NEW
Font size
WorksheetsAsesmen_Sumatif_Tembang_Gambuh
Total questions: 20
Worksheet time: 12mins
Sekar Gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur. Tembung catur lan cinatur tegese....
omong lan ngomong
ngomong lan omong
papat lan diomong
diomong lan papat
Gatekna tembang ing sisih kiwa iki!
Surasa luhur saka tembang kasebut supaya padha tumindak kang jujur. Jalaran yen ora jujur bakal nemahi kapitunan. Miturut tembang kasebut, cara kang trep supaya ora kebanjur yaiku....
kudu jujur ing bab apa wae
yen ora jujur bakal ajur
rembugan supaya bener
sinau kawruh kang sejati
Pratelan ing ngisor iki kang cocog karo unen-unen "tanpa tutur katula-tula katali" yaiku.....
wong sing ora ngugemi pitutut becik uripe bakal sengsara
wong sing ora ngugemi pitutur uripe bakal cilaka terus-terusan
wong sing ngugemi pitutur uripe bakal nemoni sengsara
wong sing ngugemi pitutur uripe bakal nemoni cilaka terus-terusan
Kewan ingkang kangge tuladha awon ing tembang Gambuh serat Wulangreh inggih punika....
kethek, gajah, lan babi
kidang, ula, lan gajah
gajah, kebo, lan kidang
baya, kebo, lan kethek
Watak ingkang ngendelaken panguwaosanipun inggih punika....
pamer
adigang
adigung
adiguna
Ingkang dados paraga ngendelaken panguwaosipun inggih punika.....
kethek
kebo
gajah
kidang
Gatekna tembang ing sisih iki!
Adhedhasar tembang kasebat, tumindak ingkang pamer kapinterane diarani duwe watek....
adiguna
adigung
adiprana
adigang
Gatekna cakepan tembang ing sisih iki!
watak kang kamot ing cakepan tembang kasebut iku ora becik, jalaran....
pancen pinter samubarang
blaka suta marang sapadha-padha
sregep sinau supaya pinter
ngaku pinter nanging ora bisa apa-apa
Gatekna cakepan tembang ing sisih iki!
Gancaran ing ngisor iki jumbuh (cocog) kalihan isinipun tembang Gambuh....
Watak wong kang duwe sipat pamer duwe kekuwatane awak, mula rumangsa paling kuwat. Kejaba iku uga watek kang nengenake kapinteran lan kaluhuran.
Wong kang ngendelaken kapinterane kanggo minteri wong liya. Perlune mung supaya wong liya manut karo kekarepane.
Wong kang duwe watek pamer kapinteran, kekuwatan, lan kaluhurane iku kabeh bakal mati, ora ana kang urip salawase.
Wateke pamer lan dumeh salawase ora bakal luhur, nanging njalari awake dhewe dadi asor.
Gatekna wacan iki!
"Tumindake Pak Raden pancen ana becike lan ana ora becike. Pak Raden pancen turunan luhur, wong tuwane biyen pensiunan pejabat dhuwur. Mula saiki uripe mulya lan sarwa kecukupan. Sakjane tangga teparone ora masalah karo Pak Raden nanging emane, Pak Raden yen ngendika dhuwur. Ing pasamuan warga arang dherek. Pak Raden rumangsa duwe drajat luwih dhuwur tinimbang tangga teparone."
Nitik saka pratelan kasebut, watake Pak Raden kalebu jinise adigung. Ing ngisor iki kang dadi alesane paling trep yaiku....
Tumindak kang rumangsa drajate luwih dhuwur lan tedhak turune wong tuwane pensiunan pejabat.
Perlune dadi pejabat iku kudu guyup rukun marang tangga teparone ing sajroning kahanan apa wae.
Kabeh wong padha ing samadyaning bebrayan, ora ana bedane. Kang mbedakake amung kabecikane.
Yen prelu watek pamer iku didadekake panjurung ing satengahing masarakat, satemah padha gumregah.
Watake tembang Gambuh yaiku....
sumanak lan rumaket
sembrana parikena
aweh pitutur
kasmaran
Gatekna cakepan tembang ing isih iki!
Guru gatrane tembang Gambuh yaiku ana ... gatra
4
5
6
7
Watak kang ngendelalake kekuwatane diarani....
adigang
adiguna
adigung
adiluhur
Watek ngendelake kekuwatane digambarake kewan sing jenenge....
gajah
ula
kidang
kethek
"Telu pisan mati sampyoh" tegese....
tetelune kabeh bakal mati. Ora ana kang urip selawase
tetelune kabeh bakal urip. Ora ana kang mati
tetelune bakal mati sedela, banjur urip maneh
tetelune bakal mati urip kersane Gusti
Gatekna cakepan tembang gambuh iki!
Tembang Gambuh kasebut ngemot pitutur becik. Kabeh pitutur becik kudu diugemi, sanadyan metu saka....
wong sugih
sudra papeki
wong pinter
para pajabat
Wong urip kudu gelem nuladhani bab kabecikan sanajan saka wong cilik kang mituturi.
bener
salah
Sekar Gambuh ping catur tegese....
tembang Gambuh kang kaping papat
tembang Gambuh kang kaping lima
tembang Gambuh kang kaping enem
tembang Gambuh kang kaping pitu
Tindak tanduk kang kebablasen kuwi, yen wis dadi pakulinan satemah ndadekake pakartine elek.
bener
salah
Gajah ngendelake...
gedhe dhuwure
playune banter lan bisa mlumpat
bisa nyakot
irunge dawa lan kupinge gedhe
