wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

USP BASAJAWA 2022/2023 SMA ISLAM PLUS HIDAYATUT THULLAB

Total questions: 50

Worksheet time: 1hrs 12mins

Name
Class
Date
1.

Mangsa rendheng uga diarani mangsa . . .. .

a)

panas

b)

udan

c)

ketiga

d)

teles

e)

garing

2.

Ana dina, ana upa

Ana awan, ana pangan

Unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru....

a)

Swara

b)

Lagu

c)

Lumaksita

d)

Sastra

e)

Basa

3.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba....

a)

Geguritan

b)

Artikel

c)

Panyandra Manten

d)

Lagu utawa tembang

e)

Parikan

4.

Ancik-ancik pucuking eri

Unen-unen kasebut kalebu....

a)

Pepindhan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Paribasan

e)

Saloka

5.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

e)

Nggambarake kahanan

6.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"

Tembung adus kringet kalebu tembung....

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Wangsalan

d)

Paribasan

e)

Bebasan

7.

Sampun sawatawis dangu sri pinanganten lenggah ing sasane kursi rinengga kinebutan dening elaring manyura, kongas gandhane kadya bethari supraba.

Teks pranata adicara ing ndhuwur ditujokake kanggo nyandra....

a)

Manten putri

b)

Manten kakung

c)

Bapak lan Ibu

d)

Bapak lan Ibu Besan

e)

Prosesi temu manten

8.

cerita rakyat sing ana gegayutane karo kedadean papan panggonan diarani ....

a)

mitos

b)

legendha

c)

fabel

d)

dheskripsi

e)

narasi

9.

ancas crita rakyat yaiku menehi ....

a)

ngerti sawijijing babagan

b)

panglipur marang bocah

c)

pituduh marang wong enom

d)

pambiji marang crita

e)

gegambaran ngenani kabudayan jaman biyen

10.

crita ngenani Nyai Rara kidul, Nyai Blorong lan thuyul kalebu jinise crita ....

a)

legendha

b)

sage

c)

fabel

d)

dheskripsi

e)

mitos

11.

urutan prastawa utawa kedadean jroning crita diarani ....

a)

alur

b)

setting

c)

konflik

d)

amanat

e)

paraga

12.

crita rakyat malin kundnag dhuweni pitutur luhur kanggo masyarakat yaiku ....

a)

dengki

b)

umuk

c)

durhaka

d)

kumalunggung

e)

blenjanji

13.

nilai kang ana gegayutane karo adat istiadat lan kabudayaan kang dilakoni ing masyarakat tartamtu yaiku nilai ....

a)

etika

b)

moral

c)

religius

d)

sosial

e)

budaya

14.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

unsur instrinsik ing pethilan crita kasebut yaiku ....

a)

latar

b)

tema

c)

amanat

d)

paraga

e)

alur

15.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

tembung " oncat" duweni teges ....

a)

nunggu

b)

ngawasi

c)

teko

d)

lunga

e)

ngringkes

16.

Apa kang dimaksud pangertosan teks deskriptif ?

a)

karangan ingkang ngandharaken satunggaling objek kanthi ancas supados pamaos ngraosaken kados-kados ningali obyek ingkang dipunandharaken

b)

karangan ingkang ngandharaken salah satunggaling kabudayan

c)

karangan ingkang ngandharaken cariyos kasunyatan

d)

karangan ingkang ngandharaken babagan makanan tradhisional

e)

karangan kang basane migunaake tembung sing gampang dipahami karo pamaose

17.

Kang diarani kabudayan yaiku…

a)

Kasil cipta, rasa,lan karsa kang ditindakake dening manungsa

b)

Kasil kesenian rakyat

c)

Kasil Pakumpulan

d)

Aturan-aturan masyarakat

e)

kumpulan saka ksenian sing ana ing suatu daerah

18.

Gambar ing tengen iki yaiku kalebu gambar kesenian...

a)

jaran kepang

b)

reyog

c)

jathilan

d)

barongan

e)

kucingan

19.

Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha kuwate utawa padha digdayane yaiku …

a)

ha na ca ra ka

b)

da ta sa wa la

c)

pa dha ja ya nya

d)

ma ga ba tha nga

e)

adigang adigung adiguna

20.

Aksara Jawa “Hanacaraka” diajarake marang masyarakat Jawa kanthi crita...

a)

Jaka Tarub

b)

Jaka Tingkir

c)

Aji Saka

d)

Aji - Aji

e)

jaka kendil

21.

Suku ( u ), wulu ( i ), pepet ( e ), lan taling ( [ ) kalebu….

a)

sandhangan

b)

pasangan

c)

murda

d)

angka

e)

hiasan

22.

Aksara Jawa saiki biasane digunakake kanggo ing ngisor iki, kajaba...

a)

Pasinaon basa jawa

b)

Jeneng utawa papan nama instansi ing Sala & Jogja

c)

Majalah Basa Jawa

d)

Dhuwit Rupiah

e)

pepak basa jawa

23.

Tembang iki duweni paugeran yaiku...

Sekar gambuh ping catur

Kang ciatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon

a)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

b)

8u, 10u, 12i, 8u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 7o

d)

7u, 10u, 12i, 8u, 8i

e)

8u, 10u, 12i, 8u, 8i

24.

Tembung "awon” ing gatra ing dhuwur nduweni teges...

a)

apik/ becik

b)

wicaksana

c)

ala

d)

bener

e)

sae sae

25.

Kabudayan kang awujud kuliner khas ing sawijining dhaerah diarani...

a)

panganan tradisional

b)

jajanan pasar

c)

kondangan

d)

bancakan

e)

seneng mangan

26.

sing ora kalebu unsur unsur instrinsik karya sastra, yaiku . . . . .

a)

tema

b)

amanat

c)

plot / alur

d)

perwatakan

e)

sudut pandang pencipta

27.

