wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GAYA BAHASA BASA RINENGGO

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

2.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kulawargane lan nyekolahake putrane"

Tembung adus kringet tegese yaiku ... .

a)

nyambut gawe mempeng banget

b)

awak e kebak kringet

c)

kringete dleweran

d)

kringete digawe ados

3.

Tembung sing dumadi saka loro utawa luwih, dienggo dadi siji lan nuwuhake teges/arti sing anyar diarani tembung .....

a)

Lingga

b)

Saroja

c)

Camboran

d)

entar

4.

Dene tembung saroja kuwi nduweni teges .....

a)

Mbangetake

b)

Salugune

c)

. Anyar

d)

Silihan

5.

Tembung sing nduweni teges silihan (dudu teges salugune) diarani tembung .....

a)

Lingga

b)

Entar

c)

Camboran

d)

Saroja

6.

Pemandangan ing Gunung Brama sarwa edi ....

a)

Muni

b)

Peni

c)

Aji

d)

Luhung

7.

Delima kuwi yen wis mateng dadi abang ....

a)

Mbranang

b)

Sungsang

c)

Dluwang

d)

Getih

8.

Raden Gatotkaca kuwi satria sing gagah .......

a)

prakosa

b)

mandraguna

c)

duwur

d)

gantheng

9.

Tembung camboran iku diperang dadi...

a)

Telu

b)

Loro

c)

Papat

d)

Lima

10.

Gedhe endase tegese...

a)

Muring-muring

b)

Seneng njupuk barange liyan

c)

Dumeh/ sombong

d)

Seneng omong

11.

Ing ngisor iki sing kalebu tembung camboran tugel yaiku...

a)

Siswa-siswi

b)

Pakdhe

c)

Enom tuwa

d)

Gedhe cilik

12.

Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...

a)

Mas Bagas awake gagah prakosa

b)

Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon

c)

Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane

d)

Adik seneng nggawe klambi werna bangjo

13.

Dek, aja sok-sok percaya wong apa maneh modele kaya Bajigur, kuwi ngono lunyu ilate.


tembung lunyu ilate kalong tembung ... .

a)

saroja

b)

entar

c)

camboran

d)

lingga

14.

Yen arep maos koran, Bapak kudu ngagem kacamata.


tembung kacamata kagolong tembung ... .

a)

saroja

b)

entar

c)

camboran

d)

pepindhan

15.

Bima ora disangoni duwit karo Ibune, nanging dibontoti jajan nagasari .

Tembung kang kacetak miring ing ukara ing nduwur kagolong tembung ... .

a)

Saroja

b)

Camboran

c)

Entar

d)

Pepindhan

16.

Praupane petheng kaya ana bab sing didhelikake. Tembung prapupane peteng kagolong tembung ... .

a)

Saroja

b)

Entar

c)

Camboran

d)

Pepindhan

17.

Mendhung peteng ing praupane Sodin banjur owah dadi udan brebel-brebel mbrebes mili.

Tembung "owah dadi udan" tegese yaiku ... .

a)

Udan

b)

banyu

c)

tangis

d)

kringet

18.

Dasar bocah rai gedheg. dikandani bola bali ora nggugu.

Tembung "rai gedheg" tegese ... .

a)

ora gelem tumandang

b)

ora duwe isin

c)

ora gelem mikir

d)

ora duwe duwit

19.

Wayang kulit minangka salah sijine kesenian tradisional tinggalane sesepuh leluhur kang adi luhung.

tembung 'adi luhung' kagolong tembung ... ,

a)

saroja

b)

camboran

c)

entar

d)

pepindhan

20.

Ukara ing ngisor iki kang kagolong tembung camboran yaiku ... ,

a)

Yen nata buku aja tumpuk undhung.

b)

Lanang wadhon, Gedhe cilik pada senneg bal balan.

c)

Para warga pada guyup rukun ngresiki lingkungan

d)

Dadi bocah kudu sregep golek ilmu kareben pinter

21.

Amarga mari lara suwe, Siti awak e kari Lunglit.

Lunglit tegese ... .

a)

Balung Kulit

b)

Bongkot Pucuk

c)

Abang Ijo

d)

Siji Loro

22.

Diterangne ameung sepisan bocah sing pinter kuwi wis ngerti., mula diarani ... .

Tembung entar kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku ... .

a)

Landhep dhengkul

b)

Landhep Pikire

c)

Gedhe Sirahe

d)

Dawa tangane

23.

Wes dadi adate masayarakt Indonesia yen saben 17 Agustus kabeh pada nganakake Pangetan dina kamardikaan. Ing kampung kampung utawa kuta kabeh warga pada sayuk rukun ngramekake pangetan kasebut. Yen ana acara ora ana warga kang Mbanda tangan.

Tembung mbanda tangan tegese ... .

a)

mencla mlence

b)

ora gelem cawe-cawe

c)

tangane ditaleni

d)

ora nggatekake

24.

Yen nata kayu aja … ben gampang nggawane.

Tembung camboran kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku ... .

a)

banjo

b)

kotcuk

c)

jiro

d)

lunglit

25.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

c)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

d)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.