WorksheetsLatihan STS Bahasa Jawa Kelas 4 Smt 2
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Kaendahan nagara Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah sing seneng dolanan yaiku ...
tembang campursari
tembang dolanan
tembang macapat
tembang langgam
Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani
ilmu pengetahuan
ketrampilan
olah raga
budi pakerti
Salah siji ciri-ciri tembang dolanan yaiku ...
wujude sederhana
cakepane umume dawa
tembunge angel diapalne
mesthi ana pengarange
tembang sing ora kaiket anane guru gatra, guru wilangan, apadene guru lagu diarani tembang ...
gedhe
dolanan
tengahan
macapat
Tuladhane tembang dolanan yaiku ...
Kinanti
Buta-Buta Galak
Dhandhanggula
Asmarandana
Tuladhane nilai budi pakarti ing tembang dolanan yaiku ...
Astane sedheku
Gembelengan
Mesem nguyu
Welas asih
Tembang dolanan “Gundul-Gundul Pacul” asale saka …
Jawa Barat
Jawa Tengah
Jawa Timur
Madura
Lumbung desa pra tani padha makarya,
Ayo dhi … njupuk pari nata lesung nyandak alu,
Ayo yu … Padha nutu, yen wis rampung nuli adang,
Ayo kang … dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Irah-irahan tembang dolanan ing nduwur yaiku ..
Para Tani
Swara Lesung
Lumbung Desa
Nutu Pari
Lumbung desa pra tani padha makarya,
Ayo dhi … njupuk pari nata lesung nyandak alu,
Ayo yu … Padha nutu, yen wis rampung nuli adang,
Ayo kang … dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Piranti kanggo ngolah pari dadi beras jroning tembang ing duwur yaiku
mesin selep
lesung lan alu
mesin giling
lumpang watu
"Yen wus mateng nuli madhang"
Tembung madhang basa krama aluse ...
mangan
nedhi
nedha
dhahar
Lagu sing isine kena kanggo perjuangan, tuladhane …
Jamuran
Lir Ilir
Jaranan
Gugur Gunung
6. Bapak wis rampung ngunjuk obat.
Ukara ing nduwur kecampuran tembung krama, yaiku ...
A. Wis rampung
B. Ngunjuk
C. Obat
Lagu sing isine kanggo dolanan bocah-bocah, tuladhane …
Jamuran
Lir Ilir
Jaranan
Gugur Gunung
Cirine tembang dolanan, kajaba ...
Basane prasaja (kajumbuhane karo umure bocah)
cengkok utawa wilet lagu sederhana
isine lagu ngemot patuladhan, budi pekerti, panggulawentah
ndue guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Lagu sing isine kanggo nyiar agama, tuladhane …
Jamuran
Lir Ilir
Jaranan
Gugur Gunung
Yo ayo kanca ngayahi karyane praja
Kene… kene… kene… kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji… loro… telu… papat… maju papat papat
Diulang-ulangake mesthi enggal enggal rampunge
Holopis kuntul baris… holopis kuntul baris…
Holopis kuntul baris… holopis kuntul baris…
Maknane tembang "Gugur Gunung" yaiku ..
bocah-bocah supaya manut aturan utawa instruksi pemimpin nalika sawijining dina terjun ing masyarakat lan urip sosial.
Aja nuruti hawa napsu nalika golek bandha, nanging kudu ati nurani sing resik.
gotong royong, kebersamaan, lan kekeluargaan sajrone gotong royong
sindiran kanggo wong sing nduweni sipat kesed
Lagu sing isine kanggo sindhiran, tuladhane …
Jamuran
Lir Ilir
Jaranan
Gugur Gunung
Gundhul-gundhul pacul cul
Gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul
Gembelengan
Wakul glempang segane dadi sak latar
Wakul glempang segane dadi sak latar
Maknane tembang "Gundhul-Gundhul Pacul" yaiku ..
wong sing dadi pemimpin kudu bisa ngayomi lan nyejahteraake rakyat, ora oleh sombong utowo sakarepe dhewe.
