wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS XI

Total questions: 140

Worksheet time: 1hrs 23mins

Name
Class
Date
1.

ing sajroning tembang macapat ana kang diarani cacahing gatra saben sakpada yaiku....

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru dongding

e)

guru tembang

2.

guru lagune tembang gambuh yaiku....

a)

u, u, i, u, o

b)

u, i, u, u, o

c)

u, i, i, u, o

d)

u, u, u, i, o

e)

u, u, i, i, o

3.

ing sajroning tembang macapat ana kang diarani cacahing wanda saben sakgatra yaiku....

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru tembang

d)

guru gatra

e)

guru dhongdhing

4.

cacahing wanda saben sakgatra tembang gambuh yaiku....

a)

7, 10, 12, 8, 8

b)

7, 10, 8, 8, 8

c)

u, u, i, u, o

d)

u, u, i, i, o

e)

5

5.

ing sajroning tembang macapat ana kang diarani tibaning swara ing pungkasaning gatra yaiku...

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru tembang

d)

guru dhongding

e)

guru lagu

6.

cacahing gatra saben sakpada tembang gambuh yaiku....

a)

5

b)

u, u, i, u, o

c)

7, 10, 12, 8, 8

d)

7, 12, 10, 8, 8

e)

6

7.

ingkang nganggit serat wedhatama yaiku...

a)

KGPAA Hamengkubuwono V

b)

KPGAA Mangkunegara IV

c)

KGPAA Mangkunegara IV

d)

KGPAA Pakubuwono IV

e)

KPGAA Pakubuwono V

8.

watake tembang Gambuh yaiku....

a)

sumanak lan sumadulu

b)

tresna asih lan nuladhani

c)

seneng lan antep ati

d)

sedhih lan sumanak

e)

luwes lan greget

9.

Serat wedhatama ngemot piwulang babagan....

a)

pendidikan

b)

katresnan

c)

budi pekerti

d)

jujur

e)

mandhiri

10.

tembang macapat kang ora klebu serat Wedhatama yaiku....

a)

Gambuh

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Asmarandhana

e)

Pocung

11.

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki

Ing kana lamun tinemu

Tandha nugrahaning manon

Tembung "ingsun" tegese...

a)

awak

b)

raga

c)

kula

d)

sembah

e)

salira

12.

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki

Ing kana lamun tinemu

Tandha nugrahaning manon

Tembung "catur" tegese...

a)

dolanan

b)

andhap

c)

jujur

d)

papat

e)

ilmu

13.

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki

Ing kana lamun tinemu

Tandha nugrahaning manon

Tembung "tutur" tegese....

a)

ajur

b)

omongan

c)

sembah

d)

jujur

e)

gusti

14.

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dihin raga, cipta, jiwa, rasa kaki

Ing kana lamun tinemu

Tandha nugrahaning manon

Tembung "manon" tegese...

a)

gusti

b)

dewa

c)

aku

d)

awak

e)

sembah

15.

kang ora klebu tembang macapat yaiku

a)

gambuh

b)

pangkur

c)

dhandhanggula

d)

sinom

e)

gundul-gundul pacul

16.

ing serat Wedhatama duweni pupuh cacah...

a)

7

b)

8

c)

6

d)

5

e)

4

17.

guru wilangan lan guru lagu tembang Gambuh gatra pungkasan yaiku...

a)

8i

b)

8a

c)

12a

d)

12u

e)

8o

18.

jumlah pada ing tembang gambuh yaiku...

a)

15 pada

b)

30 pada

c)

35 pada

d)

18 pada

e)

32 pada

19.

tembang macapat kalebu jenis tembang....

a)

tembang alit

b)

tembang gedhe

c)

tembang tengahan

d)

tembang anyar

e)

tembang lawas

20.

tembang macapat cacahe ana...

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

e)

13

21.

(1) Tanpa tuwas yen tiwas ing dumadi

(2) Dadi wong ina tan weruh

(3) Karana yen kebanjur

(4) Kajantaka tumekeng saumur

(5) Dheweke den anggep dayoh

Urutna supaya dadi tembang gambuh kang bener...

a)

1-3-2-4-5

b)

3-4-1-2-5

c)

3-4-1-5-2

d)

1-3-2-5-4

e)

1-5-2-3-4

22.

