wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Cangkriman SDN Montongsekar 1

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Anane globalisasi bisa menehi munpangat kang becik. Kajaba iku bisa jalari kapitunan. Ukara kang ora trep yaiku . . . .

a)

nggantungake urip marang teknologi lan ora srawung karo kanca

b)

bisa mangerteni kabar saka negara liya kanthi cepet

c)

nambahi kawruh ngenani saperangan budaya negara liya

d)

kanggo majune dol tinuku barang saka negara siji lan sijine

2.

5. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

tangan papaniro,

nuduhake rina wengi,

lamun mati binggung wektu sang bendara.

Badhekane yaiku..

a)

tasbih

b)

ali-ali

c)

gelang jam

d)

binggel

3.

Batangane salak.

Cangkrimane yaiku yen ibune siji anake loro, yen ibune loro anake siji, . . . . . . .

Bacute cangkriman ing dhuwur, yaiku . . . .

a)

yen ibune loro anake loro

b)

yen ibune siji anake telu

c)

yen ibune telu ora duwe anak

d)

yen ibune telu anake siji

4.

anake gelungan, emboke ore-ore

batangane ....

a)
b)
c)
d)
5.

adoh-adoh diparani, bareng wis tekan dilewati

batangane yaiku ....

a)

stasiun

b)

lawang

c)

omah

d)

kanca

6.

Anane globalisasi jalari nilai sosial ing masyarakat saya ilang. Babagan iki bisa dititeni saka . . . .

a)

ngundhakake gotong royong

b)

nengenake kepentingan pribadi

c)

tradhisi isih dilestarekake

d)

ngrembakake budaya asli

7.

Gatekna cangkriman ing ngisor iki!

Wonten ta dhapur sawiji, tanpa sirah tanpa tenggak, mung gatraning weteng bae, miwah suku kalihira, ananging tanpa dlamakan, kanthaning bokong kadulu, rumaket ing para priya.

Batangane cangkriman sinawung ing tembang kasebut, yaiku . . . .

a)

sabuk

b)

clana

c)

jam tangan

d)

sarung

8.

Cangkriman miturut jinise kapantha dadi papat. Salah sijine cangkriman pepindhan. ing ngisor iki sing klebu cangkriman pepindhan, yaiku . . . .

a)

ngarep ireng buri ireng sing tengah methenteng

b)

buta buri

c)

kapal disawat watu bisa kelem

d)

biru bisane dadi wungu dikapakake?

9.

Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora nyokot manungsa. Apa arane kewan iku?

a)

gajah

b)

macan

c)

celeng

d)

singo

10.

Cangkriman mujudake unen-unen kang kudu dibedhek utawa mbutuhake wangsulan. Jinise cangkriman kapantha dadi patang perangan. Dene ing ngisor iki sing klebu cangkriman pepindhan . . . .

a)

wong dodol tempe ditaleni

b)

Sawah rong kedhok galengane mung sitok

c)

Sagara beldhes

d)

Lampu apa yen dipecah metu wonge?