WorksheetsReview - Latihan Soal Bahasa Jawa
Total questions: 15
Worksheet time: 10mins
Bapak : “Nur, ibumu wis mulih?”
Nurni : “Wis, saiki lagi turu.”
Wangsulane Nurni ora bener unggah- ungguh basane, kang bener yaiku ....
Sampun, sapunika nembe turu
Sampun, sapunika lagi sare
Sampun, sapunika saweg tilem.
Sampun, sapunika nembe sare.
Pakdhe menika kula .... Bapak ....sedhahan”.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku ....
dikengken - maringaken
dipunutus - ngaturaken
dipundhawuhi - menehaken
dipunkengken - nyaosaken
Ibu ..... oleh-oleh budhe.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
menehi
nyaosi
nyukani
maringi
Bu Lurah kesah dhateng kabupaten numpak becak.
Ukara menika unggah-ungguhipun basa ingkang leres ....
Bu Lurah tindak dhateng kabupaten numpak becak
Bu Lurah tindak dhateng kabupaten nitih becak
Bu Lurah tindak menyang kabupaten nitih becak
Bu Lurah kesah menyang kabupaten numpak becak
Dokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888. Nalika iku rama lan ibune maringi asma Sobroto. Soebroto cilik kalebu bocah sing nduwe rasa nasionalisme kang dhuwur. Rikala isih timur kagungan gegayuhan kang luhur tumrap bangsane, yaiku kamardikane bangsa Indonesia.Sawise namatake sekolah lanjutan, Soetomo banjur nerusake sekolah tinggi ing STOVIA Jakarta.
Manut wacan ing dhuwur asma asline Dr. Soetomo yaiku….
Soebroto
Soedirman
Soenardi
Soebono
Dokter Soetomo miyos ing Nganjuk tanggal 30 Juli 1888. Nalika iku rama lan ibune maringi asma Sobroto. Soebroto cilik kalebu bocah sing nduwe rasa nasionalisme kang dhuwur. Rikala isih timur kagungan gegayuhan kang luhur tumrap bangsane, yaiku kamardikane bangsa Indonesia.Sawise namatake sekolah lanjutan, Soetomo banjur nerusake sekolah tinggi ing STOVIA Jakarta.
Gegayuhane Dr. Soetomo nalika isih cilik yaiku...
Ngedegake organisasi sepisanan
Kamardikane bangsa Indonesia
Ngedegakake organisasi pemudha
Nganakake kongres pemuda Indonesia
Raden Arjuna (janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude Satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka symbol amal becik. Amal becik ora pisah klawan swarga (Jannah). Mula, sapa sing kepingin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntutaning agama kanthi temen.
Manut wacan ing dhuwur Raden Arjuna Prabu ing ….
Pandhu
Jannah
Madukara
Hastinapura
MANGSA KETIGA (Dening: Aris Irianti)
Mangsa Ketiga wis teka
Sawah-sawah padha nela
Ora bisa ditanduri
Kamangka kita butuh pari
Tegalan ya semono uga
Arep ditandur ana tela
Thukule amung suket teki
Dhuh Gusti paringana rejeki
Amung kangge nedha
Anak putu lan keluarga
Mugio kanthi angin kang gumanti
Panjenengan tansah maringi
Margi kang amba
Wonten ing mangsa ketiga menika
(PS No.38 - 23 September 2017)
Tema kang mathuk kanggo geguritan kasebut yaiku....
Mangsa ketiga
Sawah ora bisa ditanduri
Among tani
Keluarga
Gatekna teks geguritan iki!
Buku iku sumbere ilmu
Bisa dadi gantine guru
Tanpa buku, siswa ora bisa maju Sumbering kawruh tumprap sing ngeluru Mundhak kawruhe, tambah wasise lan pintere Ya merga saka buku
Buku ora kena kanggo lemek tahu
Kudune diwaca lan disinau
Sing ora seneng maca buku kuwi wong sing mblilu
Yen kepengen sugih ilmu
Ya kudu taberi anggone sinau Guru ora bisa pisah karo buku Jagading pendhidhikan ora bisa uwal Ninggalake buku sing mutu
Pesen utawa amanat kang kinandhut saka geguritan ing dhuwur yaiku ....
Yen kepingin sugih kudu maca buku
Buku bisa digawe bunthel tahu
Yen kepingin pinter kudu sregep maca buku
Jagading pendhidhikan ora bisa uwal saka buku
Gatekna teks geguritan iki!
Buku iku sumbere ilmu
Bisa dadi gantine guru
Tanpa buku, siswa ora bisa maju Sumbering kawruh tumprap sing ngeluru Mundhak kawruhe, tambah wasise lan pintere Ya merga saka buku
Buku ora kena kanggo lemek tahu
Kudune diwaca lan disinau
Sing ora seneng maca buku kuwi wong sing mblilu
Yen kepengen sugih ilmu
Ya kudu taberi anggone sinau Guru ora bisa pisah karo buku Jagading pendhidhikan ora bisa uwal Ninggalake buku sing mutu
Tema kang mathuk kanggo geguritan kasebut yaiku ....
Buku
Pendhidhikan
Siswa
Guru
Raden Arjuna (janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude Satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka symbol amal becik. Amal becik ora pisah klawan swarga (Jannah). Mula, sapa sing kepingin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntutaning agama kanthi temen.
Jenenge Raden Janaka minangka simbol ….
Jannah
swarga
Satriya bagus
Amal becik
Gotri ala gotri nagasari-ri
Riwul awul-awul jenang grendul-dul
Dolan awan-awan ndelok manten-ten
Titenana mbesuk gedhe dadi apa-pa
Podheng mbako enak mbako sedheng-dheng
Dhengklek eklak-eklek dadi kethek
Tembang ing dhuwur kalebu tuladhane tembang ….
Dolanan
Gedhe
Macapat
Tengahan
Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, Narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara. Kang rinembug murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laskmana.
Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.
Kang rinembug ing pasewakan yaiku ....
palapurane Resi Jatayu
ature Narpati Sugriwa
panemune Raden Laksmana
ilange Dewi Sinta
Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, Narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara. Kang rinembug murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laskmana.
Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.
Andharan ing ngisor iki kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....
Anoman diutus merangi raja yaksa Negara Ngalengka.
Anoman diutus nakyinake kaanane Dewi Sinta.
Anoman diutus ngrangket wadya bala raseksa.
Prabu Rama milih Kapi Anoman minangka senopati.
Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana Widagda, Narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara. Kang rinembug murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laskmana.
Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.
Inti sarine paragraf siji yaiku ....
Jatayu atur palapuran manawa kang ndhusta Dewi Sinta yaiku Prabu Dasamuka
Prabu Ramawijaya kaadhep dening Raden Laksmana Widagda, Narpti Sugriwa, lan sawetara bala wanara.
Prabu Ramawijaya nyarujuki supaya ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka.
Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing negara Ngalengka.
