WorksheetsPTS PG Genap B.Jawa 2025
Total questions: 45
Worksheet time: 2hrs 54mins
Pangripta Serat Wdhatama yaiku ….
Empu Walmiki
Ranggawarsita
Empu Tantular
Mangkunegara IV
Sunan Bonang
Watek tembang Kinanthi yaiku ….
nelangsa
prihatin
sembrana
galak
tresna asih
Upamane wong lumaku,
marga gawat den liwati,
lamun kurang ing pangaruh,
sayekti karendhet ing ri,
apese kasandhung padhas,
babak bundhas anemahi.
Ibarat sing cocok karo tembang yaiku ….
wong sing sugih ilmu lan diajarke
wong sing kurang waspada
wong sinau setengah-setengah
wong sugih nanging wegah amal
wong bodho sing sugih kabegjan
Upamane wong lumaku,
marga gawat den liwati,
lamun kurang ing pangaruh,
sayekti karendhet ing ri,
apese kasandhung padhas,
babak bundhas anemahi.
Apese kasandhung padhas. Tegese tembung sing kacithak kandel yaiku ….
lemah sing kelet
watu cilik-cilik
bubukan gamping
lempung digarang
lemah atos
Ing ngisor iki sing ora klebu enem pathokane Serat Wedhatama yaiku ….
pasrah marang kuwasaning Gusti
anugrah Gusti kudu didhasari kesucen batin
ngedohake saka angkara murka
kabeh kaluwihane dhiri kudu diketokake
kawruh sing bener bisa saka wong enom
Sipate geguritan modern yaiku ….
duwe wirama sing paten
kaiket dening guru lagu
macane gatekake cengkok
diwaca kanthi ditembangake
bebas lan mardika
Basa sing digunakake sajrone geguritan Kajaba ….
konotasi
simbolis
denotative
lambang
rinengga
Ngetung jangkah kanthi sumarah.
Ukara ing dhuwur ngandhut purwakanthi ….
guru swara
guru sastra
guru lumaksita
guru wilangan
guru lagu
Lelewaning basa pindhahing janma yaiku ….
metafora
metonimia
ironi
eufimisme
personifikasi
Ing ngisor iki ora klebu unsur ekstrinsik geguritan yaiku….
agama
piwulang
biografi
amanat
sosial
Unen-unen kanthi dibolan-boleni kang dadekake geguritan katon endah jalaran duweni wirama diarani ….
rima
panambang
plutan
purwakanthi
dhiksi
Sing ora klebu struktur teks deskripsi yaiku …
idhentifikasi
tesis
klarifikasi
deskripsi bageyan
pangenalan objek
Pakdhe mundhut iwak patin ing Peken Mangurejo.
Jinise ukara ing dhuwur yaiku ukara ….
camboran susun
camboran sajajar
lamba
pakon
tanggap
Paragraf kang ukara bakune sumebar utawa mapan ing saben uakara yaiku ….
deduktif
ineratif
campuran
induktif
deduktif-induktif
Teks kang asipat pangajak, ilmiah, lan non fiksi diarani ….
deskripsi
narasi
eksposisi
argumentasi
drama
Ing ngisor iki kang ora klebu pola tabuhan bonang yaiku ….
dlamakan
sekaran
mipil
ombal
klenangan
Struktur teks ekposisi kang ngemot bukti-bukti relevan kang dhukung tesis yaiku ….
panegasan ulang
dudutan
argumentasi
klarifikasi
tesis
Gong cilik kang kapantha saka maneka instrumen kang digantung kanthi tali ing gayor (sanggan palang) yaiku ….
saron
kempul
siter
bonang
kenong
Sing duweni oktaf paling dhuwur tinimbang piranti gamelan liyane yaiku ….
suling
siter
bonang
kenong
slenthem
Kang dadi titikane teks eksposisi, kajaba ….
asipat pangajak
mangsuli pitakonan geneya
netral
mehak kang bener
migunakake basa baku
Setitikna ing ngisor iki!
(1) Maca teks
(2) Gawe cengkorongan
(3) Nyunting
(4) Nemtokake topik
(5) Ngrembakake cengkorongan
Urutan nulis teks deskripsi yaiku ….
(1), (2), (5), (4), (3)
(1), (4), (5), (3), (2)
(1),(4), (2), (5), (3)
(4), (1), (2),(5), (3)
(4), (2), (5), (3), (1)
Penyeretan Serat Tripama yaiku ….