(1) Wantu wataking wewaton

(2) Pakartine wong amagang laku

(3) Kang wus lumrah limang wektu

(4) Susucine asaranasaking warih

(5) Sembah raga puniku

urutna supaya dadi tembang gambuh kang bener yaiku...

a)

1-3-4-2-5

b)

1-4-3-2-5

c)

5-2-4-1-3

d)

5-2-4-3-1

e)

5-1-4-3-2

23.

(1) Gagare ngunggar kayun

(2) Mring pamurunging kalakon

(3) Tan kayungyun mring ayuning kayun

(4) Bangsa anggit yen ginigit nora dadi

(5) Marma den awas den emut

urutna supaya dadi tembang gambuh ingkang leres yaiku....

a)

2-1-3-4-5

b)

2-5-4-3-1

c)

1-5-3-4-2

d)

1-3-4-2-5

e)

1-3-4-5-2

24.

Wong seger badanipun

.............................................................

Tumrah ing rah memarah antenging ati

Anyenging ati nunungku

Angruwat ruweding batos

Jangkepi supaya dados tembang gambuh yaiku...

a)

Mangkana mungsuh ingsun

b)

Otot daging kulit balung sungsum

c)

Sayekti luwih perlu

d)

Mring alaming alam amot

e)

Tekad kang padha linakon

25.

Samengko sembah kalbu

Yen lumintu uga dadi laku

Laku agung kang kagungan Narapati

..........................................................................

Meruhi marang kang momong

Jangkepi supaya dadi tembang Gambuh kang bener yaiku...

a)

Sing sapa temen kaprabon

b)

Mring jatining pandulu

c)

Kasusu arsa enggon

d)

Sayekti luwih perlu

e)

Patitis tetesing kawruh

26.

Asal-usul Desa Dukutalit iku kalebu perangane crita rakyat, yaiku....

a)

Hikayat

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Fabel

e)

Dongeng

27.

Panulis ing buku crita rakyat iku sejatine wong sing nyritakake maneh crita iku. Kang mangkana amarga crita rakyat iku...

a)

Statis

b)

Fiksi

c)

Kolektif

d)

Imajiner

e)

Anonim

28.

Gatekna crita ing ngisor iki!

Ing jaman semana ana cerita rakyat ing Kabupaten Pati, yaiku gambarake kisahe wong sekti nanging lugune ra ketulungan. Ing Jaman semana ana ing salah satunggaling Kecamatan yaiku Kecamatan Kayen.

Cuplikan crita kasebut diarani...

a)

Latar

b)

Alur

c)

Perwatakan

d)

Tema

e)

Amanat

29.

Posisi kang digunakake pengarang tumprap kedadeyan-kedadeyan ana ing sajroning crita jenenge....

a)

Alur

b)

Sudut Pandang

c)

Tema

d)

Latar

e)

Penokohan

30.

Unsur intrinsik sing menehi gambaran ciri-ciri blegere paraga jenenge...

a)

Alur

b)

Penokohan

c)

Sudut Pandang

d)

Tema

e)

Latar

31.

Cerita rakyat ana jenis-jenise. Ing ngisor iki kang ora klebu jinis cerita rakyat yaiku...

a)

Sejarah

b)

Mite

c)

Legendha

d)

Sage

e)

Fabel

32.

Cerita kang bangun sewu candi, kalebu jinis cerita...

a)

Sage

b)

Mite

c)

Hikayat

d)

Fabel

e)

Legendha

33.

Latar yaiku salah siji unsur intrinsik crita kang nudhuhake papan, wektu, utawa kahanan nalika dumadine crita. Latar ana telu yaiku latar panggonan, wektu, lan swasana. ing ngisor iki kang klebu latar panggonan yaiku...

a)

wayah esuk

b)

jam sanga bengi

c)

sepi mamring

d)

nandang wuyung

e)

plataran omah

34.

Pengarang nggunakake tokoh "Aku" mung dadi paraga panyengkuyung ana ing crita klebu tuladha perangan...

a)

gaya bahasa

b)

amanat

c)

latar

d)

alur

e)

sudut pandang

35.

Dongeng kapracayan jaman kuna, ana gegayutane karo dewa-dewi lan manungsa yaiku...

a)

mite

b)

fabel

c)

legendha

d)

sujarah

e)

sage

36.

Ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga pamaca bisa mangerteni moral kan becik lan ala diarani...

a)

didaktif

b)

religius

c)

estetis

d)

moralitas

e)

rekreatif

37.

