rakyat sing ana ing daerahmu!
Sebutna unsur-unsur sing ana ing sajrone crita legendha
Kepiye carane ngringkes sawijine crita legendha iku?
