Font size
WorksheetsUS BHS JAWA 2022/2023
Total questions: 51
Worksheet time: 32mins
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip
Pesen sing ana ing tembang kasebut yaiku ... .
dadi wong kuwi aja bodho
dadi wong ora kena kemaki
dadi wong ora gampang percaya
wong pinter biasane tenang uripe, nanging yen bodho malah aleman saben dinane
wong kuwi yen bodho biasane saben dina golek alem.
Gatekna pethikan wacan crita rakyat ing iki!
Jaka Tarub inggih menika piyantun dusun ingkang gagah pidheksa. Piyambakipun asring mbebedhak ing salebetin wana ingkang wingit. Nalika saweg mbebedhak Jaka Tarub nyumerepi widadari cacah pitu saweg kungkum saha gegojegan wonten tlaga salabeting wana.
Jaka Tarub kesengsem kaliyan salah satunggaling widadari punika lajeng piyambakipun mundhut slendhang ingkang gumlethak wonten sela sapinggiring tlaga. Nalika para widadari sampun tingkas anggenipun kungkum lajeng sami nganggem busananipun piyambak-piyambak. Ananging wonten salah satunggaling widadari ingkang mboten manggihaken slendhangipun. Piyambakipun madosi ananging boten pinanggih, lajeng piyambakipun dipuntilar dening kadang-kadangipun wangsul wonten khayangan amargi sampun ngancik candhikala.
Widadari punika namanipun Nawangwulan. Menawi boten wonten slendhang, para widadari boten saged wangsul dhateng khayangan, mila Nawangwulang rumaos kuciwa lan ajrih amargi tinilar para kadang kamangka kahanan sampun wiwit peteng. Piyambakipun lajeng muwun ing sapinggiring tlaga benget napa ingkang badhe pun tindakaken.
Pitutur luhur kang ana sajroning teks crita rakyat kasebut yaiku ... .
Cebol nggayuh lintang
anak polah bapa kepradhah
mban cindhe mban siladan
sapa sing salah bakale seleh
urip prasaja
"Dina Kemis, 10 September 2020 ing Madrasah geger anane siswa kang positif COVID 19."
Saka pethilan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku ... .
who
where
why
when
what
Ing jaman biyen ruwangan iki kerep diganakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula diarani ... .
teras utawa pendhapa
pringgitan
dalem agung
krobongan / senthong
gandhok utawa pawon/pekiwan
Saka ukara ing dhuwur kang migunakake sandhangan mandaswara yaiku ... .
2, 3, 4
2, 4, 5
1, 3, 5
1, 2, 4
3, 4, 5
Werdine "Nuladha laku utama" yaiku ... .
tansah prihatin
nyonto tumindak kang becik
tansah gawe senenge wong liya
urip kudu bisa meper hawa lan nepsu
kalakone panggayuh iku seneng tapa brata
Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus seangga sejatining manungsa. Sang guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang sing bungkus.
Latar kedadeyan ing crita kasebut ana ing ... .
Suralaya
Astina
Kraton
Kaputren
Amarta
"Nuwun para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak, ibu-ibu para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan."
Perangan teks panatacara saka pethilan teks ing ndhuwur lan gadhi basa rinenga, yaiku ... .
salam pambuka
atur syukur
sapa aruh
ancasing gati
panutup
Jajan tradhisional ingkang dipundamel saking bahan dhasar budin, ingkang cara damelipun budin dikukus rumiyin, lajeng ditutu sareng kalih gendhis, lajeng didamel bunder-bunder, lan ingkang pungkasan digoreng. Menika wau deskripsi saking jajan tradhisional ... .
gethuk goreng
cimplung
ondhol
gethuk lindri
tempe goreng
Manut wacan ing dhuwur tahun .... Satinah diukum mati pancung.