Tokoh ing crita iku duweni karakter sing kudu dimangerteni dening pamaca utawa pamireng. Ing sajroning crita karaktere tokoh iku digambarake kanthi cara dramatik utawa analitik. Kanthi cara dramatik tokoh digambarake kanthi maneka cara nanging ora kanthi cara....

a)

langsung dening pengarang

b)

tindak-tanduke

c)

laku pikirane

d)

lingkungan kauripan

e)

dening tokoh liyane

38.

Reroncening kedadeyan sing menehi gambaran lumakuning crita jenenge...

a)

Alur

b)

Sudut pandang

c)

Tema

d)

Latar

e)

Penokohan

39.

Crita rakyat iku ora kaweruhan sapa sing nganggit, iku diarani...

a)

lesan

b)

kraton sentris

c)

kolektif

d)

turun temurun

e)

anonim

40.

ing ngisor iki crita kang jinise dudu dongeng yaiku...

a)

Perang Diponegoro

b)

Kancil lan Baya

c)

Keyong Mas

d)

Cindelaras

e)

Andhe-Andhe Lumut

41.

Unsur ing cerita ana unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Ing ngisor iki kang dudu unsur intrinsik yaiku....

a)

underan

b)

latar

c)

biografi

d)

amanat

e)

alur

42.

Jinise cerita rakyat yaiku mite, legendha, sage lan fabel. ing ngisor iki kang ora klebu cerita legendha yaiku....

a)

Dumadine Sendhang Panguripan

b)

Babad Diponegoro

c)

Asal-Usul Juwana

d)

Dumadine Desa Dukutalit

e)

Asal-Usul Semarang

43.

Crita kewan-kewan kang bisa ngomong kaya manungsa diarani...

a)

Mite

b)

Babad

c)

Legendha

d)

Fabel

e)

Sage

44.

Crita rakyat iku pancen bisa menehi lelipur. Nanging crita rakyat uga bisa menehi piguna kang luwih gedhe amarga cerita rakyat duweni munpangat rekreatif, didaktif, estetis, moralitas, lan religius. Dene cerita rakyat kang bisa menehi nilai kaendahan iku ateges duweni mupangat...

a)

rekreatif

b)

didaktif

c)

estetis

d)

moralitas

e)

religius

45.

Ing ngisor iki sing dudu crita babad yaiku...

a)

Babad Majapahit

b)

Babad Tanah Jawi

c)

Babad Mataram

d)

Babad Diponegoro

e)

Babad Tanah Leluhur

46.

Crita kang wis sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala mansane, ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit daiarani...

a)

dongeng

b)

crita rakyat

c)

wicaratama

d)

mite

e)

sage

47.

Crita ing ngisor iki sing kalebu fabel yaiku...

a)

Timun Mas, Si Kancil

b)

Kancil lan Merak, Keyong Mas

c)

Andhe-Andehe Lumut, Kucing Gering

d)

Cindelaras, Kancil Balapan Mlayu

e)

Si Kancil, Kucing Gering

48.

Dongeng utawa crita rakyat wujude crita kang arupa...

a)

Kethoprak

b)

Sandiwara

c)

Wayang

d)

Prosa

e)

Lelagon

49.

Tembung crita rakyat dumadi saka tembung folklor. Tembung folk tegese rakyat, dene lore tegese....

a)

piwulang

b)

pitutur

c)

rakyat

d)

amanat

e)

piweling

50.

Ing ngisor iki kang dudu titikane crita rakyat yaiku...

a)

Anonim

b)

Kolektif

c)

Dedaktif

d)

Turun-temurun

e)

Lesan

51.

Crita Rakyat kuwi duweni karakter Kolektif, tegese ....

a)

Diceritaake turun temurun

b)

Diceritaake kanthi lisan

c)

ora dingerteni sapa sing ngarang

d)

duweke masyarakat bebarengan

e)

duweni pesen kanggo dituladhani

52.

Crita Rakyat duweni karakter Anonim, anonim yaiku....

a)

Diceritaake turun temurun

b)

Diceritaake kanthi lisan

c)

ora dingerteni sapa sing ngarang

d)

duweke masyarakat bebarengan

e)

duweni pesen kanggo dituladhani

53.

Ing ngisor iki kang kalebu jinis crita rakyat miturut william R. Bascom yaiku...

a)

Dongeng

b)

Hikayat

c)

Crita jenaka

d)

Fabel

e)

Crita Wayang

54.

