Font size
Worksheetstembang macapat
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Tembang Pocung iku nduweni watak ....
sembrana
tresna
luwes
trengginas
sak penake dewe
Tembang macapat nduweni paugeran (aturan) kang gumathok, kang diarani metrum. Metrum ing tembang macapat ana 3, yaiku... (pilihen 3 wangsulan)
guru lagu
guru gatra
guru sastra
guru wilangan
guru swara
Kang kalebu tembang macapat kajaba ... .
Tembang Macapat kang maknane ana manungsa kang wis nduwe rasa tresna marang lawan jenis, yaiku …
Pangkur
Sinom
Durma
Asmaradana
Megatruh
Tembang Pangkur cocog kanggo ngandharake pitutur luhur ngenani ….
sekolahan
masyarakat
budi pekerti
tata cara sinau
katresnan
"Angkara gung neng anggga anggung ....
Gegolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda"
Ukara utawa kata kang pas/trep kanggo nglengkapi gatra kapisan yaiku....
gumulung
gumolong
gegulang
gegaraning
golongan
Tembang Pangkur
Mangkono ilmu kang nyata
Sanyatane mung we reseping ati
Bungah Ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Ing gatra sukeng tyas yen den ina, tembung "tyas" tegese ….
ati
rasa
budi
pikir
kembang
nuladha laku utama
tumrape wong tanah jawi
wong agung ing ngeksiganda
panembahan senapati
kepati amarsudi
sudane hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi siyang ratri
amemangun karyenak tyasing sasama
Pratelan kang tegese ngendalekake hawa napsu yaiku,,..
nulada laku utama
tanapi ing siyang ratri
kapati amarsudi
sudane hawa lan nepu
kepati amarsudi
Aja sira niru tindak kang tan becik
Nadyan ta wong liya
Lamun pamuru becik
Iku kaki den estokno
Isine tembang ing dhuwur yaiku …
Tumindake wong liya kang becik aja ditiru
Tumindake becik iku asale saka wong liya
Tansah niru tumindak kang becik
Yen dudu wong liya ora gelem tumindak becik
Tumindak ora becik iku kudu dibuang
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senapati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Adhedhasar paugerane tembang kasebut kalebu tembang ....
maskumambang
sinom
asmarandhana
dhandanggula
gambuh
Geter raosipun manah
Swara para janma tansah jejerit
Sakabehe wus kagulung
Murka aneng samodra
Tirta lan samirana samya gumulung
Amung bisa andedonga
Kamiwelase mring Gusti
Tembung macapat ing dhuwur nyritakake babagan prastawa alam . .
banjir
gunung njeblug
lindhu
longsor
tsunami
"Sarung jagung godhong gedhang garing
ora abot sanggane wong gesang
bisa sakepenak larase
nanging yen sira purun
nindakake laku utami"
piwulang moral saka tembang kasebut yaiku ....
Kudu seneng reresik lingkungan supaya urip laras
manungsa aja urip sapenake dhewe
manungsa urip kudu tansah jaga lingkungan
Sarung jagung tegese klobot
manungsa bakal penak uripe yen tumindak becik
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Paugerane kang diduweni tembang macapat ing ndhuwur yaiku ....
12u, 6a, 8i, 12a
12u, 6a, 8i, 8a
12u, 8u,8i,8i,80
12u, 6a, 8i, 13a
12u, 6as, 8i, 13a
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
Pratelan kang tegese ngedohi sawenehe tumindak kang ala, yaiku …
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
sinuba sinukarta
Mingkar-mingkuring angkara
Agama ageming aji
Akarana karenan mardi siwi
Tetembungan kang asring digunakake sajrone tembang macapat kaya ing ngisor iki yaiku ….(pilihen 3 wangsulan)
tembung kawi
pacelathon
tembung garba
gancaran
purwakanthi
Sigra milir kang gethek sinangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngarsa miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kering
Kang gethek lampahnyo alon
Adhedhasar paugerane tembang kasebut kalebu tembang ....
mijil
sinom
gambuh
megatruh
kinanthi
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun ketemu
Tandha nugrahaning Manon
Wos surasane saka tembang kasebut yaiku ....
Piweling nindakake patang perkara supaya entuk kanugrahane Gusti
Iku wujud kanugrahan Gusti
Setitekna apa kang takandharake
Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
Andharan babagan sembah patang perkara
Tembang macapat kang nduweni watak sapenake dhewe, sembranan, guyonan yaiku tembang ....
gambuh
pucung
megatruh
mijil
asmarandhana
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi
Anemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang
(serat wulang Reh, PB IV)
Manut tembang ing dhuwur, kepriye dadine yen anak duraka marang wong tuwane ....
mulya
nandhang cilaka
duraka
uripe becik
diwales anake
Yen wis tinitah wong agung
aja sira nggunggung dhiri
aja leket lan wong ala
kang ala lakunireki
nora wurung ajak-ajak
satemah anulari
pitutur saka tembang ing ndhuwur yaiku ....
yen wis dadi wong sukses ora oleh sombong lan njaga srawung
yen wis sukses oleh kekancan karo sapa wae
wong gedhe (nduwe pangkat) oleh sombong lan sakpenake dhewe
wong sukses iku kepenak uripe
ala lan becik iku bakal ketara