Aja nuruti hawa napsu nalika golek bandha, nanging kudu ati nurani sing resik.
gotong royong, kebersamaan, lan kekeluargaan sajrone gotong royong
sindiran kanggo wong sing nduweni sipat kesed
Menthok-menthok tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbokya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Mengal-megol gawe guyu
Maknane tembang "Menthog-Menthog" yaiku ..
pemimpin sing lali yen lagi nindakake amanat iku kaya nggawa wadahe sego ing sirahe
Aja nuruti hawa napsu nalika golek bandha, nanging kudu ati nurani sing resik.
gotong royong, kebersamaan, lan kekeluargaan sajrone gotong royong
sindiran kanggo wong sing nduweni sipat kesed
Padhang Mbulan
Yo Prokonco dolanan neng njobo
Padhang mbulan padhange koyo rina
rembulane… e Sing ngawe awe
Ngelingake ojo podho turu sore
Maknane tembang "Padhang Bulan" yaiku ..
pemimpin sing lali yen lagi nindakake amanat iku kaya nggawa wadahe sego ing sirahe
mujudake rasa syukur marang kanikmatan lan kaendahan kang diparingake dening Gusti.
gotong royong, kebersamaan, lan kekeluargaan sajrone gotong royong
sindiran kanggo wong sing nduweni sipat kesed
Aksara jawa iku cacahe ana ...
14
16
18
20
Sandangan aksara jawa sing digunakake kanggo swara [e] kaya ing tembung lele lan sate jenenge
Sandangan aksara jawa sing digunakake kanggo swara [o] yaiku ...
Kanggo nulis tembung "tuku buku" sandangan sing digunakake yaiku
Tembung "tilêm" yen ditulis nganngo aksara jawa migunakake sandangan swara ...
pepet lan wulu
taling lan wulu
pepet lan suku
taling lan suku
Sandangan ing gambar gunane panjingan aksara ...
/ya/
/rê/
/nga/
/ra/
Sandangan "wulu", "pepet", lan "layar" ditulis ing ... aksara sing disandhangi.
kiwane
tengene
ngisore
ndhuwure
Tembung "bubur jenang" yen ditulis nganggo aksara jawa ...
ꦧꦸꦧꦸꦂꦧꦼꦤꦁ
ꦗꦸꦗꦸꦂꦧꦼꦤꦁ
꧋ꦧꦸꦧꦸꦂꦱꦼꦤꦁ
ꦧꦸꦧꦸꦂꦗꦼꦤꦁ
Ukara "Aku mulih ing wayah sore" yen ditulis nganggo aksara Jawa ...
꧋ꦲꦏꦸꦩꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦮꦪꦃꦱꦺꦴꦫꦺ
꧋ꦲꦏꦸꦩꦸꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦮꦪꦃꦱꦺꦴꦫꦺ
꧋ꦲꦏꦸꦩꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦮꦪꦃ
꧋ꦲꦏꦸꦩꦸꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦮꦪꦃ
Sing kalebu wujude sandhangan swara, kajaba ...
Sing kalebu wujude sandhangan panyigeg, kajaba ...
Sing kalebu wujude sandhangan wyanjana, kajaba ...
Tembung "sêpatuku" yen ditulis nganggo aksara jawa ...
꧋ꦱꦼꦥꦼꦠꦏꦸ
꧋ꦱꦥꦠꦸꦏꦸ
꧋ꦱꦼꦥꦠꦸꦏꦸ
꧋ꦱꦼꦥꦠꦏꦸ
Tembung "sêtya luhur" yen ditulis nganggo aksara jawa ...
꧋ꦱꦼꦠꦾꦭꦸꦲꦸꦂ
꧋ꦱꦼꦠꦾꦭꦸꦲꦸꦂ
꧋ꦱꦼꦠꦾꦭꦲꦸꦂ
꧋ꦱꦼꦠꦾꦭꦲꦂ
Tembung "wayang golek" yen ditulis nganggo aksara jawa ...
꧋ꦱꦪꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀
꧋ꦮꦪꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀
꧋ꦱꦪꦁꦗꦺꦴꦭꦺꦏ꧀
꧋ꦮꦪꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ
Aksara jawa iki yen ditulis latin dadi ...
kreteg
kremi
kresek
kreta
꧋ꦥꦿꦧꦸꦱꦸꦂꦪꦣꦺꦮꦠ
Aksara jawa ing nduwur yen ditulis latine dadi ...
prabu surya kencana
prabu surya dilaga
prabu surya dewata
prabu surya pradana
꧋ꦧꦏꦂꦱꦠꦺ
Aksara jawa ing nduwur yen ditulis latin dadi ...
bakar batu
bakar sate
bakar lele
bakar roti
꧋ꦠꦸꦏꦸꦱꦼꦥꦠꦸ
Aksara jawa ing nduwur yen ditulis latin dadi ...
tuku buku
tuku sayur
tuku sepatu
tuku tempe
꧋ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦱꦸꦁꦠꦸꦭꦣ
Aksara jawa ing nduwur yen ditulis latin dadi ...
ing madya mangun karsa
bhineka tunggal ika
ing ngarsa sung tuladha
tut wuri handayani