Dumadine Tlatah Nglimut kalebu jinis crita Rakyat....

a)

Sage

b)

Fabel

c)

Legenda

d)

Hikayat

e)

Dongeng

55.

Crita sing dianggep kadadeyan nyata, biasane crita mau ana petilasane kayata wujud wit, watu, panggonan, gunung, kali, kuwi diarani...

a)

Sage

b)

Fabel

c)

Legenda

d)

Hikayat

e)

Dongeng

56.

Bisa jupuk pengalaman kang becik saka niru para tokohe kuwi kalebu ...

a)

Karaktere crita rakyat

b)

Unsur intrinsik crita Rakyat

c)

Unsur ekstrinsik crita rakyat

d)

Jinising crita rakyat

e)

Ancase crita rakyat

57.

Crita rakyat duweni unsur intrinsik crita. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik Crita Rakyat yaiku...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Turun-temurun

d)

Latar

e)

Penokohan

58.

Ide pokok utawa permasalahan utama sing dhasari lakuning crita,diarani…

a)

Alur

b)

Tema

c)

Latar

d)

Penokohan

e)

Sudhut pandhang

59.

Ing ngisor iki Kang kalebu perangane latar yaiku….

a)

Wektu

b)

Maju

c)

Wong kapisan

d)

Antagonis

e)

Amanat

60.

Saka crita rakyat Nglimut, Ing sisih lor gunung Ungaran ana...

a)

Kumpulan para sodhagar

b)

Tlatah gemah ripah loh jinawe

c)

Tlatah kang gersang

d)

Warga kang padha cecongkrahan

e)

Masyarakat kang asring padu

61.

Saksampunipun mireng pawartos wonten papan kang subur makmur, para wong sugih sakiwa tengene banjur pingin pindhah, amarga..

a)

Pingin urip ning kana

b)

Pingin ngrusak panggonan kono

c)

Pingin plesiran ing papan kuwi

d)

Pingin mergawe ing papan kuwi

e)

Pingin nguwasani papan kuwi

62.

Gemah ripah loh Jinawi tegese....

a)

Tanduran padha mati

b)

Tanduran ora bisa seger

c)

Samubarang tetanduran padha mati

d)

Lemah kang subur

e)

Kali kang ora ana iwake

63.

Tlatah kuwi nyelamur dadi tlatah kang tuwuh namung sesuketan amarga sodhagar teka kanthi kepinginan....

a)

Plesiran

b)

Dagang

c)

Ningali

d)

Nguwasani

e)

Ngrusak

64.

Salebeting crita dumadine tlatah Nglimut, para sodhagar sugih padha kuciwa sakwuse tindak ing tlatah Nglimut amarga....

a)

Tlatahe gersang amarga wargane ora sregep ngolah

b)

Wargane akeh sing maling

c)

Wargane tumindake awon

d)

Asring tumempuh bencana

e)

Tlatah kana mung sesuketan ora subur

65.

Ingkang dipundakwa ngapusi dening sodhagar sugih, yaiku...

a)

Brandhal

b)

Anak buah

c)

Warga

d)

Kecu

e)

Sodhagar

66.

Sakliyane para sodhagar, inkang kepengin nguwasani tlatah kuwi yaiku...

a)

Para Aming tani

b)

Aming dagang

c)

Perangkat desa

d)

Para brandhal

e)

Para nelayan

67.

Tlatah kuwi nyelamur dadi tlatah kang tuwuh namung sesuketan amarga brandhal teka kanthi....

a)

Nepsu serakah

b)

Pingin ngreksa

c)

Pingin ngrumat

d)

Ngucapake syukur

e)

Weweh dhateng warga Kiwa tengen

68.

Tlatah Nglimut akeh sing pingin nguwasani amarga...

a)

Ana tambang emase

b)

Gemah ripah loh jinawi

c)

Ana gas bumi

d)

Ana curug

e)

Banyune kebak belerang

69.

Wektu kuwi wong wong ngarani Tlatah kasebut Nglimut, amarga ...

a)

Padha serakah

b)

Padha rukun ora cecongkrahan karo tanggane

c)

Nalika dicedhaki ngilang

d)

Lemahe gemah ripah loh jinawi

e)

Wargane padha sregep ngibadah

70.

Saka crita Nglimut, ana sipat sing kudu diadohi. kejaba....

a)

Lawamah

b)

Serakah

c)

Pingin nguwasani

d)

Rukun

e)

Gampang duka

71.