2010
2011
2012
2013
2014
"Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan khas"
Duwe ateges ... .
golek ilmu diwiwiti kanthi tenanan
golek ilmu iku kelakone kanthi rekasa
golek ilmu iku diwiwiti saka niat ing diri pribadhi
golek ilmu ingkang sae
golek ilmu iku diwiwiti saka conto wong liya
Isih cetha, njarem ing ati lan gumawang ing mripat. Nalika iki udan deres, dalane gembel banget. Dalan padesan sing durung mambu aspal. Ana kenya iwut mbuwangi endhut sing ngebaki rodha sepedhahe. Lan ya kenya iku sing jeneng Pratiwi. Mardika kang lagi bali saka mulang age-age tumandhang, aweh pitulungan. Clanane diwingkis, lengen klambine digulung, dalane dalan padesan, pancen ya mangsa udan, ya ampuunn. Becek lan lunyu. Sepedha ora bisa mlaku, marga rodhane gembel lemah, kepeksa banjur disurung. Kekarone banjur kenalan lan diterusake kekancan. Pratiwin putrane wong sugih desa kono, sekolahe ana SMA. Mardika, pak guru saka kutha ketemu Pratiwi ana dalan sangisoring lamtara-lamtara pinggir desa.
Nilai ingkang kakandhut wonten pethikan novel kasebut inggih menika ….
sosial
kultural
etik
paraga
latar
Urut-urutane sesorah teng ngandhap ingkang leres yaiku....
1. salam pambuka
2. wasana basa
3. pangajeng-ajeng
4. surasa basa
5. purwaka basa
6. salam penutup
1,2,3,4,5,6
1,3,4,5,2,6
1,4,2,3,5,6
1,5,4,3,2,6
1,5,3,4,2,6
Siraman ing prosesi adicara mantu gadhah werdi ....
tiyang sepuh sampun lila menawi putranipun badhe krama
bapak lan ibu paring pangestu dhateng putranipun
nyucikaken jiwa amargi badhe nindakaken adicara ijab ingkang sakral
tandha bektinipun lare dhateng tiyang sepuh
lare pingin dipapungi tiyang sepuh
Ukara iki macane ... .
festival
festifal
vestival
pestifal
pestipal
"Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki", ateges ... .
wujud sembah raga cipta jiwa rasa
setitekna apa kang takandharake
iki wujud kanugrahan Gusti
andharan babagan sembah patang prakara
welingku nindhakna patang prakara supaya entuk kanugrahan Gusti
Asal-usule kutha Salatiga lan Boyolali
Handika para wali misuwur yaiku Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Drajad, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan Gunung Jati lan Sunan Kalijaga, padha ribet penggalihe nyumurupi polahe Syech Siti Jenar sing wis kumawani nylewengake piwulang agama. Apa kang dilakoni dening Syeh Siti Jenar kuwi bisa mbingungake masyarakat. Mula Syeh Siti Jenar banjur dirangket lan dipidana. Paraga kang bakal ngganti kalungguhane Syeh Siti Jenar manut pengawase Sunan Kalijaga yaiku Adipati ing Semarang kang isih kalebu tedhak turune Pangeran Haryo Adipati Sabranglor.
Kanggo nyaketi Adipati Semarang kasebut kanjeng Sunan Kalijaga memba-memba dadi tukang adol suket. Kanthi mangkono saben esuk bisa ketemu karo sang Adipati. Ananging dhuit bayaran suket mau ora tau ditampa malah dibalekake kanthi ditlengsepake ing bongkokan suket mau.
Kanggo nyedhaki Adipati Semarang, Sunan Kalijaga memba dadi ... .
Sunan Gunungjati
Sunan Pandanaran
Tukang adol suket
Tukang makani jaran
Juru pekathik
Swara gendhing lancaran “Suwe Ora Jamu” muni alon, swara wiwit nggremet saya lirih banjur alon-alon metu swara iklan :
“Para kadang, ora usah bingung masalah kasarasaning awak. Meneka jamu Mugi Waras Spesial kang dadi solusine. Akeh pilihane, gampang golekane, mesthi alami, gampang ngracike lan dijamin tanpa efek samping. Para kadang tak aturi mundhut maneka jamu Mugi Waras Spesial ing UP “BMF Waras”. Alamat ana ing Jl. Terminal Sleko No. 2 Pati. Telp 085740666345.
Sepisan malih mangga kula aturi tindak ing UP “BMF Waras”. Maneka jamu Mugi Waras Spesial ndadekake awak seger, waras, lan ati mesthi makmur”.
Miturut jenise, teks iklan ing dhuwur klebu iklan ... .