Pakubuwana III
Mangkunegara V
Pakubuwana IV
Mangkunegara IV
Pakubuwana V
Crita kaprawirane Adipati Karna sajrone Serat Tripama kaandharake ing pada ….
kasiji lan kaloro
kaloro lan katelu
katelu lan kapapat
kapapat lan kalima
kalima lan kaenem
Tatanan swara kang ajeg utawa swara-swara kang getaran lan dhuwur cendhake ajeg yaiku …
wirama
gregel
laras
cengkok
sliring
Wewateke tembang Dhandhanggula yaiku ….
kewes
lugas
tresna
trenyuh
wuntat
Cacahe gatra saben sapada yaiku ….
guru sastra
guru wilangan
guru swara
guru gatra
guru lagu
Andhegan ageng amarga wis jangkep wose yaiku ….
padhang
wirama
andhegan
gregel
ulihan
Serat sing katulis kanthi ancas menehi patuladhan kanggo prajurit yaiku ….
Wedhatama
Tripama
Wulangreh
Negarakertagama
Centhini
Wusane Patih Suwanda gugur ing palagan kanthi nglawan ….
Kumbakarna
Adipati Karna
Janaka
Dasamuka
Arjunasasrabahu
Setitikna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 30 lan 31!
Kumbangkarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan nglenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan sujud,
Amung cipta labuh nagari,
Lan nolih yayah rena,
Myang leluhuripan,
Wus mukti aneng ngalengka,
Mangke arsa rinasuk ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
Pokok wos tembang kasebut yaiku ….
Kumbakarna netepi janjine kanggo bela nigari tekan pati
tumindake kakange tansah dibenerake Kumbakarna
leluhur Ngalengka melu ngewaki Kumbakarna
bala kethek ora kasil ngalahke Kumbakarna
para kethek kasil nglungguhi kesatriyane Kumbakarna
Kumbangkarna kinen mangsah jurit,
Mring kang raka sira tan nglenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan sujud,
Amung cipta labuh nagari,
Lan nolih yayah rena,
Myang leluhuripan,
Wus mukti aneng ngalengka,
Mangke arsa rinasuk ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
Lan nolih yayah rena. Tegese tembung rena yaiku ….
batur
ibu
senapati
leluhur
kangmas
Ukara ing ngisor iki sing klebu wewaler yaiku ….
sega sak kepel dirubung laler
ana gula ana semut
aja cedhak kebo gupak
bot ginawa entheng, theng ginawa abot
ora ana banyu mili mendhuwur
Tembung sipat yaiku ….
tembung kang mratelake cacah
tembung kang dadi ganthine samubarang
tembung kang mratelake solah bawa
tembung kang nudhuhake jeneng
tembung kang mratelake kahanan
Perangan tesis ngemot babagan ….
sudhut pandhang panulis
dhata-dhata
alesan kanggo nguwatake pendhapat
nerangake isi
argumentasi
Kanggone wong Jawa, panggunan tangan kiwa nundhuhake sipat ….
becik
males
welas asih
guyub rukun
degsura
Paragrap eksposisi kang isine mbagi salah sawijining bab lan nglompokake menyang kategori-kategori yaiku ….
ilustrasi
definisi
proses
laporan
klasifikasi
Nalika guneman supaya ora nuwuhake panyakrabawa sing neka-neka, becike nganggo ….
basa manca
subasita
swara sing banter
paribasan
parikan
Kanggone tandhaadeg-adeg yaiku ….
mungkasi tembung manca
mateni aksara sesigeg ‘h’ ing tengah ukara
miwiti sawijine ukara
mateni tembung ing wiwitan ukara
nulis tembung-tembung capital
Jinis pangrembakan paragraph ing sajrone wacan kang nduweni ancas ngandharake, njlentrehake, menehi pangerten, lan menehi kawruh babagan salah sawijining bab diarani ….
sesorah
eksposisi
arguumentasi
ilustrasi
pawarta
Aja wedi kangelan,jalaran urip ing donya iku ….
ora ana sing bener dhewe
tansah katunggon Pangeran
ora langgeng
bakal kena bebendu
pancen angel
Sing ora klebu ciri teks eksposisi yaiku ….
isine andhedhasar kasunyatan
disengkuyung dening analisis
tulisan asipat subjektif
dipungkasi kanthi dudutan
ngemot gagasan utawa panemu
Miturut wong-wong kang nggugu gugon tuhon, wong sing ora nggugu gugon tuhon bakale, kajaba ….
dadi mangsane Bethara Kala
umure ora dawa
sengsara panguripane
anake mati kabeh
garwane mandul
Saliyane mratandhakake ora seneng tumrap sawijine bab, kanggo wanita mlorok uga mratandhakake ….
nandhang luwe
katiban mala
kemayu
cerewet
ora tresna kulawarga
Tumindak ing ngisor iki sing nudhuhake ora ngerti tata karma yaiku ….
lungguh sila ing kursi
nganggo klambi ora dibenikake
nganggo peci ketok rambute
nudhing nganggo tangan kiwa
ngguyu karo sapa wae
Mencep kuwi nduweni teges nudhuhake rasa….
ngenyek
seneng
nesu
kemayu
ora perduli