Ludruk, kethoprak, wayang kalebu drama ...

a)

Tragedi

b)

Modern

c)

Tradisional

d)

Komedi

72.

tari sintren duweni unsur mistis amarga ...

a)

penarine mahluk gaib

b)

nganggo kemenyan

c)

kudu angucap mantra

d)

penarine kesurupan

e)

ditindakake malem jumat kliwon

73.

Gabungan kabeh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya manungsa ana ing masyarakat sing bisa diwujudake liwat sinau yaiku ...

a)

budaya

b)

basa

c)

kabudayaan

d)

pagelaran jawa

e)

kesenian

74.

tarian sing asale saka pekalongan yaiku ...

a)

jaipong

b)

sintren

c)

gambyong

d)

jaranan

e)

kecak

75.

Gambar menika pagelaran jawa awujud

a)

Wayang Kulit

b)

Wayang Wong

c)

Srimulat

d)

Opera Van Java

e)

Wayang Golek

76.
Yen Bahasa Indonesia ana Pantun, yen basa jawa ana...
a)
parikan
b)
pepindahan
c)
bebasan
d)
geguritan
77.

Isa gambang ora isa nyuling

.................................................

a)

Isa ngendang ora isa nyanting

b)

Isa nyawang ora isa nyanding

c)

Isa ngomong ora isa aweh tuladha

d)

Isa ngarang ora isa mangsuline

78.

ingkang nyiptakaken wayang wong yaiku ...

a)

Mangkunegara I

b)

Mangkunegara II

c)

Mangkunegara III

d)

Mangkunegara IV

e)

Mangkunegara V

79.

Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasake endahe karya para seniman nanging kita uga bisa...

a)

Ngundhakake drajat lan pangkat

b)

Ngundhakake gelar lan martabat

c)

Ngundhakake gengsi lan prestisi

d)

Ngundhakake pangkat lan jabatan

e)

Ngundhakake ilmu lan kaweruh (pengetahuan)

80.

Cerita rakyat umumipun nyariyosaken ….

a)

Nasionalisme

b)

Asal usulipun panggenan

c)

Lelakon

d)

Paraga

e)

Kawontenan

81.

Cerita rakyat Rara Jonggrang nyariyosaken kerajaan ….

a)

Bandawasa

b)

Jonggrang

c)

Majapahit

d)

Mataram

e)

Prambanan

82.

Wayah enjing, siyang, sonten, dalu inggih menika latar ....

a)

papan

b)

panggonan

c)

swasana

d)

kahanan

e)

wektu

83.

Ingkang boten kalebet medhia iklan inggih menika ....

a)

layang kabar

b)

papan tulis

c)

kalawarti

d)

tv

e)

radhio

84.

Adine bapak utawa ibu diarani

a)

Sedulur

b)

Putu

c)

Paklik/Paman

d)

Ipe

e)

Maratuwa

85.

Bocah liyo kang diakoni anak jenenge...

a)

Anak angkat

b)

Anak kandung

c)

Anak mantu

d)

Anak kwalon

e)

Anak tunggal

86.

Pagelaran lakon wayang bisa dadi salah sawijine sarana panggulawentah ing babagan moral lan kautaman,Jalaran...

a)

pagelaran wayang ora mung asipat tontonan,ning uga tuntunan tumrap penonton

b)

pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara

c)

pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare nagara

d)

pagelaran wayang kang maneka warna jinise,bisa nambahi ilmulan kawruh tumrap para mudha

e)

pagelaran wayang mujudake sarana dramatrisasi teks carita wayang saka negara manca

87.

Lakon wayang utawa teks carita wayang kang kagelar kanthi njupuk sumbering carita saka tanah Indu,kasebut jinis wayang....

a)

wayang golek menak

b)

wayang purwa lan madya

c)

wayang beber lan panji

d)

wayang suluh utawa pembangunan

e)

wayang sadat lan wahyu

88.

Anane naskah pakem pedhalangan sesambungane karo teks lakon wayang,gunane kanggo

a)

nuntun para dhalang supaya bisa mahami urutane crita wayang sawutuhe

b)

nuntun para dhalang supaya asil pagelarane bisa luwih apik lan temata

c)

nuntun para dhalang supaya bisa ngurip-nguripi lakon wayang kanthi gampang

d)

nuntun para penonton supaya bisa mahami apa kekarepane ndalang

e)

nuntun para penonton supaya bisa krasan nonton pagelaran wayang

89.