TV
Radhio
Brosur
Kampanye
Sayembara
Wayang iku bisa kanggo tuntunan lan tontonan. Wayang minangka tuntunan tegese ... .
Menehi panglipur marang wong akeh
Nuntun manungsa marang dalan kang bener
Gawe senenge wong sing nonton
Nuntun dhalang kanggo golek pangupajiwa
Nuntun wong supaya nonton wayang
Perangan ing ngisor iki panulisan aksara murda kang luput yaiku … .
Mangka kanthining tumuwuh, menawi dipuntingali saking titikanipun, pethilan sekar menika kawastanan sekar macapat menapa?
Pocung
Sinom
Pangkur
Kinanthi
Gambuh
Salami mung awas eling, tembung ingkang kacithak kandel ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?
tansah
sumerep
was sumelang
mangertos
kengetan
Eling lukitaning alam, pethilan sekar menika nggadhahi werdi menapa?
Kedah tansah atos-atos kaliyan pratandha saking alam.
Kedah saged maos pratandha saking alam.
Kedah saged njagi badan saking bebayaning alam.
Kedah ngatos-atos dhumateng bebayaning alam.
Kedah tansah enget wontenipun pratandha saking alam.
Saben sapada, pupuh Kinanthi ana ... gatra.
5
6
7
8
9
Angen-Angen
Fara Fitriana
Yen ta iso, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan
Nanging tetep ndingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa
Migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin
Kuwat ngayomi sapada-pada
Yen ora aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nadhan sesangan
Amung bisa netesake luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing iso ngayomi
Aku
Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku
(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)
Angen-angen iku ngemu teges ... .
Gegayuhan sing wus klakon
Gegayuhan sing durung klakon
Kanyatan sing wis dilakoni
Kanyatan sing durung dilaksanake
Kanyatan sing mokal kelakon
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tema pethikan geguritan ing dhuwur yaiku ... .
kursi empuk
kursi panas
pemulung
rosokan
pemimpin
Amanat kang trep saka geguritan kasebut yaiku….
Rembulan wis kijenan
Bocah-bocah dolan wis ora semangat
Jangkrik lan kodhok wis kena racun
Aja lali srawung karo wong liya, ora dolanan hp dhewe wae
Aja lali marang budaya Jawa
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ... .
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Motif sing ana ing gambar iki yaiku ... .
jarit motif truntum
jarit motif sidomukti
jarit motif parang
jarit motif udan riris
jarit motif ceplok
Busana sing ana ing gambar iki diarani ... .
sabuk
epek
timang
lonthong
stagen
Busana Jawi minangka asiling budaya adiluhung. Busana Jawi minangka punjering masarakat Jawi inggih menika … .
busana gagrag Ngayogyakarta saha Kediri
busana gagrag Ngayogyakarta saha Kasultanan
busana gagrag Ngayogyakarta saha Kasunaman
busana gagrag Ngayogyakarta saha Surakarta
busana gagrag Ngayogyakarta saha Surabayan
Adhedhasar gambar ing inggil kasebut, ageman Sri Sultan Hamengku Buwana X menika kawastanan … .
surjan pranakan
surjan rerenggan
surjan lurik
surjan sembagi
surjan bathik
Gamelan ingkang cara nabuhipun kanthi digesek inggih punika ... .
slenthem
kempyang
rebab
siter
demung
Gatosaken gambar ing ngandhap punika!
Gambar iku menawa dadi surasa wacan eksposisi yaiku ….
gambang iku wilahe digawe saka kayu sing umume cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangake ing sadhuwuring kotak persegi.
suling iku salah sijine piranti music sing disebul. Fungsine kanggo nambah swara-swara ing melodi.
swara kethuk luwih endhep katimbang kempyang. Kethuk lan kempyang wujude pencon mirip karo kenong lan bonang.
siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah sinare ana 11 pasang utawa kadhang kala ana 12 pasang
rebab iku piranti kang nyuwara saka gesekan senar karo senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara ngunakake kanthi digesek
Slenthem iku salah sijine piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Miturut konstruksine, slenthem iku kalebu kaluwarga (1) ... , nanging slenthem ndhuweni wilahan cacahe padha karo wilah saron. Slenthem swarane paling (2) ... yen katandhingake kelompok instrumen saron.