Srabi, wingko babat, lan geplak kalebu jinis panganan tradisional....

a)

sesaji/ kenduri

b)

jajanan pasar

c)

sega/ ambengan

d)

modern/ kreasi

28.

Gambar paraga wayang iki yaiku...

a)

anjani

b)

sugriwa

c)

subali

d)

anoman

e)

dursasana

29.

Paraga iki kang ora kalebu Panakawan yaiku...

a)

semar

b)

gareng

c)

togog

d)

bagong

e)

petruk

30.

urutan crita / prastawa saka wiwitan nganti pungkasan, diarani . . . . .

a)

tema

b)

amanat

c)

plot/alur

d)

perwatakan

e)

latar/ setting

31.

Wonten ing adicara mantenan, gambar ing dhuwur nedahake kagiyatan....

a)

sawur-sawuran

b)

balangan gantal

c)

nguncalno dhuwit

d)

suruh temurose

32.

kagiyatan sing asring dilakoni wong Jawa resik-resik makam ing sasi ruwah utawa mapag sasi pasa diarani....

a)

panenan

b)

nyadran

c)

manganan

d)

kenduren

33.

ana cengkir gading gambar wayang punika nedahake kagiyatan....

a)

rujakan

b)

manganan

c)

tingkeban

d)

mantenan

34.

Sawijining kagiyatan kang dilakoni wong ing satunggaling wewengkon utawa daerah kang wus dadi tradisi (kebiasaan) sajroning kabudayan, diarani.....

a)

adat

b)

adat istiadat

c)

tata krama

d)

solah bawa

35.

ing ngisor iki kang kalebu tujuan kagiyatan sedhekah bumi yaiku....

a)

satunggaling wujud puji syukur

b)

mangan-mangan

c)

nganakake tayuban

d)

kanggo hiburan

36.

diarani kagiyatan....

a)

gebyuran

b)

pagas rikma

c)

siraman

d)

wudhu

37.

upacara adat kang ana gegayutane karo jabang bayi kang mentas lair yaiku ...

a)

Siraman

b)

Sekaten

c)

Grebeg Sura

d)

Brokohan

e)

Mitoni

38.

Tedhak Siti yaiku sawijining upacara adat kang ditindakake nalika jabang bayi umur pira ...

a)

4 lapan

b)

40 dina

c)

7 lapan

d)

setaun

e)

9 lapan

39.

Bebasan ing ngisor iki kang duwe teges gawe rusuh ing papan tentrem, yaiku….

a)

A. Ngubak-ubak banyu bening

b)

B. Nututi layangan pedhot

c)

C. Nabok nyilih tangan

d)

D. Adol lenga kari busike

e)

E. Kaya lenga karo banyu

40.

"Monggo budhe, pinarak mriki" (iku tuladha ukara...)

a)

panjaluk

b)

pangajak

c)

panuntun

d)

pitakon

41.

Ukara pangajak sing cocog gawe gambar iku ...

a)

Ayo Laras, sepedahan karo aku

b)

Ayo Laras, ngombe es disik

c)

Ayo Laras, ojo banter-banter mlakumu

d)

Ayo Laras, ndang mari nulismu

42.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

43.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

44.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

e)

mangerteni sing moco

45.

1. tatanen tembang-tembang mau miturut paugerane

2. tulisen paugeran tembang

3. temtokna bakuning gagasan sing arep koktulis

4. gawea kumpulan tembung jumbuh karo gagasan kang wis ditemtokake

5. yen wus awujug gatra banjur wacanen maneh kanthi tliti

Pranyatan ing dhuwur ingkang bener lan pener yaiku....

a)

1-2-3-4-5

b)

3-4-2-1-5

c)

4-3-2-1-5

d)

3-2-4-1-5

e)

1-3-2-4-5

46.

Wacana kang ngandharake, menehi pangerten, lan menehi kawruh salah sawijining kanthi basa kang gampang, genah, cetha, obyektif ngenani sawijining bab. menika pangertosan saking teks....

a)

eksposisi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

deskripsi

e)

persuasi

47.

Jinis-jinise paragraf adhedhasar mapane pokok isi ....

a)

Paragraf, deduktif, induktif lan campuran.

b)

Paragraf tunggal, paragraf campuran

c)

Paragraf eksposisi, persuasi

d)

Paragraf deskripsi, eksposisi, narasi

e)

paragraf narasi, tunggal lan campuran

48.

Wacanen wacan ing ngisor iki.

Adipati Karna nggunakake aji-aji Kalalupa kang dayane ngetokake tiron rareksa kembar sapirang-pirang saka epek-epeke. Gathotkaca nandhingi aji-aji Narantaka kang saka epek-epeke ngetokake geni ngalad-alad ngobong raseksa daden-daden. Swara buta pating glereng kaya singa rebutan kidang ing wana.


Epek-epeke Gathotkaca ngetokake aji-aji wujude ....

a)

angin ribut

b)

buta daden-daden

c)

geni mbulat-mbulat

d)

udan panah

e)

pedang nyamber nyamber

49.

Ibune Gathotkaca iku arane ....

a)

Arimbi

b)

Drupadi

c)

Pregiwa

d)

Srikandi

e)

sribunda

50.

Ojo dadi bocah kang dawa tangane!

Dawa tangane tegese ....

a)

bocah sing sregep

b)

gampang nesu

c)

seneng nyolong lan njupuk

d)

seneng nyambut gawe abot

e)

wong sing dipercoyo