Sing nggunaake basa ngoko yoiku...

a)

Bocah padha bocah

b)

Wong sing luwih tuwo marang sing luwih enom

c)

Wong enom marang wong tuwo

d)

Wong tuwo marang wong tuwo

e)

Murid marang guru

90.

Bapak.....sawah

a)

Menyang

b)

Tindak

c)

Lungo

d)

Kesah

e)

Maring

91.

Samengko ingsun lair

Sembah catur supaya lumuntur

Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki

Ing kono lamun tinemu

Tandha nugrahaning Manon

Gatra kaping tiga ngamot kagunan basa ….

a)

Purwakanthi guru basa

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru sastra

d)

Tembung garba

e)

Tembung rangkep

92.

Ing ngandhap menika pupuh saklebeting Serat Wedhatama, kajaba….

a)

Gambuh

b)

Pocung

c)

Asmaradana

d)

Sinom

e)

Kinanthi

93.

Sekar gambuh menika kadhapuk saking …. Gatra.

a)

8

b)

7

c)

6

d)

5

e)

4

94.

Guru lagu yaiku ....

a)

Cacahe baris saben pada

b)

Cacahe wanda/pocapan saben gatra

c)

Tibaning swara ing pungkasane gatra

d)

Menggoke wanda jumbuh kaliyan notasi

e)

Cacahe tembang

95.

Ing Sekar Gambuh, gatra ingkang guru lagunipun tiba swara suku/u inggih menika ....

a)

gatra : 1,2,3

b)

gatra : 2,3,4

c)

gatra : 3,4,5

d)

gatra : 1,2,4

e)

gatra : 1,2,5

96.

Serat Wedhatama anggitanipun ....

a)

KGPAA Mangkunegara IV

b)

KGPAA Mangkunegara VI

c)

Paku Buwana IV

d)

KGPAA Mangkunagara V

e)

R N Ranggawarsita

97.

Ingkang boten sasmitanipun sekar Gambuh inggih menika ....

a)

anom

b)

tambuh

c)

embuh

d)

imbuh

e)

kawruh

98.

gatra saklebeting sekar Gambuh ingkang guru wilanganipun wonten 10 wanda inggih menika ....

a)

larik kapisan

b)

larik kapindho

c)

larik katelu

d)

larik kapapat

e)

larik kalima

99.

ing pada kapisan sekar Gambuh ingkang kapethik saka Serat Wedhatama, "Samengko ingsun tutur, sembah catur supaya ...."

a)

luntur

b)

lungsur

c)

lumuntur

d)

jinantur

e)

kabur

100.

Sembah raga iku pakartine wong kang ....

a)

amagang laku

b)

amagang sunu

c)

amagang perlu

d)

amagang karya

e)

amagang kardi

101.

Cerita rakyat umumipun nyariyosaken ….

a)

Nasionalisme

b)

Asal usulipun panggenan

c)

Lelakon

d)

Paraga

e)

Kawontenan

102.

Cerita rakyat Rara Jonggrang nyariyosaken kerajaan ….

a)

Bandawasa

b)

Jonggrang

c)

Majapahit

d)

Mataram

e)

Prambanan

103.

Sak purnaning saking Ngrejasa menika Ki Ageng Posong banjur tindak Ponorogo konduripun mikul wit klapa wutuh sak godhong lan uwohipun, banjur dipuntandur. Kangge bukti nalika duginipun ing pesisir kidul sampun langkung dangu tinimbang Ki Ageng Petung lan Syeh Maulana Magribi. Manut wacan crita ing dhuwur, sanajan sampun pikantuk sasebutan piyayi luhur nanging tasih tumindak culika. Menika minangka bukti menawi manungsa kedunungan sifat ....

a)

Sujana

b)

Jujur

c)

Seneng weweh

d)

Murka

e)

Prasaja

104.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet unsur Intrinsik cariyos inggih menika ....

a)

tema

b)

amanat

c)

alur

d)

latar

e)

pamiyarsa

105.

wonten sambung raketipun kaliyan papan, wektu lan swasana kadadosan salebetipun cariyos, menika dipunarani ....

a)

tema

b)

alur

c)

watak

d)

amanat

e)

latar

106.

ing ngandhap menika ingkang boten kalebet unsur Ekstrinsik cariyos inggih menika ....

a)

agama

b)

sosial

c)

ekonomi

d)

politik

e)

budaya

107.