Ukara kang trep kanggo jangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ... .
(1) gendher, (2) endhek
(1) bonang, (2) endhek
(1) saron, (2) endhek
(1) gendher (2) dawa
(1) bonang, (2) dawa
Piranti gamelan ingkang dipuntabuh lan dipunwastani gender panembung ingkang gadhahi wilangan cacahipun sami kaliyan wilah saron sarta ngadhahi swanten paling endhep menawi katandhingaken kelompok saron.
Andharan menika kalebu jenis piranti gambar ... .
Ida Umiyasih tuku tahu
Diserat nganggo aksara Jawa yaiku … .
Ukara kasebut diwaca … .
Wulan Mei aku piknik
Wulan April aku piknik
Wulan Agustus aku piknik
Wulan Juli aku piknik
Wulan September aku piknik
Isinen titik-titik nganggo jawab sing trep.
Maulana Ibrahim menawa diserat nganggo aksara Jawa yaiku ….
Tokoh kang gugur mbelani negarane saka pangamuke wadyabala Prabu Ramawijaya, yaiku ... .
Arjuna Sasrabau
Adipati Karna
Patih Suwanda
Kumbakarna
Sumantri
Patih Suwanda saged/bisa didadekake patuladhan jiwa satria amarga ... .
mbela kakange dhewe sanajan tumindak lepat
ngurbanake jiwa raga kanggo bela negara
ngleksanakake kabeh emban saka rajane
setya ing janji lan males kabecikane liyane
perang marang sedulure dhewe kanggo bela negara
Adi Pati Karno bisa didadekake patuladhan,amarga ... .
Ngurbanake jiwa ragakanggo bela negara
Setya lan janji Males kabecikane liyan
Ngleksanakake kabeh emban saka rajane
mbela kancane dhewe
mbela kakange dhewe senajan tumindak luput.
Watak tembang Dhandhanggula yaiku ....
luwes
grapyak
sabar
galak
sedhih
Kuku punika wangunipun gepeng landhep, menawi kangge kukur-kukur saged ngrisakaken kulit. Menapa malih anggenipun kukur-kukur saweg pinuju tilem, lajeng kesupen dhateng raos sakit, namung sakeca raos gatel kinukur. Wekasan babak ing wanci siyang punika lajeng ngungun getun.
Wewaler kang trep kanggo pratelan ing dhuwur yaiku ....
aja nggunting kuku wayah wengi
aja ngingu kuku nganti dawa
aja ngingu kuku mundhak dipanggoni setan
aja sok ngingu kuku mundhak lelara
aja sok ngingu kuku yen ceklek mundhak getun
Aja ngintip, mundhak timbilen. Makna wewaler kasebut yaiku…
menawa ngintip mengko bisa ndadekake mripate timbilen.
tegese mripat kang sehat bisa kena debu utawa kotoran saka bolongan kang dinggo ngintip saengga marakake timbilen.
tegese yen ora kepengin timbilen ora kena ngintip.
mripat kang timbilen disebabake dening kebiasaan seneng ngintipi wong.
bolongan ora kena dingo ngintip amarga marakake timbilen.
Yuk diwaos!
Kelas kula pinter-pinter.
Kelas kula pinter.
Kelasku pinter-pinter.
Kelasku pinter.
Kelasku pancen pinter-pinter.
Sandhangan sing digunakake saka tembung kasebut yaiku ... .
keret
layar
cakra
pengkal
taling tarung
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .
Panyen penak wadi bocah sekolah
Panyecen wenak dadi wong sekolah
Pancen penak dadi bocah sekolahan
Pancen wenak dadi wong sekolahan
Panycen penak dadi bocah sekolah
Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku ... .
3
4
5
6
7
Watak tembang Dhandhanggula yaitu menggambarkan sifat yang luwes dan merasuk ke dalam hati. Tembang ini dapat digunakan untuk menuturkan kisah dalam berbagai hal dan kondisi apapun. Tembang ini memiliki guru gatra yang paling banyak dengan jumlah gatra 10 dan guru wilangan dan guru lagu10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a.
Buatlah tembang Dhandhanggula yang isinya memuat wejangan untuk Ketua dan Wakil Ketua OSIS yang baru serta jajaran dengan memperhatikan paugeran di atas.