Alur maju (progresif) inggih menika alur ingkang nyariyosaken utawi nggambaraken kahanan ....

a)

sakmenika

b)

kala wingi

c)

mbesok

d)

sakmenika ngantos saklajengipun

e)

sakmenika kaliyan kala wingi

108.

Tandha-tandha utawi sipat ingkang dipun gadhahi dening saben paraga saklebetipun cariyos. Tandha pisik kados ing ngandhap menika. kajaba ....

a)

lemu

b)

kuru

c)

dhuwur

d)

endhek

e)

pinter

109.

Peran Tritagonis menika dipunarani ....

a)

paraga utama

b)

paraga baku

c)

paraga pokok

d)

paraga panyengkuyung

e)

paraga cengkah

110.

Wayah enjing, siyang, sonten, dalu inggih menika latar ....

a)

papan

b)

panggonan

c)

swasana

d)

kahanan

e)

wektu

111.

Pratelan ing ngandhap menika ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Pariwara inggih menika ….

a)

Namung nawakaken Produk lan Perusahaan

b)

Nawakaken sedaya Jasa

c)

Kangge maringi pesen Sesorah

d)

Kanggo maringi pesen panglipur

e)

Nawakaken Barang, Jasa, lan Papan Panggenan

112.

Piranthi ingkang surasanipun pangajak, ngelingaken utawi ngalarang sawijining bab ingkang gegayutan kaliyan tiyang katah. Kajaba seratan ingkang narik kawigaten gambar lan surasanipun kedah saged aweh kawigaten menika dipunwastani….

a)

Pariwara

b)

Poster

c)

Pawarta

d)

Wara-wara

e)

Geguritan

113.

Pariwara ingkang basanipun lan isinipun namung seratan singkat kalebet pariwara ….

a)

Nonkomersial

b)

Komersial

c)

Poster

d)

Layanan Masyarakat

e)

Baris

114.

Ing ngandhap menika ingkang boten kalebet ancasipun pariwara inggih menika ….

a)

Nambahi wekdal adicara

b)

Maringi informasi

c)

Pangajak-ajak

d)

Ngemutaken/ngelingaken

e)

Maringi tambahan biji

115.

Tembung ing ngandhap menika ingkang tegesipun sami kaliyan Iklan inggih menika ....

a)

protokol

b)

panatacara

c)

pawarta

d)

pariwara

e)

adicara

116.

Ingkang boten kalebet medhia iklan inggih menika ....

a)

layang kabar

b)

papan tulis

c)

kalawarti

d)

tv

e)

radhio

117.

Iklan baris inggih menika boten langkung saking ....

a)

1-2 gatra

b)

3-4 gatra

c)

5-6 gatra

d)

7-8 gatra

e)

9-10 gatra

118.

gambar menika nedahaken iklan ....

a)

Informatif

b)

Persuasif

c)

Reminder

d)

papan panggenan

e)

jasa

119.

Pariwara Layanan Masyarakat menika kalabet jinis ingkang ....

a)

pangajak-ajak

b)

ngelingaken

c)

nglarang

d)

ngemutaken

e)

iklan baris

120.

Pariwara menika kalebet jinis pariwara ingkang ....

a)

Informatif

b)

Persuasif

c)

Reminder

d)

Produk

e)

Jasa

121.

Tembang kang tegese jumbuh/ sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing pada duweni tresna diarani ...

a)

gambuh

b)

dhandhanggula

c)

sinom

d)

pangkur

e)

mijil

122.

Paugerane tembang macapat yaiku:

a)

Guru lagu, guru sastra, lan guru wilangan

b)

Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

c)

Guru swara, guru sastra, lan guru gatra

d)

Guru gatra, guru sastra, guru lagu

e)

Guru wilangan, guru sastra, guru basa

123.

Gatekna tembang gambuh ing ngisor iki!

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki

Ing kono lamun ketemu

Tandha nugrahaning Manon


Guru wilangan lan guru lagu gatra kapindho lan kapapat tembang ing dhuwur yaiku…

a)

7u lan 10u

b)

10u lan 12i

c)

12i lan 8o

d)

10u lan 8u

e)

8u lan 8o

124.

Gatekna tembang gambuh ing ngisor iki!

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki

Ing kono lamun ketemu

Tandha nugrahaning Manon


Wos surasaning tembang ing ndhuwur yaiku …

a)

wujud sembah raga cipta jiwa rasa

b)

Satitekna apa kang tak andharake

c)

Iku wujud kanugrahan Gusti

d)

Andharan babagan sembah patang prakara

e)

Welingku nindakna patang prakara supaya entuk kanugrahan Gusti

125.

Swara utawa tandha sing bisa nggambarake endhek dhuwuring swara diarani:

a)

titi laras

b)

laras

c)

cakepan

d)

pathet

e)

cengkok

126.

Sing dudu sasmitane tembang gambuh yaiku:

a)

embuh

b)

jumbuh

c)

imbuh

d)

mungkur

e)

kambuh

127.

Lakuning tembung sawarna kang awujud pirang-pirang pada minangka peranganing crita diarani…

a)

gatra

b)

laras

c)

irama

d)

pada

e)

pupuh

128.

Guru gatra tembang gambuh ana …

a)

Setuggal gatra

b)

Kalih gatra

c)

Tigang gatra

d)

Sekawan gatra

e)

Gangsal gatra

129.

Satunggaling cara kanggo masarake produk utawa jasa dhateng bebrayan agung, bisa lumantar …

a)

Pawarta

b)

Kampanye

c)

Pariwara

d)

Pranatacara

e)

Pamedhar sabda

130.

Kabeh wong padha kepingin nggatekake iklan kasebut saben disiyarake. Yen mangkono iklan iku bisa…

a)

Narik kawigaten

b)

Gampang dimangerteni

c)

Gamblang

d)

Mencutake

e)

Cekak aos

131.

Anggone nyawisake iklan bisa lumantar medhia cithak, kayata:

a)

Layang kabar, baliho, kalawarti

b)

Media sosial, TV, ariwarti

c)

Kalawarti, radhio, internet

d)

Ariwarti, TV, radhio

e)

Internet, radhio, brosur

132.

Cara gawe iklan kang becik ana maneka warna, kajaba …

a)

Nyata

b)

Narik kawigaten

c)

Mencutake

d)

Gawe seriking prodhusen liya

e)

Gamblang

133.

Adhedasar medhia kang digunakake, iklan kaperang dadi 2, yaiku:

a)

Animation lan live action

b)

Stop action lan above the line

c)

Iklan baris lan iklan kolom

d)

Above the line lan below the line

e)

Iklan cetak lan iklan elektronik

134.

Iklan kang migunakake medhia khusus kayata: pposter, spandhuk, lan stiker diarani iklan …

a)

Below the line

b)

Above the line

c)

Animation

d)

Live action

e)

Stop action

135.

Iklan kang surasane kanggo njlentrehake katranganing prodhuk utawa kaunggulan produk kang wis ana diarani …

a)

Iklan informatif

b)

Iklan persuasif

c)

Iklan reminder

d)

Iklan leladi jasa

e)

Iklan komersial

136.

Sajroning iklan “Bal Mitre” ing dhuwur ana tetembungan kang kleru panulise (kajaba) , yaiku:

a)

monggo-monggo kudune mangga-mangga

b)

Regone dadi regane

c)

Mantep dadi manteb

d)

Saget dadi saged

137.

Kang dudu titikane iklan persuasif yaiku …

a)

Nganjurke supaya tuku

b)

Ngajak-ajak supaya nggunakake prodhuk

c)

Mbujuk supaya tuku

d)

Ngandharake katranganing produk

e)

Nyipta rasa senenging konsumen saengga gelem tuku

138.

Iklan reminder yaiku satunggaling iklan kang nduweni ancas kanggo …

a)

Ngelingake utawa nyurung konsumen supaya tuku maneh barang kang ditawakake.

b)

Menehi informasi ngengingi katranganing prodhuk

c)

Mbiwarakake owah-owahaning rega lan kemasaning prodhuk

d)

Nganjurake supaya tuku

e)

Nyipta rasa seneng marang prodhuk.

139.

Bab kang ora trep ngengingi pariwara ing ndhuwur yaiku ….

a)

sadhel sepedhah TDR 2017 ora atos

b)

sepedhah TDR 2017 diimport saka mancanegara

c)

sepedhah TDR 2017 mesthi awet

d)

rante sepedhah TDR 2017 kenceng

e)

pedhal sepedhah TDR 2017 kuat

140.

Ancas pariwara ing ndhuwur yaiku ….

a)

nawakake rante sepedhah

b)

nawakake sadhel empuk

c)

milut masarakat supaya tuku sadhel sepedhah

d)

milut masarakat supaya tuku sepedhah TDR 2017

e)

milut masarakat supaya nyewa sepedhah TDR 2017